Kumpulan Cerita Bahasa Jawa Bagian VI

Artikel cerita bahasa Jawa berikut ini merupakan lanjutan dari artikel kumpulan cerita bahasa Jawa bagian V.

Wacan Bocah
Antarane Main Game Karo Dolanan Gawe Dhewe
Dening Sutardi MS Dihardjo/Masdi MSD

“Dooo..ni! Ayo dolanan playstation!” pangajake kanca-kancane nalika bocah kuwi lagi wae mulih sekolah. Pancen neng sekolah mau Doni wis padha kangsenan karo kanca-kancane.

“Kosik, aku tak mangan dhisik, entenana sedhela!” 

“Kesuwen, Don! Mengko jajan wae neng kana. Yen kalah dhisik, sida mung dadi penonton awake dhewe mengko. Dadi yen gelem ayo mangkat dhisik. Sing mangan mengko, jajan wae neng kana. Yen ora gelem, ya wis tak tinggal wae. Aku tak mangkat wong lima wae,” pandhesege Dito menehi pilihan sing sifate meksa marang Doni.

“Ya wis, yen ngono aku melu kowe. Ora perlu mangan dhisik. Nanging entenana sedhela wae aku tak salin klambi,” pungkasane Doni manut kanca-kancane.

 Bocah enem: Doni, Dito, Arief, Gandung, Sidhu, lan Hendy gegancangan tumuju kios playstation mburi Gedung Sasana Suka. Mangan awan nganti ora kober. Sumelang kedhisikan rombongan bocah-bocah liyane. Amarga playstatione mung ana 4 unit. Yen nganti kedhisikan rombongan bocah liyane, Doni sakancane bisa ora oman. Kudu nunggu sajelehe rombongan sing dhisik, lagi bisa main. Kamangka adhaane bocah yen wis kadhung nyekel dolanan ngono kuwi wis ora ngerti wektu. Ora ngelingi yen wis ana sing antri selak nggenteni.

Kamangka Doni sakancane menawa kudu nunggu giliran main, rasane tangane selak gatelen. Rasane ora kanti. Selak kepengin nyekel lan mainake. Luwih-luwih yen sing main dhisik katone kok ora pati pinter, isih gaptek, kaya-kaya selak diganti-gantia wae. Mula tinimbang kalah dhisik, mung trima dadi penonton nganti jam-jaman, luwih becik mangkat dhisik ben ndang bisa main.  Perkara mangan awan, gampang, warung sangarepe kios playstation wis nyedhiani.

Tekan kios playstation, sawise ndhaftar nyewa 3 unit playstation suwene rong jam, bocah enem kuwi banjur gage-gage nyekel stik kanggo mainake game kang ana ing kono. 

“Aku karo Dito mainake game perang-perangan koboi mungsuh bandhit. Aku tak mainke Charles Bronson, kowe sing mainke bandhite ya, To,” celathune Doni marang Dito. Ditto bocah manutan kuwi anane mung manthuk. Wong loro banjur gage nyekel stike dhewe-dhewe. Game wiwit main, oyak-oyakan lan tembak-tembakan antarane seri lan bandhit. Rame banget. 

“Aku karo Gandung tak mainake game balapan mobil. Rak ya ngono ta, Ndung?” celathune Arief marang Gandung. 

“Iya. Aku ya seneng kok kebut-kebutan neng dalan gedhe utawa neng tengah alas. Rasane asyik banget!” wangsulane Gandung.

Bocah loro gage nyekel stik nglakokake mobil, balapan ngliwati dalanan kutha, banjur nggeblas neng tengah alas, munggah mudhun pereng gumuk sing kadhang kala ana pepalang kali, wit-witan gedhe lan jurang. Rasane tegang yen meneri mlipir pinggir jurang kathik ing ngisore watu-watu pating jenggeleg. Kamangka ing mburine mungsuhe wis saya caket anggone ngoyak. 

“Aku karo Hendy tak mainake game bal-balan wae, tetandingan antarane kesebelasan Spanyol mungsuh kesebelasan Italia. Gelem ta, Hen?” pitakone Sidhu marang Hendy. Tanpa wangsulan Hendy langsung nyekel stik nglakokake kesebelasan Italia, dene  Sidhu iya banjur nyekel stik nglakokake kesebelasan Spanyol. Bal-balan ing layar kaca kuwi gayeng banget. Saben-saben mungsuhe kegolan, sing mainke stik  surak-surak. Kosok baline sing gawange dijebol, sing mainke stik getem-getem karo misuh-misuh. Surak-surak lan misuh-misuhe sing lagi mainke game bal-balan iki nganti narik kawigatene sing lagi tegang mainake game liyane. Bocah-bocah kuwi ora padha nesu rumangsa keganggu, nanging iya malah banjur melu surak-surak.

Sawise sauntara anggone padha main game, udakara entuk karotengah jam, dumadakan Doni pringisan karo nyekeli wetenge. 

“Aduh….. wetengku lara!” sambate Doni karo pringas-pringis ngampet lara.

“Kenegapa, Don? Wetengmu lara? Sajane wetengku ya wis mlilit-mlilit kawit mau, nanging tak ampet. Mbok menawa iki merga awake dhewe kengelehen. Lha piye sing biasa dodol neng ngarep kios kono saiki ya lagi ora dodol, warunge tutup,” kandhane Dito.

“Aku neng sekolah mau ya ora jajan. Dhuwite tak eman-eman  ben bisa dinggo main playstation iki je. Aduhhhh…. Nanging saiki wetengku krasa lara banget! Aku ora kuwat ngampet. Aduuuuhhhhh….!!!!” pisambate Doni.

“Ana apa kok aduh-aduh?” pitakone Hendy, Arief, Sidhu lan Gandung bebarengan meruhi Doni pringas-pringis karo sambat.

“Doni lara wetenge. Sajake kengelehen, lara mag-e kumat. Mau durung kober mangan, neng sekolah mau ya ora jajan,” wangsulane Dito.

“Yen ngono ayo ndang dijak mulih wae, mengko ndhak saya banget larane!” pangajake Sidhu marang kanca-kancane.

“Mengko sing masrahke sapa? Aku wedi yen mengko didukani bapake Doni, merga Doni mau durung kober mangan awan selak dijak dolan. Mau sing marahi ngajak Doni Hendy ta? Dadi sing masrahke ya kudu Hendy. Yen nganti didukani bapake Doni ben Hendy,”aloke Dito marang kanca-kancane.

“Saiki ora usah nyalah-nyalahke siji lan sijine. Iki kabeh dadi tanggung jawabe bebarengan. Sing penting ayo saiki Doni ndang diterke mulih, ben ndang ditambani wong tuwane,” kandhane Gandung tanggung jawab.

“Bener! Aja ana sing mingkur saka tanggung jawab! Yen ana dukane bapake Doni, ya kabeh kudu ngrasakke. Kabeh kudu wani tanggung jawab lan njaluk ngapura. Wis ayo Doni ndang diterke mulih mengko ndhak saya nemen larane!” pangajake Arief marang kanca-kancane.

Sawise mbayar sewane playstation menyang kasir lan pamitan, bocah lima banjur ndhabyang-ndhabyang Doni mulih nyang omahe. Untung omahe Doni ora adoh karo kios playstation, mung kira-kira 200 meter, dadi lakune bocah-bocah kuwi ora suwe wis tekan. Neng ngarep omah wis diadhang bapake Doni sing kebeneran pancen arep nggoleki Doni amarga ngerti yen lungane Doni mau durung kober mangan dhisik, katitik sega sing wis dikokohi jangan lan lawuh isih wutuh.

“Ana apa iki, Doni lakune kok tok dhabyang-dhabyang? Apa ora kuwat mlaku dhewe?” pitakone Pak Saiman, bapake Doni.

“Saderengipun kula sedaya nyuwun pangapunten, Pak Saiman. Niku wau Doni kimat sakit mag-ipun. Turene enjing wau wonten sekolah dereng kober jajan. Lajeng mantuk sekolah ugi dereng kober maem, selak dolanan playstation wonten kios playstation, amargi diampiri kula sak rencang,” Hendy matur karo wel-welan merga rumangsa salah wis ajak-ajak Doni sing banjur njalari kancane kuwi dadi lara. Hendy anggone matur karo tumungkul, ora wani ngawasi sing dilapuri. Atine sumelang, aja-aja Pak Saiman mengko duka lan banjur nggetak-getak nyengeni dheweke.

“Angkah kula sarencang, mangke menawi luwe badhe jajan wonten warung sacerake kios playstation. Ndilalah warung punika kok nggih tutup. Dados nggih boten kober jajan kangge ganjel weteng,” sambunge Gandung sawise ngerti Hendy sajak keweden anggone matur.

“Estu, kula sedaya ingkang lepat. Kula sedaya nyuwun pangapunten, Pak Saiman,” ature bocah lima bebarengan ngakoni luput lan njaluk pangapura. Pak Saiman rumangsa seneng dene bocah-bocah kuwi kanyata padha duwe sifat satria. Gelem ngakoni kaluputan bebarengan. Ora rumangsa bener dhewe kanthi ndadekake salah sawijining kanca dadi korban sing kudu diluputake ijen. Kanyata kesetia-kawanane bocah-bocah kuwi isih kandel.

“Wis saiki kowe kabeh ora perlu banget-banget nggonmu keweden. Kowe kabeh wis tak apura. Satemene sing salah kuwi ora mung kowe, nanging Doni iya salah. Geneya dheweke gelem tok jak dolan sadurunge mangan dhisik. Lan kenengapa dhuwit sing kudune dinggo jajan ben ora keluwen neng sekolah, kok ora dinggo jajan mung beteke supaya bisa dinggo nyewa palystation,” ngendikane Pak Saiman, “Sajane aku wis ngerti yen Doni dolan bebarengan kancane neng kios playstation tanpa mangan luwih dhisik. Nanging pancen tak coba, ben dinggo pengajaran tumrape Doni, apa akibate. Nah yen nganti lara ngene iki sapa sing ngrasakke?” Pak Saiman kendel sedhela anggone ngendika saperlu nyawang bocah-bocah sing katon padha keweden. “Nanging kowe kabeh aja sumelang! Mengko yen wis ngombe obat mag, banjur mangan sithik-sithik, Doni rak ndang mari,” bacute ngendikane Pak Saiman.

“Entenana neng kene dhisik, aku tak nurokke Doni neng kamare lan mimikke obate. Bubar kuwi, aku kepengin omong-omong karo kowe kabeh. Nanging iki ora ateges aku ngukum kowe neng kene merga kowe wis salah ngajak dolan Doni sadurunge mangan. Aku mung butuh omong-omong karo kowe kabeh yen dha ora kabotan,” kandhane Pak Saiman sabanjure. Bocah-bocah rumansa lega merga ora didukani Pak Saiman. Malah bocah-bocah sing wis rumangsa salah njalari larane kancane kuwi, saiki ditampa kanthi becik lan semanak dening bapake Doni. Kanthi senenge ati bocah-bocah padha lungguhan ana lincak sing ana emper omah, ngenteni apa sing arep dingendikakke Pak Saiman.

Pak Saiman banjur nuntun Doni mlebu nyang kamare. Sawise ngombeni obat, Pak Saiman metu maneh kanthi ngasta tela godhog karo wedang saporong sak gelase.

“Saiki bocah-bocah dha mangana tela godhog lan ngombea wedang dhisik. Kowe kabeh mesthi rak dha luwe ta? Aku ngerti kok, kowe kabeh mesthi mau neng sekolah ora dha jajan, mergane dhuwit jatah jajan dha tok gunakke kanggo main playstation, iya apa ora?” pitakone Pak Saiman.
“Leres, Pak Saiman,” wangsulane bocah-bocah bebarengan.

“Lan kowe kabeh iya padha durung kober mangan awan, mergane selak dolanan plystation, sumelang kedhisikan wong liya, bener apa ora?” pitakone Pak Saiman maneh.

“Inggih, leres, Pak Saiman,” wangsulane bocah-bocah maneh blaka.

“Kowe kuwi, dolanan sing murah, kreatif lan sehat wae ana, lha kok milih dolanan sing larang lan durung mesthi apik kanggone kesehatan awak lan jiwamu. Dhuwit kudune dinggo jajan neng sekolah ben ora keluwen supaya neng awak tetep sehat, malah tok nggo dolanan sing asale saka manca. Mangka sejatine saka negara kita dhewe ana dolanan sing luwih sehat. Ngertia! Kanthi ora tok rasa sejatine kowe kuwi kabeh lagi dijajah negara manca liwat budaya. Budaya asli, dolanan bocah jaman ndhisik mati lan ilang dijegi dolanan manca sing during mesthi luwih apik kanggo perkembangan kapribadenmu. Ngerti apa ora kowe apa sing tak karepake?” pitakone Pak Saiman.
“Kula dereng mangertos punapa ingkang Pak Saiman kajengaken,” celathune Hendy.

“Playstation kuwi dolanan saka manca. Saiki lagi mbanjir mlebu ngejegi negara kita. Dadi dolanan sing disenengi bocah-bocah, nanging nglalekake dolanane dhewe sing luwih sehat. Satemene yen kowe kepengin dolanan bal-balan, aja mung lungguh jegrang neng ngarep playstation. Entuk-entukane mung keju lan neng awak lara kabeh. Beda karo yen kowe dha bal-balan tenan neng lapangan utawa neng latar. Lapangan bawero wis disedhiyani, latar jembar uga ana. Kena apa ora tok manfaatake? Senajan awakmu kesel mloya-mlayu nanging sehat. Bener apa ora?”
“Nggih leres, Pak Saiman,” wangsulane bocah-bocah bebarengan.

“Semono uga yen kowe dha nyetir mobil, balapan ing game playstation, utawa numpak jaran oyak-oyakan sajroning game playstation. Entuk-entukane mung pegel, keju lan mripatmu pedhes. Beda karo yen kowe dolanan jaranan karo bedhil-bedhilan cara dolanane bocah cilik jaman aku gek isih cilik. Dolanan-dolanan kuwi luwih murah, meriah lan kreatif. Bener awak kesel, nanging sehat, keringeten, lan ndadekke awak dadi lincah, bregas lan sehat,” ngendikane Pak Saiman.

“Jaranan lan bedhil-bedhilan pripun, Pak Saiman?” pitakone bocah lima bebarengan pengin ngerti.
“Tenan kowe kabeh pengin ngerti?” pandangune Pak Saiman nodhi kekarepane bocah-bocah kancane anake.

“Saestu! Kula kepengin ngertos dolanan bocah-bocah jaman rumiyin ingkang asli Indonesia, murah, meriah, kreatif lan langkung nyehataken,” wangsulane Gandung.

“Kula nggih kepengin ngertos, Pak Saiman,” kanca-kancane Gandung emoh kalah.

“Yoh, yen ngono dha maraa mrene suk dina Minggu. Sedheng Doni wis mari. Wis saiki dientekke dhisik tela lan wedange. Mengko ndang bali mulih ndhak digoleki wong tuwamu!” ngendikane Pak Saiman mungkasi patemon awan kuwi.

Dina Minggu esuk-esuk Pak Saiman wis negor wit gedhang sing kebeneran wis suluh. Pak Saiman uga opek papah wit klapa cacah siji sing blarake wis tuwa. Doni sing ngancani bapake neng kebon bola-bali ingak-inguk dalan tumuju kebone. Ngarep-arep tekane kanca-kancane sing wis kangsen arep teka saperlu ajar gawe lan dolanan jaranan lan perang-perangan sing luwih sehat lan kreatif.

“Daaaa!!!!” panggetake Gandung, Dito, Sidhu, Arief, Hendy, Nazal lan Faisal bebarengan ngagetake Doni sing lagi ingak-inguk, nguwatirake kanca-kancane dha mblenjani janji. Bocah pitu ngerti-ngerti njedhul saka samburine pager teh-tehan karo nggetak ngagetake. 

“Wadhuh! Gawe kaget wae kowe kuwi. Meh copot jantungku.” Senajan kaget Doni rumangsa seneng kanca-kancane teka netepi janji. Gage-gage bocah pitu kuwi diajak marani bapake sing lagi ngethoki lan nyigari bongkok papah wit kelapa. Kekrekan blarak numpuk ing sandhinge.  Ing papan liya papah wit gedhang ya mung kari pung-punge. Godhonge wis dikekreki lan dilempit, siap didol neng pasar.

“Bocah-bocah, tontonen! Sigaran bongkotan bongkok wit kelapa iki bentuke rak wis kaya sirah jaran. Apa maneh sigaran bongkok iki ya wis mlengkung kaya geger jaran. Dadi iki wis wujud jaranan. Yen kowe butuh menehi buntut, nggon pucuk iki bisa tok tambahi dhompolan gegodhongan sing tok taleni. Kari menehi tali saka debok ditalekake ngarep mburi. Banjur kowe mlangkah, jaranane ana ing ngisor selangkanganmu, taline cementhel neng pundhakmu, kowe wis bisa mlayu-mlayu kaya numpak jaran. Sing penting nalika dolanan iki kowe mbayangke kaya-kaya kowe lagi numpak jaran, tetegaran neng dalan utawa neng alas,”  ngendikane Pak Saiman ngandhani bocah-bocah. Gandung sakancane manthuk-manthuk. Angen-angene wis jumbuh karo apa sing dingendikakke bapake Doni.

“Lha lajeng gamanipun pripun, Pak Saiman?” pitakone Arief.

“Gamane, sing tradisional asli Jawa, upamane kowe ethok-ethok dadi perjurite Pangeran Diponegoro, kowe bisa gawe keris-kerisan saka blarak sing dibentuk lenggak-lenggok. Utawa pedhang-pedhangan saka bongkok dibentuk ngemperi pedhang. Mengko tak ajari carane gawe,” wangsulane Pak Saiman.

“Menawi kula ethok-ethok dadi Landane, gamane bedhil, pripun Pak Saiman?” genti Hendy sing takon.

“Gampang. Pung-pung papah wit gedhang kae bisa tok nggo gawe bedhil-bedhilan utawa pistul-pistulan. Uga bisa digawe pedhang-pedhangan. Mengko ya tak kandhani carane gawe. Wis saiki mundhak kesuwen, ayo saiki tak contoni carane gawe bedhil-bedhilan, pistul-pistulan, keris-kerisan lan pedang-pedangan nganggo papah wit gedhang lan bongkok wit kelapa.” Pak Saiman gage ngajari bocah-bocah kuwi gawe dolanan saka bahan alam sing wis cumawis neng kebon kuwi.

Dasar bocah-bocah lantip lan gathekan, sawise nyawang carane gawe sing pranyata ora angel, bocah-bocah sing wis sangu lading saka ngomah kuwi wis bisa gawe dhewe malah kanthi model sing maneka bentuk, manut kreasine dhewe-dhewe.

Rampung gawe dolanan perang-perangan lan gawe omah-omahan kanthi payon gegodhongan pinangka pesanggrahane Pangeran Diponegoro utawa pinangka markase kompeni, bocah-bocah cacah wolu kuwi sawise mangan tela godhog lan ngombe sing wis dicawisake Bu Saiman, banjur main perang-perangan mainake crita perang Diponegoro ing kebone Pak Saiman. Jebul dolanan sing gawe dhewe iki luwih gayeng, murah, meriah, kreatif lan nyehatake. Senajan kesel, kemringet, gluprut lemah merga nganggo ngglundhung-ngglundhung barang, nanging seneng ing ati lan sehat nyang awak.  ***           


Related posts:

No response yet for "Kumpulan Cerita Bahasa Jawa Bagian VI"

Post a Comment