Cerpen Bahasa Jawa "Kotak Kosong" Bag. II

Artikel Crita Cekak berjudul Kotak Kosong ini adalah lanjutan dari artikel Crita Cekak bagian pertama.

Crita Cekak
Dening: Sutardi MS Dihardjo

Bu Marno mlebu ngomah tumuju kamar mburi karo sadalan-dalan terus mbagekake tamu-tamune dhahar kabeh panganan sing wis dicawisake.

“Iki priye, Bu? Kabul karo Pak Bambang padha nggawe posko-posko tandingan, posko Kotak Kosong. Miturut laporane Sentul, neng kana uga dipasang gambar-gambar Kotak Kosong lan gambar-gambar Pari. Nanging dudu gambare Pari sing dicoblos. Sing dicoblos malah gambare Kotak Kosong. Ditambahi tulisan ’Waton dudu kulawargane Pak Marno...’ Iki banget mbebayani, bisa nggagalake pencalonanmu. Yen kowe kalah, awake dhewe bisa bangkrut,” kandhane Pak Marno kebak kekuwatiran.

”Lha piye maneh, Pak? Aku rak wis kandha, aku ora perlu njago Lurah. Wis cukup Bapak kaping loro dadi Lurah. Bapak bisa wiwit wiraswasta, apa nggarap sawah, utawa leren ngasokake awak nikmati masa pensiun. Aku dhewe wis dadi guru, pegawe negeri. Aku wis seneng, golonganku wis IV a, gajiku wis lumayan, tambah entuk tunjangan sertifikasi guru. Kurang apa?” kandhane Bu Marno sareh.

“Ora bisa, Bu! Kowe kudu dadi Lurah. Sebab yen kowe ora  dadi Lurah, keluwargane dhewe ora kajen. Kabeh wewadiku nalika njabat Lurah bakal dibongkar. Kurang bejane aku bisa mlebu mbui! Dadi kowe kudu menang! Kowe kudu tetep njago! Yen kowe ora gelem njago, kowe arep tak pegat! Kowe kudu minggat saka omahku kene...!!!,” pangancame Pak Marno meksa karo duka jaja bang mawinga-winga.

”Ya wis aku tetep njago. Sesuk aku tetep manggung. Saiki karepe Njenengan pripun?” Bu Marno takon kanthi sabar kanggo ngedhem swasana sing wiwit panas. Sumelang panase swasana bakal mubal ngobong tamu-tamu pendhukung lan kadher-kadhere, sarta bale somahe, Bu Marno bola-bali bisane mung manut karepe kakunge.

”Ngene, Bu. Miturut usule Bandhol lan Sentul, wong-wong sing arep nuju neng posko Kotak Kosong bakal diadhang.....”

”Mengko dhisik, Pak! Yen nganggo cara kasar, ngadhang uwong banjur digebuki utawa diantemi aku ora setuju. Perkarane bisa dadi dawa lan ngrugekake awake dhewe,” kandhane Bu Marno munggel omongane Pak Marno.

”Kowe aja gage-gage medhot omonganku, Bu! Aku durung rampung le ngomong, kowe wis selak nyaut wae. Uwong-uwong kuwi diadhang ora kok arep digebuki utawa diantemi, nanging arep dibujuk karo diwenehi dhuwit seket ewu rupiah wong siji. Kanthi prajanjen arep nyoblos simbolmu, gambar Pari. Piye kowe sarujuk apa ora?” pitakone Pak Marno sawise njelasake siasate.

”Banjur dhuwite saka ngendi, Pak? Dhuwit tabunganku lan tabunganmu wis entek dinggo mbantu-mbantu neng RT – RW ngadhepi pencalonan. Lan kanggo nyuguh tamu-tamu sing padha teka sajroning setengah taun nganti  malem midodareni bengi iki,” kandhane Bu Marno pasrah.

”Ngene, Bu. Aku ditawani utangan dening Bu Tentrem garwane kontraktor sing sugih kae. Nanging nganggo prajanjen: yen  kowe dadi, seprapat saka kabeh bengkokmu dadi garapane Bu Tentrem sajrone kowe njabat. Nanging yen kowe ora dadi, awake dhewe kudu mbalekake kabeh dhuwite ditambah anakane. Diwenehi wektu sajrone patang sasi kudu wis bot. Yen awake dhewe ora bisa nyaur sajrone patang sasi, Bu Tentrem njaluk dibayar sawahe dhewe sepathok sing ana kidul desa. Prajanjen iki pancen abot mungguhing awake dhewe, lan banget nguntungake mungguhing Bu Tentrem. Iki pancen pemerasan. Bu Tentrem pancen mengambil kesempatan dalam kesempitan. Nanging kepriye maneh, awake dhewe wis kepepet! Awake dhewe wis kebacut klebus, wis akeh wragad sing metu, apike ya slulup sisan. Apa kowe ora isin yen ana sing kandha, atase bu guru teladhan, lha kok njago Lurah mungsuh Kotak Kosong wae bisa keok? Coba ta pikiren!”

”Ya wis, sakarepmu, Pak. Aku mung manut Njenengan. Aku njago iki dudu karepku, nanging aku mung nuruti kekarepanmu. Aku mung kepengin nylametake bale somah sing wis madeg pitulas taun,” kandhane Bu Marno pasrah.

Durung nganti rencana kuwi ditindakake, dumadakan Gendhon sing uga salah sawijining kadhere Bu Marno mlebu nglaporake protese kanca-kancane:

“Pak Lurah, kanca-kanca sami protes menawi ingkang badhe diparingi arto seket ewu rupiah naming tiyang-tiyang ingkang badhe ndhatengi posko Kotak Kosong. Dereng mesthi tiyang-tiyang simpatisan Kotak Kosong menika manut ngalihaken pilihanipun. Nanging kanca-kanca ingkang sampun cetha ndhukung Bu Lurah, naming dipun paringi ma’em, rokok, kalian arto kalih dasa ewu rupiah. Menika mboten adil. Saged kedadosan tiyang-tiyang ingkang sewau ndhukung Bu Lurah, amargi rumaos dipun rugekaken, lajeng mbalik ndhukung Kotak Kosong. Yen saestu kados ngonten,  rugi awake dhewe!”

”Lha terus kepriye, akeh banget dhuwit sing kudu dicepakake yen kabeh kudu diwenehi dhuwit seket ewu rupiah.” kandhane Pak Marno katon bingung.

”Ngenten, Pak. Kula kala wau ketemu Bu Tentrem. Ngendikane menawi Pak Lurah betah arto, pinten kemawon ingkang dipun betahaken, Bu Tentrem sampun nyawisaken. Asal Pak Lurah nyetujoni prajanjen ingkang sampun diaturaken dhateng Pak Lurah.” Gendhon meneng sedhela kanggo mangerteni tanggapane Pak Marno. Sawise ngerti yen Pak Marno ketarik karo ature, Gendhon banjur nutugake matur: ”Ngendikane Bu Tentrem, demokrasi samenika demokrasi kapitalis, utawi demokrasi uwang! Dados ingkang kagungan uwang utawi kapital utawi modhal ageng inggih menika ingkang bakal mimpang. Wekdal menika Pak Kabul kalian Pak Bambang sekuthon kangge ngancuraken Pak Marno. Menawi Pak Marno mboten wonten ingkang mbetengi, kalebet masalah dhana, saged ugi badhe kawon kewirangan. Miterat ngendikanipun Bu Tentrem, kanggenipun tiyang ingkang mboten kagungan kapital bandha kathah, ampun cobi-cobi njago Lurah!!”

”Kepriye, Bu? Atiku kok kaya ditantang krungu omongane Bu Tentrem sing kaya ngono kuwi. Wis mantep, awake dhewe utang marang Bu Tentrem. Sing mbalekake suk bubar pilihan Lurah. Menang utawa kalah, kowe kudu utang dhuwit neng Bank. Sing dinggo ngangsur gajimu. Yen perlu ngengehna saprotelon, seprapat, utawa dientekake kabeh. Ora perlu kuwatir. Nyatane akeh wong bisa padha urip senajan ora tau nampa gaji. Njago Lurah yen wis ngene iki kaya wong main kertu, bisa menang, nanging ya bisa kalah nganti buntung. Yen wis ana sing manas-manasi mangka wis kadhung klebus, wis ora ana petungan maneh,” kandhane Pak Marno setengah meksa bojone.

Bu Marno ora wani mbantah, amarga wis ngerti watake kakunge. Yen wis disenggol kuncunge utawa dikilani dhadhane, piyambake ora bakal gelem mundur kanthi kacloreng raine. Lan ora ana wong siji-sijia sing bisa nglarang. Tinimbang ribut dingerteni wong akeh sing bisa ngelek-elek jenenge, lan kanggo njaga wutuhe bale somahe, Bu Marno mung manthuk kepeksa nyetujoni, sanajan nalare sing isih waras satemene nolak. Miturut wawasane, prajanjen karo Bu Tentrem kuwi sarwa nguntungake Bu Tentrem, lan ngrugekake dheweke. Menang apa kalah Bu Marno, tetep Bu Tentrem sing bakal ngukup untunge. Sawetara yen nganti kalah, bisa klakon Bu Marno bakal mulang para siswane tanpa semangat. Amarga gajine wis entek. Nyambut gawe tanpa pengarep-arep. Sing bakal rugi mesthi wae para siswane sing banget mbutuhake bimbingane. ***

Pak Marno rumangsa lega. Etungan suara ing kotak kapisanan wis rampung. Hasile banget maremake. Nuwuhake pengarep-arep mekrok jroning ati, nyingkirake rasa kuwatir sing tansah nggubel pikirane nganti sawengi ora bisa turu. Saka 535 suara sing wis dietung, 400 suara milih gambar Pari, 116 suara milih gambar Kotak Kosong, lan sisane: 19 suara dianggep rusak, amarga ana sing nyoblos nganggo rokok lan ana uga sing disuwek utawa dibolong plong gedhe pas Kotak Kosong. Ana-ana wae trekahe warga kanggo ngatonake gembolane atine sing dhongkol utawa bingung nemtokake pilihan.

Panitiya banjur mbukak kotak nomer loro. Kotake katon abot. Nalika isi kotak disuntak, Pak Marno nggragap. Kaya-kaya pengarep-arep sing mau mekrok saiki bali mingkup kaya godhong kumis kucing kesenggol ngeget. Sadurunge wiwit diwaca siji mbaka siji, dietung dhisik isine. Ana 1.430 suara. Luwih akeh tinimbang isi kotak kapisanan. Dadi kotak kapisanan mau lagi pemanasan. Menang utawa kalah bakal ditentokake ing kotak nomor loro iki. Rasa kuwatir nyengkerem atine Pak Marno. Tangan-tangan kekuwatiran kang pengkuh, ngekep kenceng nganti kaya ora bisa polah. Megap-megap. Kringet anyep brol-brolan metu saka kabeh pori-pori awake. Rasa was-was ngadhang panyawange. Lungguhe katon ora jenjem. Nanging dheweke banjur ngeyem-yemi atine: ”Paling komposisi suara ya kaya kotak sepisanan mau. Ora bakal wong-wong desa sing mungsuhi aku bisa milih ngumpulake suara ing kotak nomer loro kabeh,” pengarep-arepe Pak Marno ora yakin. Pak Marno kelingan, nalika coblosan mau akeh-akehe wong-wong sing padha mungsuhi dheweke pancen padha nyemplungake surat suarane ing kotak nomer loro. Nanging banjur diyem-yemi maneh atine: ”Senajan wong-wong kuwi mau padha ora teka neng omahku mau bengi, nanging rak wis padha didumi dhuwit dening Bandhol, Sentul, lan Gendhon? Mula aku isih duwe pengarep-arep yen wong-wong sing maune mungsuhi aku kuwi bakal mbalik ndhukung Bu Lurah. Dadi senajan dha gembrudug nglebokke neng kotak nomer loro, kabeh mau isih lotre, durung mesthi milih Kotak Kosong.”

Siji mbaka siji surat suara dietung dening Panitiya. Aloke wong-wong sing padha nonton beda karo nalika etungan kotak kapisanan. Saiki pambengoke wong-wong kaya koor ambata rubuh. Katon kompak lan cetha anggone mbelani Kotak Kosong. Menawa Panitiya maca: ”Kosong...sah!” Penonton bebarengan nyaut sora: ”Terus..!Terus..!” Nanging yen Panitiya maca: ”Pari...sah!” Penonton bebarengan mbengok: ”Huuu..!” ditambah pating crebung swarane wong-wong padha misuh-misuhi Pak Marno sabalane. Kaya saluran got sing wis suwe kesumpet mampet, ketrajang udan deres sumpet sing mbumpeti jebol, nuwuhake banjir bandhang ora ana sing bisa mbendung. Rasa wedi sing wis mataun-taun mbingkem swaraning ati, bareng kumpul bebarengan wong-wong sing padha karep lan sedyane, tuwuh kewanen makantar-kantar. Selagine Pak Dengkek sing penggaweane mung angon bebek wae saiki wani jejogedan karo bengok-bengok manas-manasi Pak Marno sabalane. Apa maneh wong-wong sing rumangsa sangu ilmu politik,  senajan mung eceran saka koran utawa TV, kamangka tau ditatoni Pak Marno, mesthi saya kendel pambengoke. Swasana dadi saya panas. Bandhol, Sentul, Gendhon sabalane padha blingsatan  ora kuwat ngampet muntape kanepsone merga diece kana kene. Kepingine gawe gara-gara ngajar wong-wong sing padha surak-surak nyanjung gambar Kotak Kosong lan ngece gambar Pari. Nanging aparat keamanan, polisi, tentara, lan hansip/linmas kabeh katon jaga-jaga kebak kawaspadhan. Apa maneh ngelingi kedadeyan kang ana ing malem midodareni mau bengi, saiki personil keamanan dikuwati tambah luwih akeh maneh. Pak Camat, Pak Kapolsek, lan Pak Danramil, iya rawuh ing kono. Bandhol sabalane ora bisa apa-apa. Panitiya mbudidaya nenangake swasana. Beja dene penonton manut karo prentahe Panitiya. Penonton tenang. Swasana bali adhem senajan nyimpen mawa jroning dhadha. Etungan suara ditutugake maneh.

Nyeraki angka 200 kanggo gambar Pari, gambar Kotak Kosong nyusul. Bacute gambar Pari karo gambar Kotak Kosong oyak-oyakan, rebut dhisik rebut akeh, ndadekake swasana kaya senam jantung, dadi tontonan sing gayeng ngedheg-dhegi. Nanging kahanan kaya mengkene iki kanggone Pak Marno dadi  kaya wong lagi digebugi sakatoge tanpa bisa mbales utawa enda. Awake lemes, otot bayune kaya dilolosi. Apameneh sawise ngliwati etungan 300, banjur 350, banjur 500 kanggo kemenangane Kotak Kosong, gambar Pari saya ketewel-tewel kangelan sing arep nututi. Kursi sing dilungguhi Pak Marno kaya mongah-mongah diobori. Panyawange mripate warga sing tumuju marang praene kaya-kaya lagi ngisin-isin. Raine kaya dibeset disoki wedang panas.

Pak Marno kaya diblejeti sandhangane, terus dingis-ngis diwirang-wirangake.   Gawang-gawang ing pengangen-angene kabeh polah tingkahe nalika dheweke njabat Lurah kanthi patrap sing ora adil. Mung nuruti pambujuke bala-balane sing ora bener. Nylewengake dum-duman bantuan beras raskin mung kanggo bala-balane tanpa ngetungake bagiane wargane sing pancen temen-temen kesrakat. Mengkono uga kartu Askeskin, bantuan dhuwit BLT, bantuan utangan kredit lunak, mung bala-balane lan sedulur-sedulure sing diwenehi. Lan sing keri dhewe bantuan dana rehab rekonstruksi (RR) korban lindhu gedhe sing ngancurake desane, mung wong-wong sing dadi balane lan bisa diatur nampane bantuan, sing bisa dadi anggota KSMP lan entuk grujugan dana.  Wiwit dana jadup (jaminan hidup), RR 1, RR 2, nganti RR 3, Pak Marno wis kongkalingkong karo petugas kecamatan kanggo motong dana-dana bantuan kasebut. Mengkono uga dana DPD/K utawa ADD mung seperangan wae sing digunakake kanggo mbangun utawa kanggo belanja kantor. Sisane sing luwih akeh, mlebu kanthongane dhewe lan kanggo ngopeni preman-preman kampung balane.

Pak Marno rumangsa isin krungu aloke wong-wong sing padha ngemohi dheweke. Ora mung dheweke sing diemohi, malah garwane sing sabar, pinter, wicaksana, grapyak semanak, lan wis akeh lelabuhane kanggo minterake lan majokake desane, iya melu diemohi. Apa meneh sing isih diduweki? Bandhane sasat wis entek ludhes. Bangkrut! Ora sethithik dhuwit diwetokake kanggo wragad sajroning setengah taun ngupiyakake garwane njago Lurah. Supaya bisa manggung dadi jago tunggal. Tanpa mungsuh. Tanpa pesaing. Ora sethithik dhuwit diwenehake Bandhol sabalane kanggo meden-medeni wong-wong sing padha arep nyalon Lurah, supaya padha gelem wurung. Banjur dina-dina nyeraki pilihan nganti malem midodareni, bukak lawang nyuguh tamu ra leren-leren. Sing pungkasan, nyubya-nyubya budhale Jago Lurah saka dalem menyang papan pemilihan sing ndadak nyewa kreta kencana barang. Isih ditambah nyuwun donga pamuji lan suwuk saka kiyai lan dhukun sing  kondhang-kondhang saka liya dhaerah. Nanging tibane ngenggon, garwane bisa dikalahake mung karo Kotak Kosong. 

Mumet! Wetenge krasa senep. Yen bisa lakune pandom jam bakal diputer bali. Emane ora bisa. Getun kedhuwung, kenengapa dheweke ora gelem ngestokake ngendikane Pak Kiyai: ”Ndhudhuk jeglongan entuk-entuk wae. Pancen kanggo nggayuh kamulyan kuwi kudu mawa pangorbanan. Nanging yen ndhudhuk aja jero-jero. Sebab yen nganti kasil, mesakake rakyatmu sing bakal tok peksa melu ngurugi. Luwih-luwih yen nganti ora kasil, mesakake keluwargamu sing kudu melu ngurugi jeglongan kuwi. Bisa-bisa sakeluwarga bareng-bareng kecemplung ngluweng.” Nanging kabeh kuwi wis kebacut. Kebrongote ati nalika njago Lurah, luwih-luwih yen dipanas-panasi kadher-kadhere ing malem midodareni, bisa ngalahake pikiran waras. Ajining dhiri sing dibela entek-entekan, jebul malah njlomprongake keluwargane. 

Kuwi kabeh durung sepiraa. Umpama Pak Marno ngerti, mesthi tambah getun, jebul wong-wong sing dipercaya wis tumindak khianat, ora ngleksanakake amanat kanthi wutuh. Dhuwit sing kudune didum seket ewu wong siji marang wong-wong sing arep dibujuk kanggo ndhukung garwane, jebul mung diwenehake separone. Sing separo digembol dhewe. Saya getun maneh dheweke, umpama ngerti, yen kadher-kadhere kuwi jebul wis pidak jempol karo Bu Tentrem sing duwe rencana arep njago Lurah sawise Bu Marno gagal. Lan wong-wong piandele bakal mbalik ngadheri Bu Tentrem. Luwih getem-getem maneh Pak Marno, yen nganti ngerti, jebul sing ngragadi madege posko Kotak Kosong kuwi ora ana liya kejaba  Bu Tentrem sing sugih mblegedhu.   (Cuthel)

Pangripta: Sutardi MS Dihardjo 
Alamat: Dk. Bendogantungan II, RT/RW 002/007 
Desa Sumberejo, Kecamatan Klaten Selatan KLATEN 57422 
Nomor HP: : 085642365342 
e-mail: sutardimsdiharjo@yahoo.com

Related posts:

No response yet for "Cerpen Bahasa Jawa "Kotak Kosong" Bag. II"

Post a Comment