Kumpulan Cerita Bahasa Jawa Bagian III

Artikel cerita bahasa Jawa berikut ini merupakan lanjutan dari artikel kumpulan cerita bahasa Jawa bagian II.

Wacan Bocah
Ndhas Sikil
Dening Sutardi MS Dihardjo/Masdi MSD

“Dhung…!! Dhung….!! Dhuuungggg…!!!” keprungu swara bendhe saka kantor guru. Dani sing arep entuk giliran maju nggarap PR matematika neng ngarep kelas dadi bungah, lega, kaya tinubruk macan luput. Dheweke wis kawit mau kuwatir didukani bu guru, merga durung nggarap PR. Apa maneh sing pas tiba gilirane mengko kuwi jian angel tenan! Wis dicoba bola-bali nanging tansah buntu. Kebeneran iki sadurunge tiba gilirane wis kedhisikan swara bendhe saka kantor guru. Beja tenan rasane!  Amarga kanthi keprungune swara bendhe kuwi mau ateges jam wulangan matematika dina iki wis entek. Wektune bocah-bocah kudu metu kanggo ngaso ngedhemke pikir. 

Jam sabanjure sawise padha ngaso mengko genti wulangan sejarah. Para siswa isih kelingan, wulangan sejarah dina iki bakal nerangake  adeging Negara Majapahit, tutuge minggu dhek wingi. Critane Raden Wijaya sak pendhereke sing keplayu saka Kraton Singasari wis tekan bumi Terik, babad alas lan ngicipi woh maja sing rasane pait.

Para siswa padha seneng yen diwulang sejarah, amarga bu guru sing nerangake karo crita, dadi kaya-kaya bocah-bocah melu menangi jaman sing wis kawuri. Bocah-bocah sing ngrungokake nganti padha ndomblong. 

Nanging kocapa bocah-bocah yen diwulang matematika kaya wektu iki, akeh sing padha ora mudheng, kejaba bocah siji loro sing pancen pinter lan gathekan. Bu guru sing nerangake ndadak bolan-baleni, bocah-bocah lagi padha mudheng. Luwih-luwih yen ana PR sing kudu digarap giliran siji mbaka siji maju neng ngarep kelas ngene iki, kaya-kaya yen bisa lumakune wektu arep dicepetake supaya ndang keprungu swara bendhe pratandha wektune ngaso utawa ganti wulangan, supaya ndang bebas saka kewajiban maju nggarap PR neng ngarep kelas. Amarga yen nganti ora bias, rasane isin banget,  dideg neng ngarep kelas nganti enteke jam wulangan, ditonton kanca-kancane.

 “Putra-putra, cukup semene dhisik wulangan matematika. Saiki ngaso dhisik. Ing wulangan matematika dina candhake ditutugake anggone maju nggarap PR. Gilirane tekan Dani sing kudu maju dhisik dhewe. Yo, saiki padha metu ngaso, dolanan neng latar, apa padha jajan neng kantin kana! Aja ana sing neng njero kelas!” ngendikane bu guru.

Bu guru banjur tata-tata, lan banjur metu nuju kantor guru. Bocah-bocah sawise nyimpen buku-bukune menyang jero laci iya banjur padha metu saka kelas. Ana sing banjur dolanan karo kelompoke, ana sing banjur lungguhan gegerombolan ing teras utawa ing ngisor uwit waru. Jagongan crita maneka warna pengalaman lan rancangan sing arep ditindakake, malah ana sing dhuwur-dhuwuran gegayuhan. Ana uga sing gage-gage nuju menyang kantin saperlu jajan. Mbok menawa esuk mau durung kober sarapan.

“Yo dha dolanan ndhas sikil!” pangajake Wahyu marang Rizal lan Dani, mitrane.

“Kancane sapa? Mung wong telu iki? Kurang gayeng ngono,” celathune Dani.

“Apike paling ora ki ya wong enem. Dadi bisa ditanding telu lawan telu. Mula saiki wong telu iki golek incon dhewe-dhewe. Piye sarujuk apa ora?” pitakone Wahyu.

“Yoh aku sarujuk. Yen ngono ayo dha golek incon dhewe-dhewe,” panyaute Rizal lan Dani bebarengan. Wong telu banjur mlencar golek incon dhewe-dhewe.

Ora angel kanggone Wahyu lan Rizal kanggo golek incon. Ora susah adoh-adoh Wahyu wis bisa ngajak Parna. Bocah kuwi sawise ditari, langsung gelem. Mengkono uga nalika Rizal ngajak Jarot. Bocah cilik methisil nanging lincah kuwi langsung oke. Nanging ora mengkono kanggone Dani. Wis ana bocah telu sing diajak padha nulak, amarga bocah-bocah kuwi pranyata wis diajak kanca liyane kanggo dolanan umbul gambar.

Milang-miling golek kanca, dumadakan Dani weruh Jangkung mung meneng wae lungguhan ijen ing teras sekolah. Bocah sing awake kuru dhuwur ongklang-angklung nganti diparabi jangkung kuwi pancen katon beda karo kanca-kancane. Mbok menawa merga awake sing kuru dhuwur, ngluwihi dhuwure kanca-kanca sabara-ane, kepara katon ora proporsional antarane dedeg lan lemune awak, dadi sebab bocah sing jeneng asline Ngadi kuwi dadi mindher. Satemeh dheweke seneng lungguhan ijen ora nggabung kanca-kancane.

“Kung, ayo nggabung karo aku, melu dolanan ndhas sikil!” pangajake Dani sawise ana sangarepe Ngadi alias Jangkung.

“Emoh, Dan, aku isin! Mengko aku ndhak dienyeki kanca-kanca. Aku lungguhan ana kene wae, nunggu bendhe ditabuh, tanda wayahe kudu mlebu kelas maneh,” wangsulane Jangkung.

“Isin karo sapa? Kowe yen terus-terusan ndhewe ngono kuwi, sajeke bakal dadi bocah sing mindheran lan isinan. Luwih-luwih kowe kurang obah, ndadekake awakmu dadi klelur kaya cacing ora duwe daya. Ora lincah lan trengginas. Mula ayo melu dolanan karo aku, ben awakmu sehat! Kalah ora apa-apa, sing penting ngobahke awak, entuk kringet. Aja wedi disengeni kancamu merga dianggep marahi kalah! Ayo, gelem apa ora? Iki lho sing main kurang siji. Yen gelem ayo melu aku, mumpung wektu ngaso isih sauntara!” pandhesege Dani.

“Ya wis, yen ngono ayo aku melu kowe,” pungkasane Ngadi sida melu Dani. Wong loro mlaku nuju panggonane Wahyu sakancane sing wis nunggu ing tengah latar sekolah.

Wahyu banjur incon jah-ndho-jleng karo Parna. Wahyu ngajokake driji jempol, Parna nibakake driji jenthik. Jempol kuwi lambange gajah, senajan gedhe kalah mungsuh jenthik lambange semut. Amarga semut mlebu kupinge gajah lan ngurek-urek nyokoti neng njerone kuping, njalari gajah risi lan lara, bingung ora bisa nglawan,  banjur ngamuk nubruk-nubruk, pungakasane mati. Ateges Parna sing menang.

Rizal incon jah-ndho-jleng karo Jarot. Jarot ngajokake driji panudhing bebarengan karo Rizal sing nibakake driji panunggul. Panudhing adhine panunggul, ateges Rizal sing menang. 

Banjur Dani incon jah-ndho-jleng mungsuh Ngadi alias Jangkung. Dani nibakake driji jenthik bebarengan karo Jangkung kang nibakake driji panudhing. Semut mungsuh karo uwong, mati digithes. Ateges Jangkung sing menang.

Saiki wis ketemu kelompoke. Parna, Rizal, karo Jangkung dadi sakelompok, mungsuh Wahyu, Jarot, lan Dani ing kelompok liya. Rong kelompok kuwi banjur padha siap-siap kaya wong arep anggar nanging tanpa gaman. Mung tangan loro sing disiapake. Tangan kiwa dadi tameng kanggo nangkis serangan mungsuh, nanging kala-kala ya dianggo nyerang; tangan tengen mligi kanggo nyerang mungsuh ngarah sirah (endhas) lan sikil.

Wiwitane padha ngagar-agari, durung nyerang tenanan, mung njajagi pertahanan lan kekuwatane mungsuh. Karo mamerake kelincahan obahing sikil. Sawise dingerteni sapa sing paling ringkih, sing diwawas paling gampang dipateni, serangan banjur diarahke ing bocah kuwi.

Kelompoke Parna ngira yen kelompoke Wahyu kuwi sing paling ringkih Jarot. Amarga bocahe cilik, mesthi tangane ora bakal bisa ngranggeh sirahe mungsuhe. Paling ora jangkauan tangane angel kanggo ngranggeh sirah utawa sikile mungsuhe sing luwih dhuwur. 

Dene kelompoke Wahyu ngira yen kelompoke Parna sing paling ringkih kuwi Jangkung. Amarga senajan dhuwur, tangane dawa, nanging bocahe klular-klulur, ora lincah, ngidak telek wae ora pendeng. Mula Wahyu sabalane padha ngarahake serangan nuju Jangkung. Nanging jebul ora gampang kanggo mateni Jangkung kanthi nyablek sikile utawa sirahe. Genah angel yen arep nyablek sirahe, lha wong dedege luwih dhuwur timbang kabeh balane Wahyu, mula sing diserang ya perangan sikil. Nanging kanca-kancane Jangkung ora negakake Jangkung dikeroyok mungsuhe. Kabeh ya padha mbantu lan namengi Jangkung saka serangane mungsuh. 

Nganti krenggosan ambegane Wahyu, Jarot lan Dani amarga ngakseg selak kepengin mateni Jangkung nanging ora bisa merga dialang-alangi Parna lan Rizal. Nganti Dani kepeksa tiba kejengkang amarga tangan kiwane sing dadi tameng dicablek banter dening Jangkung sing satemene ngarah sirah. Kamangka posisine Dani lagi jengkeng kanggo ngranggeh sikile Jangkung. Untung Dani gage ditulungi Wahyu, nglawan Jangkung sing terus ndheseg arep nyablek sikile Dani sing lagi tiba klumah. Wusanane Jangkung mundur.

Kelompoke Wahyu lan kelompoke Parna bali adhep-adhepan. Kringete wiwit mrentul sa jagung-jagung, sedhela maneh mesthi wis wiwit tumetes nelesi klambi. Saiki Jangkung wis wiwit nduweni rasa percaya dhiri. Kabukten dheweke duwe kekuwatan, nyatane kasil ndheseg Dani senajanta durung kasil mateni Dani.

“Sik leren sik! Saiki apike padha copot klambi wae, mengko ndhak wayahe mlebu kelas klambine dhewe teles kebanjiran kringet,” celathune Dani ngajak kanca-kancane.

“Sarujuk! Ayo padha copot klambi!” panyaute kanca-kncane nyarujuki. Mung Ngadi alias Jangkung sing rada kikuk nanggapi pangajake Dani. Dheweke rumangsa nduweni awak sing ora patut dipamerake marang wong liya. Nanging dheweke iya rumangsa risi yen mengko kudu mlebu kelas kanthi klambi sing teles kebes kebak kringet. Kanthi abot pungkasane Jangkung kepeksa melu copot klambi uga.

“Wis ayo diwiwiti maneh!” pangajake Wahyu.

“Ayo!!!” panyaute kanca-kancane bebarengan karo wiwit pencolotan ngrangsang sirah utawa sikile mungsuhe.

Saiki Jangkung sing wis duwe rasa percaya dhiri ora minggrang-minggring maneh. Kanthi mantep sikile mlangkah maju nyeraki mungsuhe. Parna lan Rizal semono uga maju ngadhepi Wahyu, Jarot lan Dani sing polahe lincah kaya kitiran. Luwih-luwih Jarot sing paling cendhek lan cilik, dheweke mung ngandhalke kelincahan polahe sing bisa tlusap-tlusup mrana-mrene.

Kelompoke Wahyu saiki wis ora nganggep Jangkung sing paling ringkih ing kelompoke Parna. Amarga senajan katone klular-klulur nanging nyatane jangkauan tangane sing dawa, cukup mbebayani. Lan dedege sing dhuwur dadi sebab angel diranggeh sirahe. Tambah maneh suthange sing dawa, gampang menyat ngendhani mungsuhe. 

“Ngati-ati endhani tangane Jangkung! Yo krayak wae Rizal sing luwih cendhek!” pangajake Wahyu ngabani kancane.

Wahyu, Jarot lan Dani banjur nguber ngoyak Rizal arep dipateni dhisik. Rizal mlayu amping-ampingan wit waru ing pojok sekolah. Mungsuhe cacah telu terus ngoyak. Nanging Parna ora negakake marang Rizal, dheweke melu ngadhang namengi Rizal saka pangroyoke Wahyu, Jarot lan Dani. Loro mungsuh telu. Wahyu nyerang saka ngarep ngarah sikil, Dani nyerang saka ngarep ngarah sirah, dene Jarot ngganggu saka mburi kanggo mecah konsentrasi pertahanan Rizal lan Parna. Ndadekake wong loro kuwi dadi kecipuhan. Pungkasane Wahyu kasil nyablek sikile Rizal, lan Dani kasil nyablek sirahe Parna.

Nanging tanpa kanyana-nyana, saka mburi, luput saka pangawasane mungsuhe, ngerti-ngerti Jangkung nyablek sirahe Wahyu lan Dani saka mburi. Dene Jarot sing kawit mau mung playon mrana-mrene mbebeda lan ngendhani pangransange mungsuh kasil lolos.

Kanthi mengkono saiki kari siji mungsuh siji, Jangkung lawan Jarot. Sing siji kuru dhuwur ongklang-angklung, sijine cilik cendhek methisil. Jangkung tandange kaya manuk alap-alap kekiter ing akasa, golek lenane mungsuh. Tenang, kalem lan waspadha. Jarot polahe lincah mlayu mrana mlayu mrene, nyerang mungsuh kanthi cepet banjur gage-gage ndhelik amping-ampingan uwit nalika panyerange ora kasil, kaya manuk sikatan mabur mencok neng gigire kebo golek pangan nanging sedhela maneh wis mabur pindhah mencok ing pang uwit.

Ing sawijining kalodhangan Jarot kasil ngglundhung ngranggeh sikile Jangkung. Nanging ing wektu kuwi uga Jangkung uga kasil ndemek sirahe Jarot.

“Piye iki? Mati bareng, apa perlu dibaleni siji-siji?” pitakone Parna.

“Gandheng wektu wis meh entek ya dibaleni siji-siji wae, Jarot mungsuh Jangkung, supaya ndang dingerteni kelompoke sapa sing menang,” wangsulane Wahyu.

Jarot adhep-adhepan maneh mungsuh Jangkung. Liyane mung nonton ing sacerake. Dadi seksi tandinge Jarot lawan Jangkung. Saiki Jangkung rasa percaya dhirine wis dadi kandel. Tangan loro wis arep wiwit maju nyerang Jarot ngarah sirah. Jarot sing rumangsa ora bakal menang yen tetandhingan adhep-adhepan ijen dha ijen tanpa nganggo taktik gerilya kanthi amping-ampingan uwit sacerake, wis siap-siap arep mlayu. 

Nanging sadurunge  wong loro padha nyerang nyablek sirah utawa sikile mungsuh, dumadakan keprungu swara bendhe ditabuh, mertandhani para siswa kudu enggal mungkasi anggone padha dolanan ing wektu ngaso. Jangkung karo Jarot iya banjur mungkasi anggone padha arep serang-serangan. Parna, Wahyu, Rizal, Dani, Jangkung lan Jarot banjur padha salam-salaman.

“Piye rak seneng ta dolanan bebarengan?” pitakone Dani marang Jangkung nalika wong loro runtung-runtung mlaku bareng karo nganggo klambi sing mau padha dicopot, nuju kelase dhewe-dhewe.

“Iya, aku seneng banget! Jebul aku ya bisa dolanan kaya kanca liyane. Lan ora perlu rumangsa kalah sadurunge tetandhingan,” wangsulane Jangkung.

“Keneng apa kowe kudu rumangsa mindher? Dedegmu dhuwur, tanganmu dawa, suthangmu iya dawa, yen gelem dolanan karet tempel, utawa jirak nekeran, mesthi kowe menangan,” celathune Dani.

“Iya, anggere aja dijak dolanan sing nganggo brobosan, aku mesthi kalah,” kandhane Jangkung karo ngguyu ngakak. Dani iya banjur melu ngguyu ngakak.

“Sing terang, kowe saiki dadi katon luwih bregas lan sehat. Ora klular-klulur maneh kaya wong cacingen haha…haha….,” kandhane Jarot karo ngguyu ngakak.

“Asem ki! Haha…haha…,” panyaute Jangkung karo ngguyu ngakak uga. Senajan semune diece Jangkung ora nesu amarga iya karo dialem. Lan maneh saiki wis dadi luwih raket anggone padha kekancan. 

Wahyu lan Dani mlebu kelas 4 A, Rizal mlebu kelas 5 B. Parna karo Jarot mlebu kelas 4 B, dene Jangkung mlebu kelas 5 A. Pancen bocah enem kuwi ora sakelas, nanging amarga dolanan bareng dadi bisa akrab lan padha kenal-kenalan. ***


Related posts:

No response yet for "Kumpulan Cerita Bahasa Jawa Bagian III"

Post a Comment