Kumpulan Cerita Bahasa Jawa Bagian II

Artikel cerita bahasa Jawa berikut ini merupakan lanjutan dari artikel kumpulan cerita bahasa Jawa bagian pertama.

JI RO LU
Dening: Sutardi MS Dihardjo/Masdi MSD

Padhange mbulan ndadari saya mateng. Bundere saya kepleng. Sunare rembulan kang warna kuning saya suwe saya putih saya njingglang nyiram plataran lan dalan-dalan.  

Arief lan Hendy anggone mlaku-mlaku sinambi nyanyekake tembang-tembang nganggo suling lan harmonika wis kemput ngubengi desa mesisan gawe ngampiri kanca-kancane. Siji mbaka siji kanca sing ketekan padha metu banjur nggabung. Malah ana sing durung ketekanan wis ngadang ana ngarep omah.  Mbareng wis akeh kancane, saiki ora mung swara suling lan harmonika thok sing keprungu, nanging uga swara gitar, ketipung, icik-icik lan swara bocah nembang nyanyekake lirik lagune. 

Sejatine anggone padha tetembangan turut dalan kuwi saliyane kanggo seneng-seneng nyalurake jiwa senine iya dadi sarana kanggo nglumpukake kanca-kanca. Sawise nglumpuk, bocah-bocah kuwi padha nuju menyang gerdhu poskamling.

“Wis saiki mandheg kene. Piye, saiki tetep tetembangan ngene wae apa padha dolanan, mumpung wis padha nglumpuk ana kene?” pitakone Arief. 

“Apike padha dolanan playon wae Rief, mumpung padhang rembulane. Perkara  tetembangan karo main musik, sesuk-sesuk yen ana prei   aw  wae senajan ora pas padhang bulan,” celathune Hendy.
“Bener Rief, mumpung padhang rembulane. Malem minggu ngarep wis ora padhang kaya saiki lho. Sing padha nyanyi-nyanyi karo main musik malem minggu ngarep wae. Saiki luwih becik dha dianggo dolanan Ji-Ro-Lu wae,” usule Darto.

 “Iya bener, aku sarujuk ayo padha dolanan Ji-Ro-Lu wae!” panyaute Gandhung.

“Yen ngono ayo dha dolanan Ji-Ro-Lu wae, mumpung isih sore lan padhang bulan. Mengko ndhak selak kewengen. Mengko rampunge ora usah wengi-wengi ya? Gauk pipa pabrik gula Gondang sepisanan jam setengah sepuluh wis rampung ya?” usule Hendy.

“Jam setengah sepuluh durung marem. Piye yen gauk sing ping loro wae, jam sepuluh? Ora papa, saiki malem minggu, sesuk dina minggu prei wae kok,” usule Sidhu.

“ aw is saiki diputuske. Awake dhewe padha dolanan Ji-Ro-Lu. Rampunge jam sepuluh bengi. Pos sing nggo tawanan neng gerdhu poskamling kene. Pandhelikan ora entuk kliwat rong omah lan pekarangan keliling saka gerdhu iki. Gandheng gerdhu iki neng pinggir dalan, mburine kalen lan sawah, yen ndhelik ora kena tekan sawah, paling adoh saurute kalen mburi Pos Kamling,” Arief pinangka bocah sing umure paling tuwa ing antarane bocah-bocah kuwi ngusulake aturane dolanan. “Gandheng iki ganep ana cah sepuluh, bocahe dipara loro. Sidhu, Bodro, Wahyu, lan Wawan melu aku. Darto, Bagas, Gandhung, lan Haris melu Hendy. Piye, setuju apa ora?” pitakone Arief njaluk pasarujukane kanca-kanca.

“Setuju!!!” saure bocah-bocah serentak.

“Saiki barang-barang lan jaket sing dianggo dha dicopot ditinggal ana poskamling kene. Dititipke Lik Gimin. Titip ya, Lik?” pitakone Arief marang Lik Gimin sing lagi asyik nonton sinetron tivi sing ana gerdhu poskamling.

“Selehna kono dak tunggune. Ora-orane yen nganti ilang,” saure Lik Gimin.

Bocah-bocah banjur padha nyelehake alat-alat musik sing digawa neng pojok gerdhu. Sing nganggo jaket iya padha nyopot jakete diseleh ana kono. Malah ana sing nyopot klambine sisan. Jarene ben angel dicekel lan sabenere iya sumelang yen klambine nganti suwek digondheli mungsuhe. Mung Hendy sing ora nitipake harmonikane. Alat musik sing rada larang regane kuwi digembol ing kanthongan kathok sing rada jero sak-e. Jarene sumelang yen nganti ilang. 

Sawise cukup anggone padha tata-tata, Arief karo Hendy pinangka tetuwane kelompoke padha jah-ndho-jleng, kanggo nemtokake sapa sing menang bisa ndhelik lan sapa sing kalah kudu jaga lan nggoleki mungsuhe. Sawise dibaleni nganti ping telu merga padha driji sing diajokake, pungkasane kelompoke Hendy sing menang tiba giliran ndhelik. Kelompoke Arief sing kudu jaga lan nggoleki.
Ngerti Hendy nibakke driji jenthik, lan Arief nibakke driji jempol. Semut mungsuh gajah, menang semute. Ateges Hendy sing menang.  Darto, Bagas, Gandhung, lan Haris langsung mlayu golek papan pandhelikan. Hendy emoh keri langsung nututi. Arief gage wiwit ngetung, “Siji….. Loro…… Telu!” Tekan etungan katelu Arief, Sidhu, Bodro, Wahyu, lan Wawan gage mlayu nggoleki mungsuhe. Arah playune mungsuhe wis dititeni, ana sing ngetan ana sing ngulon, ana sing ngalor, lan uga ana sing ngidul. Balane Arief banjur mlencar nggoleki mungsuhe.

Ora let suwe Haris sing ndhelik neng kalen mburi Poskamling wis kecekel, digandheng Wawan, digawa menyang Poskamling pinangka tawanan. Wawan banjur njaga tawanan ana kono, aja nganti tawanane dibebasake mungsuhe.

Limang menit sauwise kuwi keprungu swara gedebugan. Ora let suwe Arief njedhul. Tangane nggandheng Darto dipasrahake Wawan pinangka tawanan. Arief banjur mlayu ngetan nggoleki Hendy sing mau mlayu ndhelik arah ngetan. Wawan ijen njaga tawanan loro. 

Pirang-pirang menit liwat. Swarane walang dadi rerenggane wayah bengi. Nggriseni…ngang-nging mbenginginge lemut mbebeda mabur ngiteri Wawan sing lagi jaga. Kala-kala mak clekit lemut kuwi nyokot pipine Wawan sing tembem. “Timbang jaga ngene iki, luwih seneng aku mubeng nguber nggoleki mungsuh. Yen ora bisa nyekel  ya bisa lungguhan santai neng papan kana. Ora kaya saiki rasane tegang yen kudu jaga ijen,” grenenge Wawan sajroning batin.

Nalika Wawan isih nggetuni anggone entuk tugas jaga ijen, dumadakan saka mburi poskamling Hendy sing mau saka wetan, mengulon nurut kali, njedhul, langsung mlayu nyablek Haris. Kanthi cepet Haris nyablek Darto. Sadurunge Wawan nyadhari kahanan kuwi, ngerti-ngerti Hendy, Haris lan Darto wis mlayu nggeblas.  Gedebug-gedebug swarane bocah telu mlayu ngulon ninggalke poskamling. Bebas! Wawan kaget lan getun mungsuhe bisa dibebasake kancane tanpa bisa ngalang-alangi. Mesthi mengko disengeni kancane. “Ah ya ben, salahe Arief ya wis padha-padha entuk tawanan ora gelem ngrewangi jaga. Aku ijen njaga tawanan loro ya ora keconggah ngono,” grenenge Wawan mbela awake dhewe. Wawan banjur nututi playune Hendy, Haris, lan Darto arah ngulon.

Sawise wektu lumaku sawetara, Arief njedhul nggandheng Gandhung. Sidhu njedhul nggandheng Bagas. Bodro njedhul nggandheng Haris. Tekan poskamling Arief clingukan nggoleki  Wawan sing jaga, lan Darto tawanane. Luwih gumun maneh mbareng meruhi Haris saiki njedhul digandheng Bodro. Dheweke lagi ngerti yen tawanane cacah loro wis kasil dibebasake mungsuhe.

“Gandheng yen sing jaga mung siji nyata ora kuwat, saiki ana tawanan telu, ben aku karo Bodro sing jaga. Sidhu kana ngancani Wahyu karo Wawan nggoleki Hendy karo Darto!” prentahe Arief mbagi tugas. Sing diprentah iya banjur mlayu nggoleki mungsuhe.

Ora let suwe sawise keprungu swara gedebugan, Darto wis kecekel digandheng  Wahyu. Saiki ana tawanan papat, sing jaga telu. Tawanan kuwi dijaga ora entuk adoh-adoh saka ngarep poskamling, supaya ora gampang dicablek-dibebasake kancane. Mbareng Wawan njedhul, sing jaga dadi tambah siji maneh.

Saka mburi poskamling Hendy njedhul arep mbebasake kancane. Saploke kebobolan saka arah mburi poskamling, Arief dadi waspadha ngawasi arah kono. Nalika Hendy njedhul, langsung dicandhak lan disikep Arief saka iringane poskamling. Kari nyablek gegere kaping telu Hendy wis dadi tawanan. Nanging sadurunge ganep ping telu anggone nyablek, Bagas nyerak-nyerak Hendy. Bodro sing ngawasi Bagas lena, tangane Hendy kasil nyablek awake Bagas. Saiki Bagas genti bebas. Cepet-cepet dheweke nyablek Gandhung sing ana cerake. Bagas karo Gandhung mlayu arah ngalor karo ngetan. 

Hendy sing disikep Arief kasil dicablek ping telu, dadi tawanan.  Bagas sing mlayu ngalor tekan ngarep omahe Mbah Mento kasil disikep lan dicablek kaping telu dening Sidhu sing sadurunge amping-ampingan wit sukun. Bagas diglandhang menyang  poskamling pinangka tawanan. 
Kari Gandhung sing isih bebas. Pranyata nyekel Gandhung kuwi ora angel. Bocah jirih kuwi ora wani ndhelik adoh-adoh, apa maneh manggon ing papan sepi tur peteng. Wanine mung neng empere uwong neng ngisor lincak utawa mburi kursi teras. Yen wis konangan, gampang banget anggone nyekel. Wahyu kasil ngonangi pandhelikane ing ngisor lincak empere Bu Yitno. Gage-gage wae digeret metu awake banjur dicablek kaping telu gegere: Ji…Ro…Lu! Gandhung wis dadi tawanan diglandhang menyang Poskamling.

Wis kecekel kabeh Hendy sakbalane. Saiki genti kelompoke Arief sing ndhelik. Kelompoke Hendy genti sing jaga lan nggoleki. Nalika Hendy wiwit ngetung: Siji….., Arief sakbalane cepet-cepet ndhelik. Mlencar. Tekan etungan katelu, bocah-bocah sing entuk giliran ndhelik wis ora katon. Apa maneh katon, krusek-krusek sing dadi titikan pandhelikane wae wis ora keprungu swarane. 

Sidhu playune ngetan, ndhelik neng kebon mburine Pak Jumali. Ing kono ana tanduran lompong utawa enthik, tela pohung lan uga ana dhapuran wit pring barang. Pancen sepi lan serem medeni merga katon runggut lan wingit. Kanggone bocah kendel papan kene iki pandhelikan sing paling aman. Amarga bocah jirih ora bakal wani nggoleki tekan kene. Nanging yen bocah dolanan ndhelike tekan kene, anggone dolanan bisa dadi suwe. Nganti pipa Gondang gauk ping loro wae, durung karuwan kecekel. Kajaba yen mungsuhe ya ana sing padha kendele, wani nggoleki tekan kene.  

Temenan. Nalika meh kabeh kelompoke Arief wis kecekel dadi tawanan, kari siji sing durung kecekel, yakuwi Sidhu. Kabeh wis ngira yen Sidhu bocah kendel kuwi mesthi ndhelik neng kebone Pak Jumali. Nanging balane Hendy ora ana sing wani nggoleki tekan kana. Mbareng ditunggu-tunggu nganti suwi Sidhu ora katon njedhul, pinangka ketua Hendy dhewe sing kudu nggoleki. Hendy sing ora patia jirih, nanging iya  dudu bocah sing kendel banget, kepeksa diwanek-wanekake nggoleki Sidhu ing papan sing dadi sirikane bocah jirih kuwi.

Lha rak tenan ta. Lagi mlebu ing kebone Pak Jumli, wayangane Sidhu sing amping-ampingan wit lompong wis katon. Hendy gage nyeraki Sidhu arep nyekel. Sidhu sing ngerti yen arep dicekel mungsuhe, kanthi trengginas mlayu nasak-nasak wit lompong lan wit tela. Hendy emoh kalah, dadi ilang rasa wedine, dheweke mlumpat-mlumpat mlayu nasak wit lompong ngoyak Sidhu. Wong loro padha playon uber-uberan, seneng banget rasane! Gandheng awake Hendy luwih gedhe, jangkahe luwih amba, suwe-suwe bisa nyeraki Sidhu. Mung keletan wit tela pohung sing padha digontheli, bocah loro ubeng-ubengan. Pungkasane Hendy mbalik banjur nubruk sikile Sidhu. Sing ditubruk ora bisa endha nalika sikile ditumpaki Hendy, gegere dicablek kaping telu karo muni, “Ji! Ro! Lu!” Sidhu kecekel dadi tawanan.

Ora ngerti sangkan parane, ngerti-ngerti keprungu swara krosak-krosak kemrutuk penere ing dhapuran pring kebone Pak Jumali. Pangirane bocah loro kuwi ora ana liya iki mesthi tumindake gendruwo sing tunggu papan kono sing rumangsa keganggu bocah uber-uberan ing papane. Rindhik asu digitik bocah loro kuwi banjur mlayu sipat kuping bali menyang poskamling.  

Tekan poskamling Hendy lagi eling yen dheweke mau ngantongi harmonika nanging saiki wis ora ana. Harmonikane Hendy ilang. 

“Piye iki, aku mengko mesthi didukani bapak. Harmonika kuwi kangungane bapak je. Piye, Dhu? Iki gara-gara kowe ndhelik mrana. Harmonikaku dadi ilang tiba neng kebon kana mau. Ayo dibaleni, digoleki wong loro yo, Dhu!” pangajake Hendy setengahe nempuhke.
“Emoh! Aku wedi. Awake dhewe wis ngganggu papane para gendruwo kuwi. Mesthi para gendruwo kuwi nesu karo awake dhewe. Ngerti apa ora, genah mau awake dhewe wis dikrutuki ngono kok,” panolake Sidhu.   

“Lha piye, aku mengko mesthi didukani bapak, yen ngerti harmonikane dak ilangake bengi iki,” pangrengeke Hendy sajak arep nangis.

Kanca-kancane sing weruh padha mesakake Hendy. “Ya wis yen ngono ayo digoleki bareng-bareng. Ora perlu wedi. Bocah sepuluh nggoleki bareng, mengko rak gendruwone sing wedi dhewe,” pangajake Arief gawe ayeme Hendy sing meh nangis.

“Sapa sing playon ngosak-asik kebonku mau?” pitakone Pak Jumali sajak sereng nyegat lakune bocah-bocah. Kena sorote rembulan praupane katon peteng.

Tanpa diabani bocah-bocah padha mandheng Sidhu lan Hendy. Sakjane bocah-bocah kuwi ora kepengin nduduhke kancane sing salah, nanging mbuh kepriye dhasare bocah-bocah lugu sing isih jujur, ora bisa nyelaki lan nutupi sing saktenane, kanthi ora sengaja otomatis pandhengane wis ngarahake marang sapa sing wis nindakake. Sing dipandheng ndhungkluk rumangsa salah. 

“Nyuwun pangapunten, Pak Jumali. Kula kalih Sidhu wau ingkang oyak-oyakan wonten kebon panjenengan,” Hendy ngakoni kaluputane.

“Untung enthik lan tela pohungku wis umur. Pancen sesuk wis arep dak bedholi. Yen durung wayahe dibedholi banjur kepriye bosah-baseh kaya mengkana tok jag-jagi?”

“Nyuwun pangapunten, Pak Jumali, kula ingkang lepat. Salah kula ndhelik wonten mrika. Dados Hendy nggih kedah madosi lan nyepeng kula wonten mrika. Mlajar lan bangga kula dados sebab risakipun taneman Panjenengan,” Sidhu uga ngakoni luput.

“Dak apura kabeh kesalahanmu, amarga enthik lan tela pohungku pancen arep dak bedhol sesuk esuk. Lan aku seneng merga kowe kabeh jujur, wani ngakoni kaluputanmu. Kanggo nebus kaluputanmu, sesuk esuk kowe kabeh kudu mbantu aku mbedholi wit lompong lan wit telaku. Lan aku meling suk maneh yen dha playon aja padha neng kebon! Saliyane ngrusak tanduran, bisa uga kena bebaya yen nganti ana beling utawa eri sing ora sengaja keguwak neng kebon,” ngendikane Pak Jumali wis ora nesu maneh. “Oh iya, aku nemokke harmonika neng kebonku mau. Iki harmonikane sapa?”

“Gadhahan kula, Pak!” saure Hendy seneng.

“Iki dak balekake kowe. Mung welingku, suk maneh yen dolanan playon ora usah nganthongi harmonika utawa barang-barang liyane, yen tiba ora ngerti. Untung dak temokake,” ngendikane Pak Jumali karo ngulungke harmonikane Hendy. 

Hendy nampani harmonika kanthi kebak rasa panuwun. Mung ana siji sing isih ngganjel ing batine, sapa sing ngrutuki dhapuran pring mau? ***

Kapacak ing Majalah Djaka Lodang No. 48 * 27/4/2013

Related posts:

No response yet for "Kumpulan Cerita Bahasa Jawa Bagian II"

Post a Comment