Kumpulan Cerita Bahasa Jawa Bagian V

Artikel cerita bahasa Jawa berikut ini merupakan lanjutan dari artikel kumpulan cerita bahasa Jawa bagian IV.

Wacan Bocah
Mobil-Mobilan
Dening: Sutardi MS Dihardjo/Masdi MSD

“Ngungggg……” 
Nalika Pardi lagi melu bapake negor wit gedhang neng kebon, dumadakan keprungu swara mbengung sing lagi dina iki dirungu dening Pardi. Ditamat-tamatake  swara kuwi senajan padha mbengunge nanging beda karo mbengunge swara gangsingan sing biasa dituku ing pasar malem. Swara iki luwih cilik, nanging iya luwih ajeg, ditambah senajan alus kaya ana swarane roda nggelindhing.

Pardi rumangsa ketarik marang swara kuwi. Lon-lonan Pardi nggoleki arahe swara sing isih durung diwanuhi kuwi. Saiki Pardi wis wiwit metu saka pager kebone. Let sapekarangan saka kebone bapake, Pardi nemokake sumber swara, yaiku ing omahe Pak Bowo pegawe kantor pajek. Omah gedhe kuwi dikupengi pager tembok sing dhuwur. Amung lawang pager sing ora ditembok. Lawang pager digawe saka wesi sing dhuwur uga. Lan tansah dikunci. Yen ana wong arep mara tamu, kudu ngunekake klinthingan sing dipasang ing ngarep lawang pager. Banjur sing ana njero omah metu, nonton sapa sing teka, lagi mbukakake lawang.

Pardi weruh Rudy, putrane sing kagungan dalem gedhe kuwi lagi dolanan mobil-mobilan ing teras omah. Mobil-mobilan sing katon kinclong lan anyar kuwi ora digeret nganggo tali bolah utawa sembretan debog wit gedhang, nanging embuh nganggo apa kok bisa mlaku dhewe, mubeng-mubeng lan maju-mundur. Malah bisa mbrobos ngisor meja lan yen arep nabrak sikilan meja utawa kursi bisa menggok dhewe. Mbuh piye carane, sing terang Pardi weruh Rudy nggawa sawijining alat sing tansah diuthak-uthek ing tangane karo ngawasi lakune mobil-mobilane. 

Pardi kepengin bisa melu dolanan karo Rudy. Syukur-syukur dililani melu nglakokake mobil-mobilane sing ajaib kuwi.

 “Ruuu…dy! Ruu…dy!! Tulung bukakke lawange, aku pengin melu dolanan karo kowe!” pambengoke Pardi saka njaba celuk-celuk Rudy sing lagi kesengsem dolanane sing anyar.

Ora ana wangsulan. Sajake Rudy ora krungu amarga lagi ketungkul  asyik dolanan. Ketambahan mbengunge swara mobil-mobilane cukup banter lan dheweke kudu konsentrasi ngawasi lakune mobil-mobilan sarta nyetir nganggo remot kontrole.

 Bola-bali celuk-celuk ora direwes dening Rudy sing lagi ketungkul dolanan, rekae Pardi arep nggayuh klinthingan lan ngunekake kanggo celuk-celuk lan njaluk supaya sing ana njero omah mbukakake lawang. Nanging ora gaduk. Direwangi nganti jinjit-jinjit, meksa ora gaduk! Klinthingan iku anggone ndeleh kedhuwuren kanggone Pardi. Tangane ora bisa ngranggeh, apa maneh ngunekake. 

“Piye iki carane celuk-celuk supaya sing ana njero gelem mbukakake lawang pager?” grenenge Pardi sajroning batin. Mripate nyawang sadawane dalan ngarep omah. 

“Nah iki. Watu iki bisa tak anggo nuthuki lawang pager supaya Rudy krungu lan ngerti yen ana kancane mara arep dolan. Muga-muga Rudy gelem mbukakake lawang lan nglilani aku melu dolanan mobil-mobilan karo dheweke,” grenenge Pardi karo menyat njupuk watu sakepel gedhene ing pinggir dalan.

“Thing…! Thing..! Thingggg…!!” Pardi wiwit nuthuki lawang pager. Swarane banter cemengkling nlusup mlebu pekarangan omahe Pak Bowo, banjur nuthuki gendhangan kupinge Rudy. Gawe kaget sing lagi asyik dolanan, nganti anggone mijet remot kontrol dadi ora bisa dikontrol. Mobil-mobilan mblandhang nabrak pager teras. 

“Ngapa kowe nuthuki lawang pagerku!” pitakone Rudy sawise adhep-adhepan karo Pardi. Sing siji neng jero pager, sijine neng jaba pager. “Ngerti ra, yen tok thuthuki ngono kuwi lawangku bisa rusak? Sa ora-orane cet-e pager bisa nglothok!” bacute sajak nyengeni.

“Ya, aku njaluk ngapura. Lha wong kowe tak celuk bola-bali, ora mangsuli lan ora gelem mara mbukakake lawang. Kepeksa aku nuthuki lawang pagermu.  Bukakna lawange, aku kepengin dolanan mobil-mobilan karo kowe!” kandhane Pardi.

“Piye?! Kowe kepengin dolanan mobil-mobilan karo aku? Ngerti apa ora kowe, mobil-mobilan iki regane larang? Yen nganti rusak, ora sembarang uwong bisa ndadani. Cah ndesa kaya kowe yen tak lilani melu dolanan, mesthi mung arep ngrusakake mobil-mobilanku. Kowe ora kena melu dolanan mobil-mobilanku! Apa maneh melu nglakokake mobil-mobilanku, mlebu pekarangan omahku melu nonton nyerak mrene wae ora oleh!” kandhane Rudy nyengit, gawe lara atine Pardi.

“Aku mung arep mlebu, melu nonton neng teras omahmu wae ora entuk? Kebangeten tenan kowe kuwi! Ora-orane aku arep ngrebut setiranmu, terus nglakokake dhewe. Entuk ya Rud, aku tak mlebu mrono melu dolanan karo kowe? Aja sumelang. Aku tak anteng mung nonton mobil-mobilanmu mubeng-mubeng teras omahmu,” pambujuke Pardi supaya diolehake mlebu melu dolanan.

“Yen aku ngomong ora oleh ki ya ora oleh! Titik! Paling-paling kowe mengko yen gatelen tanganmu merga banget pengine, nanging tetep tak larang melu nyekel remot kontrolku iki,” celathune Rudy karo nuduhake remot kontrol sing diarani setiran dening Pardi, “kowe mesthi  terus nekad ngrebut! Yen ora bisa ngrebut kowe mesthi banjur nesu nendhangi mobil-mobilanku supaya rusak. Iya ta? Cah ndesa kuwi watake senengane ngono kuwi!”

Pancen Rudy kuwi ora kelairan desa kene. Sing asli desa kene kuwi bapake. Pinangka pegawe kantor pajek, bapake Rudy tugase pindhah-pindhah, saka kutha siji nyang kutha liyane. Saiki gandheng wis nyeraki masa pensiun Pak Bowo njaluk pindhah neng dhaerah asale. Pekarangan warisane wong tuwane dibangun dadi omah gedhong magrong-magrong luwih dhisik sadurunge dipanggoni. Gandheng Rudy kulina urip neng kutha lan ora ngerti yen satemene bapake kuwi asline ya saka desa kene, dheweke nganggep yen dheweke kuwi wong kutha, lan nganggep wong desa kene kuwi ’wong ndesa’. Rudy emoh srawung karo bocah desa kene, kejaba yen ana sekolah. Kuwi wae kanthi ati kang abot merga kepeksa, lan pilih-pilih.

“Aja sombong kowe! Ngertia, kowe saiki manggon urip neng ndesa, ateges kowe saiki ya wong ndesa!” panyaute Pardi sengit.

“Sakarepmu! Sing baku kowe ora entuk mlebu omahku melu dolanan mobil-mobilan. Titik! Wis kana, lunga kana! Aja ngganggu nggonku dolanan!” panyaute Rudy genti nundhung Pardi.

“Yen aku ora entuk melu dolanan mobil-mobilan neng omahmu, titenana! Lawang pagermu arep tak thuthuki watu! Yen perlu omahmu arep tak balangi watu sisan, ben rusak!” pangancame Pardi.
“Awas yen kowe mbalangi watu omahku! Asuku arep tak culke ben nyokot awakmu!” pangancame Rudy genti.

Pardi banjur nglumpukke watu cilik-cilik sing sumebar ing dalan saperlu arep dianggo mbalangi omahe Rudy. Ana kira-kira watu cacah enem sing kasil diklumpukake. Nanging sadurunge Pardi wiwit mbalangake watu sing sepisanan, tangan wis ancang-ancang arep mbalang, dumadakan Pak Paimin, bapake Pardi njedhul.

“Pardiii…! Arep ngapa kowe? Ayo diselehake watune! Ora pareng mbalangi omahe uwong! Yen nganti gawe rusak utawa mecahke kaca, banjur ditempuhke kon ndadani utawa kon ngijoli, apa kowe bisa? Apa kowe duwe dhuwit nggo tuku kaca lan nggo mbayari tukang?” celathune Pak Paimin elik-elik. 

“Lha mosok mung kon mbukakake lawang ben aku bisa melu dolanan mobil-mobilan wae kok ora gelem. Malah aku diunekake ’cah ndesa’. Kebangeten tenan Rudy kuwi, pak!” wangsulane Pardi. Watu sing wis dicekeli diseleh neng pinggir dalan.

“Ora entuk melu dolanan mobil-mobilan rak ya wis ngono. Ora usah nekad gawe rusak ngono kuwi. Yo neng kebone dhewe, tak gawekke mobil-mobilan saka bodong wit gedhang. Kebeneran wite gedhang kae mau dhuwur, dadi bodonge dawa. Kana celukana kanca-kancamu, dijak dolanan mobil-mobilan bebarengan! Mengko tak ajari carane gawe mobil-mobilan saka bodong wit gedhang,”  pangajake Pak Paimin.

“Nggih, Pak, kula celukane  Antok, Darto, lan Jono. Kula jake dolanan mobil-mobilan sesarengan, mangke rak gayeng. Boten dolanan mobil-mobilan ingkang saged mlampah piyambak ingkang reginipun awis nggih boten punapa-punapa. Dolanan kalih rencang sareng-sareng malah langkung asyik lan gayeng!” Pardi banjur njranthal mlayu kesenengen nggoleki kanca-kancane.

Ora let suwe bocah papat wis nglumpuk neng kebone Pak Paimin. Bocah papat kabeh nggawa lading. Pak Paimin ngglundhungake debog wit gedhang sing mentas ditegor kuwi neng tengah kebon sing rada resik ora ana wit-witane.

“Bocah-bocah, saiki ayo bebarengan nglonthoki debog kulit wit gedhang iki bebarengan. Gotong royong. Ana sing pener bongkot, ana sing neng tengah, ana sing neng pucuk. Nggone nglothoki bareng, mengko rak gampang,” Pak Paimin ngajari carane nglonthoki. Bocah-bocah banjur nyonto. Ora gantalan suwe wit gedhang kuwi wis nglothok kari bodonge.

“Saiki didum….Kosik-kosik-kosik! Pardi, kowe arep gawe apa?” pitakone Pak Paimin sadurunge ngedum bodonge.

“Kula badhe damel Truk bake tutupan, Pak,” wangsulane Pardi.

“Yen ngono kowe cukup setugel wae ora usah dawa-dawa,” kandhane Pak Paimin karo menehi bodong kira-kira 40 Cm.

“Saiki Antok arep gawe apa?”

“Kula badhe damel mobil colt, Pakdhe,” wangsulane Antok.

“Mobil colt luwih cendhak. Iki 30 Cm. wae wis cukup,” kandhane Pak Paimin karo menehake tugelan bodong.
“Kula pengin damel truk bak bukaan, Lik,” kandhane Darto.

“Yen ngono sing tok butuhke padha kaya nggone Pardi. Iki tampanana,” kandhane Pak Paimin karo ngulungke bodong ukuran 40 Cm.  

“Nanging truk ingkang badhe kula damel niku truk gandhengan, Lik Paimin,” kandhane Darto maneh.
“Yen ngono ya ditambahi 30 Cm. maneh,” kandhane Pak Paimin karo ngulungke bodong tambahan marang Darto.

“Kula pengin damel sepur, Lik Paimin, bodong kula nggih kedah dawa lhe, Lik,” celathune Jono.
“Yen ngono gerbonge cendhak-cendhak wae tur maneh ora perlu akeh-akeh. Cukup loro wae gerbonge, mengko mundhak kabotan nggonmu nggeret,” kandhane Pak Paimin karo ngulungke bodong kira-kira dawane 80 Cm.

“Saiki carane nggawe rak wis padha ngerti ta, cah?” pitakone Pak Paimin.

“Pripun, Pak? Pripun Lik? Pripun Pakdhe? Sanjange badhe muruki caranipun ndamel,” kandhane bocah papat kuwi bebarengan.

“Padha rungokna tak kandhani carane gawe! Yen arep gawe mobil-mobilan utawa truk-trukan, dhisik dhewe bodong ditugel jumbuh karo sing dibutuhke. Nyisihake telung senti ping papat kanggo gawe roda. Yen truke gandhengan, ya sing kanggo rodha luwih akeh dijumbuhake karo cacahe gandhengan. Semono uga yen arep gawe sepur-sepuran. Sisane banjur disigar dadi loro. Sing rata tipak sigaran kuwi mengko dadi perangan ngisor mobil-mobilan, dene sing mlengkung setengah lingkaran dadi perangan ndhuwur. Yen arep gawe truk bak bukaan utawa bak tutupan, kowe ngukura saka ngarep kira-kira 10 Cm pinangka ndhas-ndhasane truk, banjur samburine ndhas-ndhasan saka ndhuwur tok longi separo memburi pinangka papan bake truk. Ngerti apa ora?” Pak Paimin wiwit nerangake carane gawe truk-trukan saka bodong.
“Nggih, mudheng kula, Pak,” wangsulane Pardi.

“Kula nggih pun mudheng, Lik Paimin,” wangsulane Darto.

“Rodhane yen trima gedhe, ya wis bodong wutuh kuwi sawise diketok telung senti-telung senti banjur disundukke neng biting sing sadurunge wis dipasang pener rodha. Nanging yen rumangsa gegedhen ya dicilikake. Nanging kowe kudu bisa nggawe roda sing gedhene padha tur katon bunder ben ora jonjing, ben lakune rata.”

“Lajeng carane damel bak bukaan utawi bak tutupan pripun?”

“Bak bukaan, cukup kowe ngethok debog klothokan bodong mau tok pasang mlumah samburine ndhas-ndhasan. Mesthi wae pinggire ya dilus dhisik ben rapi. Supaya bisa tememplek, ing tengah-tengah dibitingi. Bitinge rada dawa diplengkungke, banjur ditujeske pucuk-pucuke ngiwa nengen ben kuwat,” Pak Pimin njelasake, “Dene yen arep gawe  bak tutupan,  debog klithokan bodong kuwi mau dipasang mengkurep. Nanging nggonmu mbitingi ora neng tengah nanging neng pinggir, pener ngiringan papan bake truk. Mula nggonmu gawe papan bak kudu luwih kandel. Lan nggonmu ngelongi klithokan debog ya luwih akeh ben tiba nggon kandel.”

“Lha yen kula badhe damel colt tutupan pripun Pakdhe?” pitakone Antok.

“Mobil colt carane gawe meh padha karo gawe truk bak tutupan. Mung wae bentuke luwih cilik lan bake dhuwure padha karo ndhas-ndhasane. Dene yen arep gawe sepur-sepuran, carane cukup bodong sawise disigar dadi loro, ora perlu digawekake papan bak mburi. Cukup tok ukir wae nganggo lading, dientha-entha kaya gawe lawang lan cendhela. Rodhane luwih cilik-cilik. Gandhengane ngarep-mburi tok tancepi biting diplengkungke kanggo nalekake bolah. Piye rak wis padha mudheng kabeh ta, bocah-bocah?” pitakone Pak Paimin sawise nerangake carane gawe mobil-mobilan.

“Sampun jelas.” “Sampun mudheng.” “Sampun ngerti.” “Sampun dhong,” wangsulane bocah-bocah bebarengan. 

“Yen ngono saiki ndang diwiwiti gawe mobil-mobilan. Aku tak golek blarak sing isih seger, menek wit klapa kana, dinggo gawe bitingmu kuwi.” Pak Paimin banjur menek wit klapa ing kebone kanggo golek blarak.

Bocah-bocah wiwit ibut gawe dolanan mobil-mobilan jumbuh karo angen-angene dhewe-dhewe. Dientha-entha miturut kreatifitase. Nalika Pak Paimin menehake biting marang bocah-bocah kuwi, bocah-bocah banjur gawe indhen mobil lan wiwit masang glindhingane. Malah ana sing wiwit nggunakake biting dadi cagak gendera lan banjur dipasangi gendera saka kertas. Sing dinggo nemplekke, ora ana lem ya nganggo upa sega. Kanca-kanca liyane banjur padha tiru-tiru. Gendera dipasang neng ndhuwur sopiran. Bocah-bocah rumangsa bombong sawise masang gendera. Ing pangangen-angene gendera sarwa prasaja mung saka kertas putih suwekan buku tulis kuwi mujudake gendera merah putih, genderane Bangsa Indonesia sing kudu diajeni lan dijaga supaya tetep kemlebet ana ngendi wae, senajan ing pelosok desa nganti tekan manca negara. Kanggo narik mobil-mobilane bocah-bocah nggunakake tali saka debog sing disiset sagedhene driji.

Sawise kabeh wis rampung anggone gawe mobil-mobilan, Pardi, Darto, Jono lan Antok banjur wiwit nglakokake mobil-mobilan lan sepur-sepurane. Cah papat nggeret dolanane dhewe-dhewe wira-wiri neng dalan sangarepe omahe Rudy. Sadalan-dalan bocah-bocah kuwi nirokake swarane kendharaan tironane. Pardi lan Darto nirokake swara truk. Antok nirokake swara colt. Jono kak-kok-kak-kok…ndeling-ndeling, nirokake swara sepur. Kadhang kala bocah-bocah kuwi nggone mlaku balapan karo ngguyu-ngguyu. Dadi gayeng banget. Katon seneng, akrab lan gumbira. 

Wektu kuwi Rudy isih ketungkul anggone dolanan mobil-mobilane. Rudy lungguh jegang ing kursi sofa sing ana ing teras. Ing meja cumawis camilan sing sedhela-sedhela diemploki saselane mijeti remot kontrol. Meruhi ana bocah papat dha gegojegan dolanan mobil-mobilan lan sepur-sepuran, wiwitane rumangsa keganggu. Arep nesu, apa kuwasane? Wong bocah-bocah kuwi dha dolanan ana dalan, papan umum, dudu pekarangane. Kanthi gembreget Rudy mung bisa ngawasi sing lagi padha dolanan sinambi guyon lan gojegan. Mobil-mobilan lan remot kontrole diselehake. Rudy nyawang neng ngarep lawang pager.

Suwe-suwe Rudy bisa ngrasakake sepira senenge bocah-bocah sing satemene iya kanca-kancane sekolah kuwi dolanan bebarengan. Katon rukun lan guyub. Rudy nyawang awake dhewe, senajan dolanane akeh, sarwa gumebyar lan canggih moderen, nanging ora bisa seneng kaya kanca-kancane kuwi sing dolanan bebarengan senajan mung dolanan saka bahan sing remeh lan murah. Rudy kepengin bisa dolanan bebarengan karo kanca-kancane. Rudy kepengin bisa ngguyu-ngguyu lan gegojegan bebarengan. Ana kalane bisa nyek-nyekan karo kancane amarga lakune bisa dibalap, nanging nyek-nyekane ora dilebokake ati, amarga nyek-nyekane karo guyon.

“Pardi! Darto! Jono! Antok! Aku melu dolanan mobil-mobilan karo kowe entuk apa ora?” pitakone Rudy sawise metu menyang dalan karo nyegat bocah papat sing lagi mlaku mundur karo nggeret dolanane. Bocah papat kuwi banjur mandheg ngadhepi Rudy.

“Kowe mau tak eloni dolanan mobil-mobilanmu wae ora entuk. Saiki kowe pengin melu dolanan karo aku. Tur maneh mobil-mobilanmu luwih canggih lan luwih larang, ora ngregeti tangan. Yen kowe melu dolanan aku, mengko tanganmu reget, awakmu kesel! Iki rak dolanane cah ndesa!” kandhane Pardi nyindhir.

“Jebul dolanan bareng kancane kuwi luwih seneng. Tur maneh mloka-mlaku wira-wiri nggeret mobil-mobilan kaya ngono kuwi luwih sehat, ora keju neng awak. Yen lungguhan dhewe kuwi suwe-suwe keju,” celathune Rudy.

“Pancen dolanan kaya aku ngene iki kesel amarga mloka-mlaku. Nanging sehat, amarga karo olah raga. Kowe entuk nggabung melu dolanan karo aku, kebeneran bodonge isih. Nanging kowe ya kudu nglilani aku sakanca dolanan mobil-mobilanmu sing canggih kuwi. Waton aku sakanca tok kandhani carane nglakokake, aja sumelang mobil-mobilanmu bakal rusak,” kandhane Pardi.

“Iya ora papa yen kowe kabeh pengin dolanan mobil-mobilan karo aku, waton aku ya oleh melu dolanan mobil-mobilan bodong karo kowe,” kandhane Rudy.

Rudy banjur dijak bareng neng kebone bapake Pardi. Ing kana Rudy diajari carane gawe mobil-mobilan saka bodong wit gedhang. Sawise dadi, bocah lima banjur dolanan bareng sinambi gegojegan lan geguyonan. Katon guyub lan rukun. Sorene genti bocah papat kuwi sing dolan neng omahe Rudy. Sawise dikandhani carane nglakokake mobil-mobilan moderen nganggo remot kontrol, bocah lima genti genten dolanan mobil-mobilan sing bisa mlaku tanpa digeret nganggo tali. ***


Related posts:

No response yet for "Kumpulan Cerita Bahasa Jawa Bagian V"

Post a Comment