Kumpulan Cerita Bahasa Jawa Bagian IV

Artikel cerita bahasa Jawa berikut ini merupakan lanjutan dari artikel kumpulan cerita bahasa Jawa bagian III

Wacan Bocah
Dolanan Gambar Umbul 
Dening Sutardi MS Dihardjo/Masdi MSD

Minggu esuk kuwi Hendy karo Rina nggunakake wektu prei kanggo nyalurake kesenengan lan bakate. Rasane wektu-wektu kaya mengkene iki wis suwe diarep-arep. Senajan satemene preinan dina Minggu iku saben seminggu sepisan mesthi teka, nanging bocah yen lagi duwe pepinginan kathik ditumpuki tugas-tugas lan kegiatan sekolah ra uwis-uwis, dadine seminggu kuwi rasane kok kaya suwiiii banget. Rasane abot ngampet pepinginan sajroning seminggu.

Hendy karo Rina, kakang adi kuwi duwe bakat lan kesenengan nggambar.  Dina Rebo kepungkur bapak lagi wae mundhutake pulas crayon anyar saka toko buku Sumber Kaweruh. Tangane wis gatelen selak kepengin nyoba nggunakake. Nanging minggu iki ulangan sekolah pirang-pirang. Jare nggo ngisi biji rapot. Durung latihan pramuka ing wayah sore. Dadine ya kepeksa diampet dhisik pepinginane. Amarga yen nggambar, pikirane ora los, kegubel maneka warna tugas sing kudu dirampungi, olehe nggambar ora bisa konsentrasi, asile kurang apik, ora bisa gawe marem. Kamangka yen wis dikandhani sesuk arep ulangan, dina sadurunge kudu wis mempeng sinau supaya bisa nguwasani wulangan sing arep kanggo ulangan.

Rina lagi konsentrasi ngedham gambar sing arep diturun. Gambar umbul kuwi malang mujur digarisi saben setengah senti nganti katon kothak-kothak sapirang-pirang. Sengaja olehe nggarisi nganggo potlot lancip tipis wae. Perlune ora patia nutupi gambare. Sawise kuwi Rina banjur gawe kothak-kothak dham-dhaman uga ing buku gambare. Dibanding karo gambar sing arep diturun digawe skala 1: 6. 

Sauntara kuwi, Hendy sing wis rampung anggone ngedham wis kawit mau nirun gambar Samson gelut karo singa sing ana gambar umbul. Corekan lan garis gambar kang ana ing gambar umbul dipindhah ing buku gambar jumbuh karo posisine ing kothak-kothak dham-dhaman sing wis diwenehi nomer urut. Anggone nurun Hendy wis antuk  80 %. Asile wis bisa ditonton. Katon jebles. Ora nyimpang. Saliyane Hendy tlaten nurutke gambar sing diturun, dheweke pancen duwe bakat nggambar, dadi ya ora nggumunake yen asile apik.

Rina lagi wiwit nurun gambar Darna wanita sing rambute ula cilik-cilik sapirang-pirang, nalika kanca-kancane Hendy pada teka ngampiri Hendy.

“Kowe lagi ngapa, Hen? Lagi nggambar, ta? Wah...gambarmu apik ngono.” “Mengko yen wis diwenehi werna mesthi luwih apik gambarmu kuwi.” “Mbok aku digambarke siji wae?” “Aku ya digawekke gambar siji wae, Hen, kon nuku aku ya gelem. Tak pasange neng kamarku,” celathune kanca-kancane pating clebung aweh komentar nalika meruhi gambare Hendy.

“Nggambar kuwi rak ora kudu saiki ta Hen? Umpama diundur mengko sore utawa mengko bengi maneh rak ya bisa ta Hen? Piye yen saiki awake dhewe dha dolanan umbul gambar dhisik? Gelem apa ora?” pitakone Arief.

Hendy ora gage mangsuli. Kalodhangan bisa nggambar, nyoba pulas crayon anyar sing mundutke bapake, mujudake pepinginan sing wis seminggu diampet, sayang yen saiki kudu diundur. Nggambar kuwi mbutuhake mood, nalika ati lagi seneng lan karep. Kamangka saiki lagi mood. Padhatan yen lagi mood, sacorek-coreke bisa katon urip lan apik. Nanging yen ora melu ngombyongi kanca-kancane dolanan bebarengan, mengko dikira ora guyub, ora rukun karo kancane.  Hendy mikir bolak-balik antarane nutugake nggambar karo melu dolanan kancane.

“Piye, Hen? Gelem apa ora dolanan umbul karo aku sakanca? Deloken iki….aku nggawa gambar anyar-anyar tur apik-apik yen arep diturun. Gambarku Tarzan, ana sing numpak gajah, ana sing nglangi, ana sing gelut karo baya barang,” celathune Nafis karo mamerake gambar umbul satumpuk sing isih anyar.

“Aku ya nggawa gambar anyar, Hen! Gambarku Aladin karo lampu wasiat. Ana gambare Aladin numpak Jin mabur, lan Jin mindhah istanane Aladin. Apik iki yen tok turun digedhekke,” pangiming-iminge Heru marang Hendy.

Dasar Hendy bocah seneng nggambar sing durung diweruhi lan diduweni, dipameri kaya mengkono atine dadi mangro. Pungkasane Hendy mung bisa kandha, “ Ya wis yen ngono aku melu kowe, dolanan umbul gambar.”  

Hendy, Heru, Arief, lan Nafis sidane padha metu nyang latar kanggo dolanan umbul gambar. Bocah papat hompimpah, dipungkasi pingsut jah-ndho-jleng kanggo nemtokake sapa sing nduweni hak ngumbulke gacuk-gacuke pasarta. Sawise kasil dimenangake Nafis, bocah telu menehake gacuk-gacuke marang Nafis. Ditambah gacuke Nafis, gambar papat sing pinangka gacuke pasarta diumbulake bebarengan dening Nafis.

Cah papat sing wis niteni gacuke dhewe-dhewe ngetutke kumleyange gambar gacuke. Nalika gacuke tiba mlumah neng lemah, sing duwe gacuk banjur mbengok, “Ji…!” Bocah kuwi terus mlayu nonton gacuke kancane sing wis tiba utawa sing isih kumleyang. Muga-muga gacuk liyane padha mengkurep. 

Ing babak penyisihan iki kanyata mung gacuke Nafis karo gacuke Heru sing isih urip, merga tibane mlumah. Dene gacuke Arief lan gacuke Hendy wis mati, merga tibane mengkurep.

Nafis banjur njupuk gacuke dhewe karo gacuke Heru saperlu diumbulke maneh kanggo nemtokake sapa sing menang. Sawise ethok-ethok menehi jopa-japu disebulke ing gacuke supaya menang, gacuk loro kuwi diumbulke maneh dening Nafis. Nafis banjur ngetutke kumleyange gacuke. 

“Ji…!” pambengoke Nafis meruhi gacuke sing gambare wayang Gatotkaca tiba mlumah. Sawise kuwi Nafis gage marani gacuke Heru sing wis meh tiba ing lemah. Heru lan kanca-kanca liyane iya lagi ngetutke kumleyange gacuke Heru sing gambare Ali Baba nemokake raja brana simpenane rampok ing njero guwa.

Mbareng ngerti yen gacuke Heru tiba mengkurep sanalika Nafis mbengok, “Dhewe…!!!” karo njoged-njoged. Ateges mung gacuke Nafis dhewe sing isih urip. Ateges Nafis menangake umbul ing wektu iki. Mula kanca-kancane kudu nyerahake udhune arupa gambar umbul cacah sepuluh saben wong siji, jumbuh karo prajanjen sadurunge dolanan kawiwitan.

Sabanjure bocah papat kuwi hompimpah lan pingsut jah-ndho-jleng maneh kanggo nemtokake sapa sing wenang ngumbulake gambar. Tibane ngenggon jebul Nafis maneh sing wenang ngumbulke gambar. Gacuk cacah papat diumbulake mendhuwur, banjur kumleyang  tiba ing lemah. 

“Ji….!!!” pambengoke Heru maneh.

“Ji….!!!” pambengoke Arief uga.

“Kosik….Kosik! Iki gacuke Nafis karo gacukku kempel. Takbalenane dhisik!” pambengoke Hendy karo gage-gage njupuk gambar gacuke dheweke karo gacuke Nafis sing kempel tiba bareng ora gelem pisah.

“Lhoh…iki piye, Nafis urik! Jebul gacuke bolak-balik padha. Pantes wae Nafis menang. Yen ngene iki carane… gacuke Nafis ora bakal bisa mati,” aloke Hendy sawise nyumurupi jebul gacuke Nafis kuwi gambar loro dilem dadi siji. Diwolak-walik kabeh ana gambare Gatotkaca.

“Hendy kuwi sing salah! Sing wenang ngumbulke gambar kuwi aku, keneng apa kok Hendy sing njupuk gacuk-gacuk iki? Aku ora trima!” Nafis tetep ngeyel, rumangsa hake dilanggar dening Hendy.

Bocah loro banjur plirik-plirikan. Meh wae arep kerengan yen ora banjur ditengahi dening Arief.

“Kosik, Fis! Pancen Hendy sing salah ing bab njupuk gacuk lan arep ngumbulke gacuk sing kempel. Nanging yen ora kaya mengkono wewadi kecuranganmu kuwi mbok menawa ora ndang kebukak. Mbok menawa yen nasibmu apik, hompimpah lan pingsut kowe tansah sing menang, gambare kanca-kancamu iki kabeh bisa entek diudhokake dadi duwekmu. Amarga gacukmu ora bisa mati, mesthi menang mungsuh gacuke kancamu sing mesthi suwe-suwe ya bakal mati. Saiki kowe ngakoni apa ora yen kowe ing dolanan iki wis laku urik? Kowe wis nguriki kanca-kancamu, ngaku apa ora?” pandhesege Arief sing awake luwih gedhe tur duwe kawibawan.

Ngadhepi Arief sing umur-umurane luwih tuwa lan awake luwih gedhe, Nafis rumangsa wedi lan kalah wibawa. Sidane Nafis ngakoni kaluputane.

“Yen kowe ngakoni luput, saiki udhu-udhu sing wis tok menangake kanthi urik kuwi mau dibalekake kabeh. Lan ayo ganti dolanan liyane wae,” pangajake Arief.

“Piye ta kok ganti dolanan liyane? Asal wis ora ana sing curang nguriki kancane, dolanan umbul rak ya apik ta?” pitakone Heru sing rumangsa duwe gacuk sing apik. Karepe emoh yen dolanan sing bisa uga bakal tansah dimenangake kuwi diganti dolanan liyane.

“Dolanan umbul kuwi ya apik yen ora ana sing urik kaya Nafis mau. Nanging dolanan gambar kuwi rak ora mung umbul thok? Yen wis ana sing urik ngono mau aku kok rasane wis kagol dina iki. Luwih becik saiki dolanan kar-karan wae, karo dianggo minterke awake dhewe ing babagan etung-etungan. Piye sarujuk apa ora?” pangajake Arief nareni kanca-kancane.

“Ya. Aku sarujuk!” wangsulane Hendy, Nafis lan Heru bebarengan. 

“Yen ngono, ayo neng empere Heru kana wae sing jembar!” pangajake Arief. Tanpa nunggu wangsulane kanca-kancane Arief terus mlangkah nuju empere Heru sing ora adoh saka papan kono.
Tekan empere Heru jebul ing kono wis ana bocah cilik-cilik sing padha dolanan gambar. Gandheng bocah-bocah iki isih luwih cilik tinimbang Heru sakancane, mbok menawa lagi ngenal angka, dolanane dudu kar-karan, nanging tek-puk. Carane: tumpukan gambar sing wis dikasut diubengake pasarta, ditawarake arep dikethok apa dirut. Yen dikethok  ateges bocah kuwi bakal njupuk sebagean saka tumpukan kuwi dipindhah posisine. Bisa neng ndhuwure, bisa neng ngisore, utawa ditlesepke neng tengah. Nanging yen dijawab rut, ateges dolanan bisa dibacutake. Bandar sing ngasut banjur nyelehke tumpukan gambar kuwi neng tengah. Pasarta banjur njupuk sakarepe saka tumpukan gambar kuwi. Endi sing dijupuk, ora kena diowahi posisine, gambar sing dibukak kuwi pira angka ekane yakuwi bijine.  Ora ana petungan jumlah-jumlahan.

Heru, Arief, Hendy, lan Nafis banjur gawe kalangan dhewe. Bocah papat kuwi hompimpah lan pingsut jah-ndho-jleng maneh kanggo nemtokke sapa sing wenang ngasut pinangka bandar. Asile undian cara bocah kuwi jebul Hendy sing kudu dadi bandar. Ditemtokake para pasarta kudu masang udhu sepuluh gambar. Udhu dideleh neng ngarep lungguhane.

“Thok apa rut?” Hendy nawakake marang kanca-kancane sawise tumpukan gambare dikasut suwe nganti memet.

“Thok!” panyaute Nafis. Dheweke langsung nyaut tumpukan gamabr sing diulungake Hendy. Dijupuk saprotelon sisih ndhuwur dilih neng ngisore.

“Kosik! Aku neleki!” panjaluke Arief. Arief banjur njupuk salembar saka tumpukan gambar sing durung didumke kuwi. 

Sawise usulan thok rut lan neleki wis dileksanani, Hendy lagi bisa ngedumke mubeng siji-siji nganti kabeh pasarta entuk bagean gambar cacah loro. Gandheng Arief wis neleki siji, kari tambah didumi siji maneh. Dene Hendy entuk bagean gambar cacah telu dhewe, amarga sing siji mengko kudu ditibakake kanggo miwiti mlakune dolanan, utawa kanggo nyetop yen rumangsa wis nglumpukke biji dhuwur dhewe.

Hendy wiwit njumlah bijine saka ekan sing ana ing nomer urut gambare. Sing siji angkane 32, sing sijine maneh angkane 49, banjur sijine angkane 23. 

“2 tambah 9 ana 11, ateges bijine 1. 2 tambah 3 ana 5, bijine 5. 9 tambah 3 ana 12, bijine 2. Ateges sing paling dhuwur dhewe 2 tambah 3 ana 5. Yen ngono gambar sing nomer 49 iki wae sing tak guwak,” grenenge Hendy sajroning batin. Hendy banjur ngguwak gambar nomer 49 ing sisihe kanthi mengkurep.

Arief sing ana sisihe Hendy rangu-rangu, arep njupuk gambar sing wis diguwak Hendy apa njupuk gambar sing ana tumpukan. Kamangka biji anggone njumlahake nomer gambare lagi entuk 7 ditambah 8 ana 15 alias biji 5. Sawise dipikir-pikir pungkasane Arief njupuk gambar sing ana tumpukan. Raine katon tambah bingar nalika Arief mbukak jebul entuk gambar nomer 29. Arief banjur ngguwak gambar nomer 27. Saiki Arief wis entuk angka 8 ditambah 9 ana 17, dadi bijine 7. Yen bocah kendel satemene wis wani nutup, nanging Arief sing ngati-ati durung wani nutup.

Nafis sing ana sisihe Arief suthik yen kudu njupuk turahane Arief. Kanthi mantep dheweke njupuk gambar sing ana tumpukan. Nanging Nafis dadi pucet mbareng meruhi angka sing dijupuk. Maune gambare wis duwe biji 7, yaiku 24 karo 33. Nanging kurang marem yen nutup durung entuk biji 9. Malah saiki entuk angka 18. Kamangka kudu ngguwak siji. Umpama ana prajanjen sing wis dijupuk ora kudu dianggo, bisa diguwak maneh, angka 18 kuwi mesthi bakal diguwak. Dadi bijine tetep 7, nanging mau nalika mlaku tumuju empere Heru wis digawe prajanjen, sapa sing wis kar, njupuk gambar lan mbukak ngerti angkane, kudu dianggo, ora entuk diguwak maneh. Kudu wani resiko! Lan kudu ngguwak salah siji gambar sing wis diduweni. Kajaba yen njupuk nanging ora dibukak, durung nganti ngerti angkane, banjur diteruske neng tumpukan sandhinge. Kepeksa Nafis ngguwak angka 33, bijine dadi 4 tambah 8 ana 12, ateges 2.

Heru tiba giliran kar apa nutup. Saiki bijine lagi 33 tambah 23, 3 tambah 3 ana 6. Angka tengah-tengah, yen wani untung-untungan bisa menang nanging iya bisa kalah. Yen nganti bijine Hendy luwih dhuwur, udhune bisa dicekut. Nanging yen nganti bijine Hendy luwih cendhek, udhune bisa dibayar. Semono uga bijine kanca-kancane, bisa dibandhingake karo bijine Hendy wektu kuwi uga. Nanging resikone dheweke bisa disengeni kancane yen jebul bijine Hendy luwih dhuwur. Mbareng dipikir-pikir pungkasane Heru luwih becik kar. Njupuk gambar tumpukan. Praupane tambah sumringah entuk angka 34. Yen ngguwak angka 23 utawa 33, bijine tetep mundhak dadi angka 7. Nanging Heru sing pancen kurang kendel spekulasi kuwi tetep ora wani nutup.

Saiki bali tiba gilirane Hendy. Gambare mau angkane 32 karo 23. Hendy njupuk gambar, ndilalah entuk nomer 36. Hendy langsung surak-surak. Praene sumringah. Hendy banjur ngguwak gambar nomer 32, lan terus nibakke gambare kanthi mlumah ing tumpukan gambar. Ateges dolanan putaran iki wis ditutup dening Hendy. Kanca-kancane padha pating plenggong. Sajak gela.

“Pira bijine Hendy?” Heru nonton gambar sing ditibakke Hendy, “23 ditambah 36; 3 ditambah 6 ana 9. Kamangka mau sadurunge ana 32 ditambah 23, mung ana 5. Wah sajane umpama mau langsung tak tutup, aku menang. Bijiku wis ana 7,” kandhane Heru getun sawise ngerti.

“Salahmu! Kowe kuwi kurang kendel! Umpama kowe wani nutup aku ya melu menang, bijiku ya wis entuk 7,” kandhane Arief.

“Jenenge nasib! Nasibe awake dhewe durung apik. Nasibe Hendy sing apik. Dadi ya Hendy sing menang. Awake dhewe sing kalah,” kandhane Nafis sing ya sajane rumangsa getun merga ora wani nutup dhisik mangka bijine ya wis 7 sadurunge kar. 

“Mas Hendy…! Didhawuhi kundur bapak. Iki wis wayahe bobok siang. Mengko sore sida ndherek bapak tindak nggone Pakdhe apa ora?” Rina ngerti-ngerti wis ana latar omahe Heru, ngajak kangmase mulih.

“Piye iki, aku kudu ndang mulih wis disusul adhiku. Mengko sore aku arep diajak nyang daleme Pakdhe. Aku kepeksa bubar dhsik, sesuk ndhak ora entuk dolanan maneh,” celathune Hendy marang kanca-kancane.

“Ora bisa! Kowe menang, ya kudu ditutuge. Yen ora, kuwi jenenge kowe urik!” panyaute Nafis.

“Iya… Hendy urik yen bubar saiki!!!” pambengoke kanca-kancane ora nrimakake.

“Nanging aku kudu mulih, mengko ndhak didukani bapakku!” alesane Hendy.

“Disengeni bapakmu kuwi urusanmu! Nanging aku emoh dirugekke!” eyele Nafis.

“Wis ngene wae. Aku tetep pamit. Nanging aku bakal menehi balen karo kowe kabeh saka kemenanganku. Bocah siji cacah lima gambar. Cukup ta?” Hendy ngalah.

“Ya wis nanging sesuk ditutugake maneh lho!” wangsulane kanca-kancane. 

Sawise Hendy menehake gambar marang kanca-kancane saben cah siji lima gambar, Hendy banjur mulih bareng Rina. Kakang adhi kuwi katon rukun runtung-runtung mulih bareng. *** 

Kapacak Ing Koran Solopos 8 Rejeb 1947 / 8 Mei 2014

Related posts:

No response yet for "Kumpulan Cerita Bahasa Jawa Bagian IV"

Post a Comment