Cerpen Bahasa Jawa

Cerpen bahasa Jawa ini ditulis oleh Sutardi MS Dihardjo. Info lebih lanjut mengenai penulis dapat Anda lihat dibagian bawah artikel ini.

Crita Cekak:
Pak R T
Dening: Sutardi MS Dihardjo

Satemene ayahan iki ora angel, nanging amarga tanggung jawabe kang gedhe kathik nggendhong resiko kang abot, mula ya dadi abot kang bakal nindakake. Ya amarga ayahan kang kaya mangkene iki njalari akeh wong padha ora wani dadi ketua RT. Malah kepara sing wis kebacut dadi ketua RT banjur nyelehake kalungguhane. Yen ana pilihan ketua RT trima ndhelik, nglungani ben ora dipilih. 

Sepirata angele ngluwengi jawaban pitakonan-pitakonan ngenani kahanane wargane. Jawaban wis ana, kari milih dijumbuhake karo kahanan kang bisa disawang ing saben dinane. Dikarang saka ngomah wae bisa. Nanging angele, amarga satemene mung sethithik banget, utawa meh ora ana wargane sing bisa mlebu ing kriteria kaya sing dikarepake ing kuesener sing kudu ditakokake marang wargane. Mangka ing papan-papan liya senajan ora mlebu criteria, wong-wong ya tetep dilebokake lan ya entuk bagian. Iki sing njalari atiku judheg. Sebab yen nganti mung sethithik wargaku sing katut kamangka ing papan liya, senajan luwih adoh saka kriteria lan luwih nduwe, kanyata akeh sing katut, harak aku mengko sing disalahke dening warga. Dikira ora mbiyantu merjuangake wargane, dupeh awake dhewe wis dadi pegawe negeri, wis ora butuh. Dikira Pak RT ora bisa nyambut gawe. Pancen angel ngadhepi wong-wong sing wis suda rasa isine. Ora isin dianggep wong kesrakat senajan satemene apa-apa ya sarwa nduwe, waton bisa melu nampa bantuan utawa bisa ngrasakake pelayanan gratis.  Wis ora nggagas yen dilebokke ewone wong sekeng, jer kancane ya akeh. Ora ngijeni.

Kaya ing wektu iki. Judheg tenan atiku, bingung tenan pikirku! Antarane pikir lan rasa padha tarung golek menang. Kamangka aku ora duwe pamrih apa-apa, kejaba mung golek bener kang pener, senajanta ora bener banget. Amarga yen golek bener temenan, paling mung ana telung KK wargaku kang katut. Mangka manut kuota utawa jatah kang ana, kanthi adhedhasar panaliten kang uwis kudune ana sepuluh KK.

Kedadeyan iki kawiwitan saka dhawuhe pak Lurah ing Bale Desa nembe iki marang para ketua RT, kalebu aku, kanggo nganakake panaliten  identifikasi pemutakhiran data peserta askeskin. Cetha dhawuhe pak Lurah: “Bapak-bapak RT, dasare panaliten daftar tiyang ingkang nampi BLT  Subsidi BBM  ingkang sak punika sampun panjenengan asta. Panjenengan kula aturi mriksani, punapa kawontenanipun sak punika tasih kalebet tiyang kekirangan punapa sampun mlebet tiyang kacekapan. Menawi kawontenanipun sampun benten, saged dipun alihaken warga sanes ingkang langkung kekirangan”.

Mangkono dhawuhe pak Lurah. Cetha lan gampang diucapake. Nanging kanyata abot nggone arep nindakake. Nuhoni dhawuhe pak Lurah, sing dhisik dhewe dak parani neng ngomahe pak Kawit. Kebeneran omahe bukakan. Pak Kawit ya ana ngomah lagi ngrungokake campur sari sing disiarake sawijining setasiun radio. Kanthi gupuh pak Kawit mapag tekaku nanging sajak kewuhan sing arep mapanake lungguhku. Dak amati omahe, jobine isih jogan saka lemah. Ing kamar tamu sing ngiras dadi kamar turu mung ana amben pring gedhe meh ngebaki kamar tamu, katambahan meja  siji kanggo wadhah radio lan buku-bukune anakke. Wangune iki mujudake meja belajar. Nanging atase duwe anak sekolah loro cacahe kursine mung ana siji.

Pak Kawit sing lagi nglungguhi kursi age-age ngadeg menehake kursine marang aku, “Mangga pak RT kula aturi lenggah!” Pak Kawit ninggalke kursine banjur marani  radione kanggo mateni siaran kasenengane. Aku ora age-age lungguh, rasane ora tegel.

“Lha Pak  Kawit, lajeng lenggah wonten pundi?” pitakonku, “Mangka kula pengin sekedhik nyuwun pirsa kagem ngisi kuesener niki.”

“Pun kula cekap ngadeg ngenten mawon mboten napa-napa,” kandhane Pak Kawit ngalah.

Aku banjur lungguh najan rasane kikuk kaya ora tegel-tegela. Siji mbaka siji pitakonan kuesener dak takokake. Wangsulane ora beda karo sing wis dak pikir saka ngomah. Pancen satemene pak RT kuwi kudu ngerteni kahanane wargane, apa maneh babagan panguripane wargane sing kesrakat.
“Niki sing pungkasan Pak Kawit, pitakonan nomor 14: Pemilikan asset / harta bergerak / harta tidak bergerak. Pilihan jawabanipun: A. Tidak punya tabungan maupun harta yang bisa dijual; B. Tidak punya tabungan / tidak punya barang / harta senilai minimal Rp. 500.000,- bila dijual; C. Punya barang / harta bila dijual bisa laku lebih dari Rp. 500.000,- Pripun jawabane, Pak Kawit?”

“Wah yen niku ewuh aya sing ajeng njawab, pak RT. Yen sing ketingal ten griya mriki nggih ming radio sing mboten sepintena pengajine niki. Ning kula tasih gadhah sabin setugel pathok yen disade saged langkung saking limang atus ewu rupiah. Ning niku asil panene ‘ngge jagan mangan lan butuh. Niku mawon tasih kirang, napa  badhe kula sade? Tur malih mengko yen kula jawab “C” gek mangke kula mboten kelebet tiyang sing badhe angsal kertu miskin niku. Saene nggih diisi jawaban A mawon, pak RT,” jawabe Pak Kawit blaka suto njaluk diisi jawaban dora sembada.

Rampung neng nggone Pak Kawit aku genti neng nggone Cempluk sing manggon neng omah bubrah tanpa lawang tanpa cendhela. Samubarang bisa ditonton saka ndalan. Iki pancen wargaku sing paling sekeng. Omahe kabeh semplok bobrok ora didandani. Pengurus RT lan RW wis tau rapat lan ngrancang kanggo nggawekake gubug ing cerake omah bobrok sing samubarange sarwa tuwa kropos lan angel didandani kuwi. Nanging pak Lik-e ora ngentukake. Jare kuwi dudu duweke Cempluk. Cempluk kuwi anak ora sah, ora duwe hak nampa warisan.

Pancen mbokne Cempluk kuwi wong ora waras, wong edan. Senajan edan nom-nomane bisa digolongake duwe rupa ayu. Tau minggat pirang-pirang sasi. Mulih-mulih mbokne Cempluk wis metengke Cempluk. Manut Pak Like, wong edan lan anak ora sah kuwi ora duwe hak waris. Sak wise dak inguk ngendi-ngendi papan ing omah iku Cempluk ora katon, aku enggal ninggalke omah kuwi, wedi yen ngerti-ngerti temboke ambruk utawa payone ambleg nibani awakku. Banget mrihatinake. Memper yen Cempluk ora krasan neng ngomah. Yen awan buruh umbah-umbah, yen bengi dadi wanita pelanyahan. Ya awit ora krasan neng ngomah lan kanggo nyambung uripe sing mung ijen tanpa kanca. Dak putuske, wis ora perlu dak takokke kuesenere, aku wis ngerti  jawabe. Dak luwengane dhewe. Tanda tangane cukup dak orek-orek dhewe.

Aku banjur ganti neng nggone Mbok Noyo. Ora beda karo sing uwis-uwis. Omahe mbok Noyo sing statuse isih ngindung durung sertifikat dhewe iki ya nrenyuhake ati. Jogan lemah, tembok bata durung diplester. Omahe ciut kamangka dienggoni karo anak lan putune. Dak bayangake yen bengi mendah jejel riyel umpel-umpelan. Njur piye putu-putune sing arep sinau? Gek lampune mung saka teplok sing njalari gedhek pembatese kamar katon ireng nglanges. Sidane aku mung cukup njaluk cap jempol pinangka gantine tanda tangan amarga Mbok Noyo wong buta aksara.  Isian kuesener bisa dak karang saka ngomah.

Kanggo nekani wong telu kuwi  mau lan banjur nglebokke neng golongane wong sing entuk jatah kertu  askeskin apa BLT apa raskin, ora masalah ora bakal ana wong sing meri. Nanging kanggo nekani wong-wong sing liyane sing uga wis mlebu daftar penerima BLT sing dak cekel, aku dadi  wiwit bingung lan miris. Wong-wong iki ora klebu mlarat banget ning ya ora klebu wong sugih yen ditonton saka penghasilane kepala keluarga. Nanging yen ditonton saka kahanan omahe genah wis ora ana sing bisa mlebu kriteria saka BPS (Biro Pusat Statistik). Kamangka sing liyane, sing ora mlebu ing daftar kuwi ana sing luwih mlarat lan kesrakat uripe. Aku dadi judheg lan mung dheleg-dheleg neng ngomah. Arep mubeng ora wani. Wedi yen nganti dirubung warga njaluk supaya dilebokake daftar  marga meri karo tanggane sing rumangsane ora luwih mlarat kok bisa didaftar. Kamangka kuota utawa jatah manut ngendikane pak Lurah wis dipas. Yen owah bisane mung suda ning ora bisa tambah. Dadi pak RT ing kahanan kaya mangkene iki, diunek-unekke warga nganti tekane diancam arep diantemi mujudake bab kang ora aneh. Resiko jabatan jarene salah sawijine tokoh masyarakat ing wilayahku, sing jebul ya ora wani mikul jabatan ketua RT, senajan sadurunge pensiun nate dadi kepala  Kantor Pembangunan Masyarakat Desa ing kabupaten.  

Sidane mung dak karang wae saka ngomah wong-wong sing bisa mlebu img daftarku. Isine kuesener dak iseni  dhewe adhedhasar pengamatanku sabendinane. Tanda tangane dak  orek-orek dhewe. Ana wong loro sing maune mlebu daftar saiki arep ora dak lebokke dak ganti wong liya kanthi pertimbangan kang njlimet. Nanging bab iki isih dak limbang-limbang  durung bisa dak putusake. Sirahku krasa cekut-cekut. Dumadakan keprungu wong ndhodhogi lawang. Dak inguk jebul Mbah Marto ndhodhogi lawangku njaluk mlebu. Ing mburine nginthil Lik Mardi, Pakdhe Sarto lan Mas Surip.

“Mangga…mangga, mlebet! Wonten napa Mbah Marto, Lik Mardi, Pakdhe Sarto, lan Mas Surip, kok sami gembrudug?” pitakonku karo mbagekake Mbah Marto sak kancane lenggah ing ruwang tamu.  Dak sawang Mbah Marto lan wong-wong sing bareng wis pasang ulat sajak ora kepranan atine. Atiku wiwit krasa ora kepenak. Nanging dak tatag-tatagake ngdhepi wong-wong kuwi mau. Batinku, yen ora ana bab kaya mangkene iki ceneh wong-wong ora padha wedi dadi pak RT. Ing kene kawicaksanane pak RT diuji.

“Ngenten, pak RT. Njenengan niku ampun ngowahi sing ‘pun wonten. Ampun nyorek hak-e tiyang ingkang sampun wonten lajeng digantos tiyang sanes sing kulina kalih penjenengan!” kandhane Mbah Marto sora nyengeni aku.

“Niki perkarane napa, Mbah Marto? Kula kak ora dhong,” kandhaku nambuhi.

“Njenengan rak nembe ndaftar tiyang-tiyang sing badhe nampi bantuan BLT BBM niku ta? Riyin sak derenge njenengan dadi pak RT, kula, Mardi, Sarto, lan Surip niku klebet tiyang sing nampi bantuan BLT. Njenengan rak nembe mubeng to? Niki wau kula tengga-tengga ten nggriya kok njenengan mboten rawuh-rawuh. Ateges kula pun njenengan coret nggih? Mboten mlebu daftar nggih? Terus diganti sinten? Mas Wahono, sedhereke njenengan niku? Inggih? Leres?” pitakone Mbah Marto sajak dadi juru bicarane wong-wong sing padha protes kuwi, kaya mercon rentengan sing arep mbledhosake kuping. Nggumunke, rancangan daftar lagi dak gawe, durung kawetu nyang sapa wae nanging iki Mbah Marto sak kancane kok wis ngerti dhisik.

“Kok aneh, Mbah? Kula niku dereng mubeng ten pundi-pundi, nembe ten nggene Pak Kawit, Cempluk, lan Mbok  Noyo, kok njenengan ngerti yen njenengan dicoret lan diganti jenenge Mas Wahono, sing ngandhani sinten?” pitakonku kanggo mentahke pandakwane Mbah Marto.

“Mesthi! Kula pun nduga. Mas Wahono niku harak  mas ipene pak RT, mesthi dilebokake. Lan kula mesthi sing dicoret. Pak RT rak pun nate ngendika yen petugas statistik sing nyurvey lan nglebokake kula kelebet daftar maskin niku keliru. Rak ngonten ta, pak RT?” pitakone Mbah Marto.

“Nggih leres Mbah Marto. Cobi sak niki njenengan tingali kanthi jujur! Mbah Marto niku ndherek putra, ndherek Pak Tono sing kakung-putri sethithik-sethithik saged nyambut damel buruh lan bakul. Lan putrane Pak  Tono sak niki tiga-tigane sampun mboten sekolah, kepara malah sampun cekel gawe sedaya ra ketang ten swasta. Mangka griyane Pak Tono sing didhereki Mbah Marto niku pun sae, temboke plesteran, jobine pun keramik. Lajeng saumpami Mbah Marto gerah, gedhene nganti mondhok ten griya sakit, mesthi kemawon putra wayah mboten negakaken. Tetep badhe nambakke nganti sak kuwate. Nanging cobi yen sing sakit niku Mas Wahono utawi keluargane, sinten sing ajeng ngragadi? Kamangka Mas Wahono tasih mbetahaken wragad kagem putra-putrane sing tasih sekolah.”

“Nanging Mas Wahono niku rak kangmas ipe penjenengan, pak RT. Berarti penjenengan niku KKN ! Mentingke sedulure dhewe !” kandhane Mbah Marto protes.

”KKN niku yen Mas Wahono niku sak jane mboten mlebet kriteria lajeng kula peksa dilebetke, ngawonaken tiyang sanes sing langkung pantes, langkung nggadhahi hak. Lha niki mboten. Mas Wahono sing ing wedal niki lagi dados pengangguran kenging PHK, dadi buruh lepas mboten saben dinten wonten tiyang kongkon, langkung pantes tinimbang Mbah Marto. Punapa malih griyane Mas Wahono nggih langkung awon tinimbang griyane Pak Tono,” kandhaku menehi pangerten sing bener.

“Ning anu, pak RT. Njing mben yen Mas Wahono nampi arta BLT kula nggih kudu dibagei ra ketang ming setelon, amargi niku  rak jatah kula,” kandhane Mbah Marto mesa ora trimo yen ora dikatutke ing pendaftaran askeskin iki.

“Mbah Marto, pendaftaran niki mboten kok ndaftari tiyang-tiyang sing badhe nampi bantuan langsung tunai subsidi BBM kaya sing empun. Nanging pendaftaran niki naming ndaftari tiyang sing badhe nampi kertu askeskin, kertu kagem wong miskin kagem berobat kanthi gratis ten Puskesmas utawi ten rumah sakit pemerintah. Kertu niku mboten wonten ginane yen sing kagungan sehat-sehat mawon. Sing penting awake dhewe saged njagi kesehatan, kagungan kertu menapa mboten, mboten wonten bentenipun. Dados njenengan ampun salah tampi. Mboten wonten tiyang ingkang badhe dum-dum dhuwit. Lan niki mboten hak-e tiyang-tiyang sing riyin nate nampi BLT sing kathah salah sasaran niku, nanging satemene niki jatahe tiyang-tiyang miskin ing kahanan wektu niki. Rumiyin miskin nampi BLT, menawi sakniki pun kacekap, nggih mobten berhak nampi Askeskin niki. Ngertos, Mbah Marto?” 
“Nggih sampun yen ngonten,” kandhane Mbah Marto pasrah marang keputusanku.

“Lha yen kula pripun, pak RT?” pitakone Lik Mardi, Pakdhe Sarto lan Mas Surip bareng, kaya semelang yen ora oman keterangan kanggo sangu mulih.

“Lik Mardi, mboten perlu semelang. Penjenengan isih tetep katut. Pakdhe Sarto semanten ugi. Kagem Mas Surip, nyuwun pangapunten. Kula wawas gesange penjenengan sak punika pun langkung sekeca. Malah sakniki pun saged ngeramik jobine senajan nembe kamar tamu. Putrane njenengan nggih pun wonten sing mlebet nyambut damel. Dados kepekso penjenengan ajeng kula gantos Mas Darjo sing wiyata bakti dados penjaga SLB, mboten kagungan griya lan trima manggen ten ruangan kelas sing mboten diagem. Pripun, rila nggih?”

“Nggih sampun kula manut. Menawi ngaten, pak RT kula sedaya nyuwun pamit. Nyuwun pangapunten.” Kandhane Mas Surip karo mamitake kanca-kancane.

Mbah Marto, Lik Mardi, Pakdhe Sarto lan Mas Surip  bali mulih. Mbuh apa sing dipikir lan piye tumanggape marang aku, pak RT anyar sing nyoba ngowahi tatanan sing wis ana sing kurang pener. Mung emane ing kene aku kudu masang ipeku sing bisa ditembak kanthi pawadan KKN kanggone wong sing ora mudheng. Nanging apa iya, yen sedulure pak RT senajan mlarat ngempet pisan ora duwe hak dilebokake golongane wong miskin sing duwe hak nampa bantuan, mung marga pak RT wedi didakwa KKN? Kok mesakake temen dadi sedulure pak RT yen kaya mengkono kuwi. *** 

         Penulis: Sutardi MS Dihardjo / Masdi MSD )
         Alamat: Dk. Bendogantungan II, RT 02 / RW 07
         Desa Sumberejo, Kec. Klaten Selatan
         KLATEN 57422   (JAWA TENGAH)
         Nomor HP. 085642365342
         Email : sutardimsdiharjo@yahoo.com

Related posts:

No response yet for "Cerpen Bahasa Jawa"

Post a Comment