Cerita Anak / Wacan Bocah: Bulus Jimbung

WACAN BOCAH BAHASA JAWA:
Dening Sutardi MS Dihardjo / Masdi MSD

Dewi Wahdi sekar kedhaton Negara Keling wis ndungkap akil balig, wis wayahe diwengku sawijining priya. Gandheng Dewi Wahdi, senajan wanita nanging duwe kalungguhan kang luhur pinangka sekar kedhaton, mula diwenangake milih priya sing cocok dadi tetimbangan uripe. Pilihane tumuju ing sawijining pangeran saka Negara Wiratha, putrane Prabu Putri Sri Ratu Wara Singa. 

Gegandhengan Dewi Wahdi kuwi putri tunggal Ratu Keling sing mengkone bakal kelintiran keprabone Sang Prabu, mula Ratu Keling kudu ngati-ati anggone milih mantu. Kuwi kabeh saliyane kanggo kabahagyan putrine uga kanggo kuncarane negarane, katentreman lan kemakmuran kawulane. Sapa sing kapilih dadi garwane Dewi Wahdi mbesuke mesthi bakal bebarengan nyekel pusaraning adil Negara Keling karo garwane. Mula ora isa wong sembarangan nggarwo putrine. Kudu ditimbang bibit, bobot lan bebete. Sang Prabu ora kersa njlomprongake kawulane menyang kasangsaran amarga pilihan putrine kang keliru. Aja nganti kawulane sing saiki wis ayem tentrem, gumregut makarya kanthi nengenake gotong royong, mbareng diprentah putrine, entuk pangojok-ojoke garwane dadi bubrah, adoh saka kahanan adil, makmur, ayem lan tentrem.

“Putriku Dewi Wahdi, sadurunge aku nglamar Pangeran Jaka Patohan dadi garwamu, luwih dhisik aku kepengin nyoba sepira  keadilane Sang Prabu Putri Wara Singa anggone mimpin Negara Wiratha. Yen Sang Prabu Putri adil marang kawulane, mesthine watak kuwi uga bakal nurun marang putrane. Yen pancen kaya mangkono tenan, pantes yen sira dijatu krama dening Pangeran Jaka Patohan. Saumpama Negara kene mbesuke diblengket dadi siji karo Negara Wiratha, jalaran Negara Wiratha putrane mung siji Pangeran Jaka Patohan lan Negara Keling putrane ya mung siji sira dhewe, aku ora dadi ngapa, amarga  negara dadi saya gedhe saya santoso lan saya kuncara,” ngendikane Sang Prabu Keling marang Dewi Wahdi ing sawijining pasewakan winates sing antara liya diadhep Dewi Wahdi, Patih Tambakbaya, lan sawetara punggawa praja pinarcaya.

“Menawi mekaten kersa Paduka, kula naming ndherek dhateng sendika Rama Prabu,” wangsulane Dewi Wahdi.

“Kakang Patih Tambakbaya, aja wedi kangelan, kanthi sesidheman pasanga bokor kencana isi emas lan berliyan aneng dalan sajroning kutharaja Negara Wiratha! Cumondhoka ing sacerake bokor kuwi, awasana apa sing ditindakake kawula lan ratune marang bokor kencana kuwi. Aku kepengin ngerti sepira gedhene keluhuran budine kawula Wiratha lan sepira adile peprentahan ratune,” dhawuhe Sang Prabu marang patihe sawise entuk pasarujukan putrine. Patih Tambakbaya matur sendika lan gegancangan budhal menyang Negara Wiratha nindakake dhawuh.

Dhasare Negara Wiratha wis kawentar negara kang subur makmur gemah ripah lohjinawi. Kawulane wis cukup sandhang, pangan, papan, lan kabeh wis sadhar marang ukum, hak lan kewajiban. Luwih-luwih kawulane ngerti yen ratu lan punggawane kabeh padha nengenake marang keadilan lan kawicaksanan, ora emban cindhe emban siladan. Tegas yen ngukum wong kang salah setimbang karo kaluputane, lan mbela sarta ngayomi marang wong kang tumindak bener. Mula sanajan wis pirang-pirang dina bokor kencana gemlethak ana tengah dalan lan kabare wis sumebar nganti prasasat meh kabeh kawula sanagara ngerti, parandene bokor sing endah gumebyar kuwi tetep wutuh ing papane. Ora obah ora owah, ora kelong ora suda, apa maneh ilang dijupuk wong culika sing ora tanggung jawab. 

Meh wae Patih Tambakbaya arep nguwisi basangan bokor kencana neng negara liya kuwi, banjur sowan ratu gustine ngaturake yen Ratu Wiratha sayekti pantes dijak bebesanan. Nanging nalika tangane meh njupuk bali barang basangane dhewe kuwi dumadakan ana lelakon kang ora kanyana-nyana. Saka kadohan ana kuda mlayu banter banget, ngerti-ngerti meh nubruk Ki Patih. Kang nitihi, sawijining nom-noman bagus gagah pideksa. 

“Aja kok jupuk barang kuwi, mengko kowe ndhak entuk paukuman!” printahe penunggang kuda kuwi kanthi gugup marang Ki Patih sing durung ditepungi. Pancen wektu kuwi Ki Patih lagi namur laku nganggo sandhang penganggo kaya wong lumrah, dadi ora ana sing ngira yen dheweke satemene Patih Negara Keling. Nanging kocapa gara-gara dheweke selak kepengin nylametake, dadi kurang prayitna anggone ngendhaleni kudane sing kaget njumbul dhuwur nalika dipekak ndadak, nom-noman kuwi tiba saka gigire kuda lan kanthi ora sengaja sikile kiwa nibani bokor kencana nganti peyok, isine wutah pating bececer. Ki Patih sing lagi namur laku kuwi dadi muring ora trima.

“Hei, nom-noman ora urus! Kowe kuwi cah enom ora duwe aturan! Numpak jaran yak-yakan nganti arep nubruk aku. Kathik saiki malah ngidak bokor kencana kagungane Ratu Gustiku nganti peyok ringsek kaya ngono. Aku ora trima, ayo ngadhep Sang Prabu Putri, aku arep nyuwun pengadilan!” kandhane Patih Tambakbaya. 

Wong loro banjur sowan neng ngarsane Prabu Putri Wara Singa. Sawise sowan ing ngarsane Prabu Putri Wara Singa, Patih Tambakbaya ngaturake menawa meh ditubruk jaran sing tunggangi nom-noman sing saiki disowanake. Dheweke iya blaka ngenani jati dhiri lan jejibahan kang nembe ditindakake.

“Waleh-waleh punapa sejatosipun kula punika Patih Tambakbaya saking Negari Keling. Kula kadhawuhan Ratu Gusti kula kagem nyobi kaluhuran budinipun kawula Paduka, kanthi masang bokor kencana ing satengahe margi Kutharaja Wiratha. Ugi kula kadhawuhan mangertosi kados pundi Paduka paring pengadilan menawi wonten kawulanipun ingkang wantun mendhet bokor basangan lan isen-isenipun. Sedaya punika katindakaken amargi Ratu Gusti kula kepengin bebesanan kalian Sang Prabu Putri kanthi njodhohaken putrinipun Kusuma Ayu Dewi Wahdi pikantuk putra Paduka pun Pangeran Jaka Patohan. Saksampunipun dangu kula tengga pranyata mboten wonten kawula Paduka ingkang wantun mendhet bokor basangan, kula niyat badhe mendhet wangsul bokor saisinipun. Dumadakan wonten kuda negar santer sanget ngantos meh nubruk kula. Ngertos-ngertos penunggangipun mandhap ngidak bokor kencana ngantos peyok ringsek lan tanganipun njorokaken kula ngantos dhawah kelumah. Pramila kula nyuwun pengadilan, kaukuma nem-neman kurang ajar punika,” ature Patih Tambakbaya.  

“Mangke rumiyin, Ki Sanak Patih Tambakbaya kala wau Panjenengan ngendika bilih Ratu Gusti Ndika ngersakake badhe njodhohaken putrinipun  kaliyan putra kula Pangeran Jaka Patohan. Menapa Ki Patih inggih sampun pirsa larenipun Pangeran Jaka Patohan?” pandangune Prabu Putri.

“Dereng mangertos, Sinuwun. Sanjange Pangeran Jaka Patohan niku piyayine bagus, gagah, pideksa. Alus bebuden lan basanipun,” ature Ki Patih.

“Ndadosna ing pamirsa, nem-neman ingkang Panjenengan larapaken wonten ngarsa kula kagem nampi pidana punika, sejatosipun putra kula Pangeran Jaka Patohan. Sapunika Ki Patih sampun pirsa piyambak, selajengipuhn napa Ki Patih tasih tetep nyuwun pengadilan ing kedadosan punika?” pandangune Sang Prabu Putri.

Patih Tambakbaya dadi kaget lan bingung, wusanane mung bisa matur: ”Nyuwun pangapunten, sedaya gumantung kawicaksanan Paduka.”

“Mboten adil menawi kula naming nampi pelapuran saking Ki Patih, kula ugi kedah ndangu pelapuran saking Jaka Patohan pinangka dakwa. Ngger Jaka Patohan, apa bener Sira wis nindakake kaya sing didakwaake Patih Tambakbaya, yaiku sengaja njorokake Ki Patih Tambakbaya lan ngidak bokor kencana?” pandangune Sang Prabu Putri marang putrane.

“Leresipun punika kacilakan, Sinuwun Prabu. Niyat kula badhe nylametaken tiyang punika saking paukuman amargi kula kinten badhe mendhet bokor kencana. Kula mboten mangertos bilih bokor punika piyambake ingkang mbasang. Ngingingi suku kula ngidak bokor, menika mboten kula sengaja. Amargi kedah-kedahe kula selak kepengin elik-elik tiyang punika mendhet bokor plajaripun kuda ingkang kula titihi ngantos meh mboten saged kula kendhaleni, saengga badhe nubruk tiyang ingkang kanyata Ki Patih Negari Keling. Kuda lajeng kula pekak ndadak saengga kuda dados kaget lan jumbul inggil, ngantos kula dhawah,” pambelane Jaka Patohan.

“Yen ngono aku netepake, Jaka Patohan iya salah amarga wis gawe kaget meh nyilakakake Patih Tambakbaya. Malah wis njorokake barang. Sanajan niyate becik. Uga salah merga wis ngidak nganti rusak bokor kencana kagungane Ratu Keling, sanajan ora sengaja. Mula kanthi abot, amarga dheweke putraku dhewe, aku netepake ukum ditugel sikile kiwa nganti bates kemiri. Paukuman katindakake dening algojo istana dina iki uga,” ngendikane Prabu Putri tegas sanajan batine nelangsa ora mentala. Piyambake banjur mlebu sajroning dhatulaya karo ngampet tumetese luh. 

Sawise entuk paukuman ditugel sikile Pangeran Jaka Patohan rumangsa lingsem lan sedhih. Kanggo nglipur atine lan nyingkiri pocapan kawulane, piyambake nyuwun palilah lunga ngedohi Kutharaja karo nyenyuwun dhumateng Gusti muga diparingi pulih kaya wingi-uni. Kanthi sumedhoting penggalih Sang Prabu Putri mangestoni. Lungane Sang Jaka  kadherekake abdi kinasihe kang aran Ki Sidagoro. Abdi kang setya kuwi saparan-paran nglelipur bendarane.   

Sangsaya suwe tindake Jaka Patohan lan abdine sangsaya adoh saka kedhaton. Laku papa iku isa diarani laku tapa brata uga, amarga sadalan-dalan ora kendhat-kendhat anggone meminta sihing Gusti, muga diwenehi dalan kanggo mulihake cacat kang disandhang. Ketrima panyuwune, entuk wisiking Gusti supaya Jaka Patohan nuju ing Gunung Buthak. Ing kana ana sawijining plataran lendhut. Suku Jaka Patohan sing tugel didhawuhi ngrendhem ing lendhutan kuwi. Daya-daya Ki Sidagoro nggendhong bendarane tumuju papan kang wis kacetha ing wisik.

Tekan Gunung Buthak Ki Sidagoro ngandhapake Jaka Patohan, sukune cememplung ing lendhut. Krugal-krugel rasane suku kang nembe modot. Nalika didudut mentas saka lendhutan, kagyat Sang Jaka, satemah dadi bingah. Luh tumetes ngaturake gunging panuwun dhumateng Gusti sing wis peparing kanugrahan, sukune saiki wis pulih kaya wingi-uni. Yen mlaku saiki wis ora perlu digendhong utawa dirempek abdine maneh, malah yen dijak balapan mlayu karo Ki Sidagoro ora bakal kalah. Dhasare isih muda, gagah, tenagane isih rosa, jangkahe isih amba.

Sanajan wis mari Jaka Patohan durung arep bali neng Negara Wiratha. Atine isih tatu niyate becik malah dipatrapi paukuman pinangka pesakitan. Niyate arep golek papan sing becik kanggo adeg Negara dhewe. Lakune tekan ing sawijining papan kang subur, cukup banyu kanggo olah tetanen, lan dibentengi gumuk mubeng. Ing kono Raden Jaka karo abdine mbangun  padhukuhan. Saya suwe saya rame marga wong-wong sing padha liwat kono banjur padha pindhah manggon kono kapikat marang Raden Jaka Patohan kang grapyak semanak lan welas asih. Seneng tetulung marang sapa wae kang mbutuhake pitulungan, kalebu marang pangumbara kang teka kono.  Dhasar lemahe subur kanggo tetanen, saya suwe saya reja cocok kanggo dedagangan, mula ora suwe pedhukuhan kuwi wis pantes yen munggah drajad dadi Negara, senajan isih negara cilik. Raden Jaka Patohan banjur mbiwarakake adege Negara anyar karan Negara Jimbung. Ratune Prabu Jaka Patohan. Sang Prabu kondhang sekti mandra guna lan mimpin Negara kanthi adil lan banget nggatekake marang katentreman, keamanan, lan kesejahteraane kawulane. Ora mokal yen kuwi kabeh dadi daya tarike wong-wong saka ngendi-endi papan, saengga njalari gemruduge wong-wong sing kepengin melu nempil kamukten manggon ing tlatah Negara Jimbung. 

Sakliyane kuwi, baguse, gagahe, luhur lan aluse budi basane Prabu Jaka, narik kawigatene para wanita. Akeh para wanita ayu, sugih lan ningrat sing padha ngunggah-unggahi, nanging durung ana sing mlebu ing ati. Dewi Wahdi sing banget nggetuni dumadine prastawa bokor kencana ing Negara Wiratha, tuwuh pengarep-arepe krungu kabar timbule Raden Jaka Patohan ing Negara Jimbung. Luwih-luwih mbareng ngerti yen saiki Raden Jaka wis pulih sukune lan malah jumeneng ratu ing Negara Jimbung. Niyate pengin njaluk ngapura anane kedadeyan sing wis kepungkur. Didherekake abdine cacah papat kakung putri Dewi Wahdi budhal menyang Jimbung kanggo ngunggah-unggahi Prabu Jaka Patohan.

Tekan kraton Jimbung ditampa kanthi becik dening Prabu Jaka. Malah dilenggahake kadidene tamu kinurmat. Nanging mbareng Dewi Wahdi ngandhakake niyate kanggo ngunggah-unggahi Prabu Jaka, Sang Prabu dadi kelingan lelakon sing wis kawuri, sing njalari dheweke kelunta-lunta ninggalake kamukten ing Negara Wiratha.

“Aku ora isa nampa panglamarmu, yayi Dewi Wahdi. Sanajan aku wis nyoba ngapura kaluputane wong tuwamu sing wis wani nyoba-nyoba negaraku nganti gawe cilakaku, nanging aku durung bisa nglalekake lelakon kuwi. Kepeksa aku nolak panglamarmu.Gawanen bali kabeh mas picis raja brana sing tok gawa pinangka tandha panglamar,” ngendikane Prabu Jaka tegas.

Dewi Wahdi isin mundur, dheweke ngrerepa nyuwun supaya panglamare bisa ditampa. Nanging Prabu Jaka panggah nolak panglamare. Pungkasane Dewi Wahdi ora kuwat nahan isin banjur ngunus pedang, lampus dhiri ing sangarepe Prabu Jaka. Abdine Dewi Wahdi ora trima, banjur nesu-nesu karo ngundhamana marang Prabu Jaka.

“Kirangane napa bendara kula? Dhasar ayu, sugih, trahing kusuma Putri Nalendra, kok Paduka nganti nolak panglamare. Kamangka Jimbung niku naming negari alit, mboten wonten napa-napane dibandhing kaliyan Negari Keling warisane bendara kula. Napa sing diagul-agulake Negari Jimbung mriki cobi, kok Paduka nganti  damel wirang, nolak bendara kula, ngantos sapunika seda lampus dhiri?” mangkono kandhane abdi-abdine Dewi Wahdi ndremimil wola-wali.

Prabu Jaka suwe-suwe ora kuwat diundhamana kaya mangkono, ketrucut pangandikane nyepatani wong-wong kuwi dadi bulus. Mandi ucapanipun, sanalika iku uga wong papat malih dadi bulus warna ireng lan belang. Mbareng nyadhari yen wewujudane wis malih dadi bulus, abdi papat kuwi padha nangis njaluk ngapura, njaluk dibalekake wewujudan dadi menungsa maneh. Nanging Sang Prabu ora isa. Kuwi mau kabeh wis dadi kersane Gusti. 

“Menawi mekaten kula nyuwun papan panggenan ingkang cekap toya kagem gesang kula.  Lan kula kaparingana asma jumbuh kaliyan kawontenan kula,” ature bulus sing rupane belang.

“Kowe kuwi kabeh jenenge Bulus Jimbung. Nanging yen kowe kepengin duwe jeneng sing jumbuh karo wewujudanmu ya tak wenehi jeneng: Sing wujudmu belang tak wenehi jeneng Ki Poleng lan Nyi Poleng, lan sing rupane ireng Ki Remeng lan Nyi Remeng. Yen kowe pengin panggonan sing akeh banyune kanggo uripmu, tontonen iki sing tok jaluk.” Sang Prabu Jaka banjur nancepake tekene. Mbareng teken dijabut, sanalika muncrat banyune, tipak teken metu banyune banter  saya suwe saya agung nganti wujud sendhang. Ki Poleng lan Ki Remeng banjur mlayu nyemplung sajroning sendhang. Anehe mas picis raja brana sing ora kepetung akehe kaya kesedhot kemrincing mlayu mlebu neng njerone tuk sendhang. Kanggo pangayoman Prabu Jaka nancepake maneh tekene ing sapinggire sendhang. Sanalika teken kuwi malih dadi wit Randhu Alas sing gedhe lan edhum.

Sawetara kahanan wis bali ayem tentrem maneh. Nanging kocapa suwening suwe kabar ngenani sedane Dewi Wahdi sing lampus dhiri marga ditolak panglamare marang Prabu Jaka keprungu tekan kraton Keling. Sang Prabu duka yayah sinipi jaja bang mawinga-winga mangerteni kedadeyan kuwi. Mula banjur arep males ukum, nglurug perang menyang Negara Jimbung. Negara sing durung suwe ngadeg kuwi arep didadekake karang abang, ratune arep didadekake pangewan-ewan, lan kawulane arep didadekake budhak sing diperes tenagane saben dina. Wis samekta prajurit sagelar sepapan dipandhegani senopati-senopati sing gamben lan dhugdheng. Mlaku ampyak-ampyak karo nabuh gendherang perang. Sadalan-dalan gawe girise kawula sing nonton.

Kabar kuwi wis keprungu nganti tekan Kraton Jimbung. Dadi legeg penggalihe Sang Prabu. Negara Jimbung kuwi Negara cilik lagi wae ngadeg. Durung duwe prajurit sing kuwat bisa diandelake. Ana prajurit sawetara mung cukup kanggo njaga katentreman praja, ngayomi kawulane saka tindak durjana maling, rampok lan kecu. Durung wektune yen prajurite diadhepake mungsuh prajurit Negara Keling sing wis prigel ngolahke gegaman lan biyasa nindakke tata gelaring perang.

“Paman Sidagoro, yen awake dhewe methukke prajurit Keling, bebasan timun mungsuh duren. Mula becike kita nyingkir wae. Kraton kene arep tak singidake ing alam panglimunan.  Paman manggona ing gumuk kulon kana, aku tak manggon ing Kraton kene. Nanging kraton bakal tak lebur singidan ing alam panglimunan supaya ora bisa ditemokake prajurite mungsuh,” ngendikane Prabu Jaka Patohan andum gawe karo abdi kinasihe sing iya sekti mandraguna.

“Menawi kersa Paduka mekaten, kula naming matur dhateng sendika, Sinuwun Prabu,” ature abdine ora ana liya.

Prabu Jaka banjur ngetok kasektene, mbendung kali kuning nganti ngelem kratone. Para kawula sing ana kraton ora padha mati klelep nanging bebarengan karo Ratu Gustine pindhah ing alam kajiman. Mangkono uga Ki Sidagoro manggon ing gumuk kulon ora katon disawang marga wis pindhah ing alam kajiman.

Prajurit Keling tekan Kraton Jimbung ora nemokake kraton, ratu lan kawulane. Sing katon among banyu kimplah-kimplah jembar ngilak-ilak sing banjur dijenengi Rowo Jombor. Prajurit-prajurit kuwi banjur bali nglenthung mulih tanpa gawe. (Cuthel)  

NB: Cerita dongeng ini pernah dimuat di Majalah Djaka Lodang Nomor 22 * 29/10/2011 dan Nomor 23 * 5/11/2011 dengan Judul: ”Bulus Jimbung”, dan sekarang sedang dikembang menjadi sebuah Novel dengan tafsiran baru dengan judul: ”Pangeran Jaka Patahwan”.

Penulis: Sutardi MS Dihardjo / Masdi MSD

Related posts:

No response yet for "Cerita Anak / Wacan Bocah: Bulus Jimbung "

Post a Comment