Contoh Sandiwara Bahasa Jawa 'Kopral Sayom'

KOPRAL SAYOM
Sandiwara Kanggo Bocah-bocah Rong babak
karya: Sutardi MS Dihardjo

Contoh Sandiwara Bahasa Jawa 'Kopral Sayom' 

Para Paraga:
Eny                                          : Sawijining siswa kelas 5 utawa kelas 6 SD
Ibu Eny                                   : ibune Eny, isih muda lan wasis
Ika                                           : Kanca sakelase Eny
Tri                                            : Kanca sakelase Eny
Asmini                                     : Kanca sakelase Eny
Hartani                                    : Kanca sakelase Eny
Agus                                        : Kanca sakelase Eny
Agung                                     : Kanca sakelase Eny
Maryadi                                   : Kanca sakelase Eny
Kopral Sayom                         : Pejuang kamardhikan pahlawan Klaten
Sersan Sadikin                        : Pejuang kamardhikan pahlawan Klaten
Letnan Sunarto                       : Pejuang kamardhikan pahlawan Klaten
Prajurit Kirmadi                      : Pejuang kamardhikan pahlawan Klaten
Wong loro menganggo seragam tentara Landa pinangka: Montor mabur Cocor Merah 1 /Pilote lan tentarane
Wong loro menganggo seragam tentara Landa pinangka: Montor mabur Cocor Merah 2 /Pilote lan tentarane

BABAK SIJI


ING PLATARAN SEKOLAH. WEKTU AWAN.

NALIKA BABAK SIJI KAWIWITAN, PANGGUNG KATON NGGAMBARAKE SWASANA PLATARAN SEKOLAH KANG ISIH SEPI. GEMBRUNGGUNG KEPRUNGU SWARANE BOCAH-BOCAH SEKOLAH LAN GURUNE KANG LAGI NINDAKAKE KEGIYATAN BELAJAR-MENGAJAR ING NJERO KELAS. PLATARAN SEKOLAH CUKUP JEMBAR. WIT-WITAN PANGAYOM KATON JEJER-JEJER ING NGAREP SEKOLAH.

SAWISE LUMAKU SAWETARA WEKTU, KEPRUNGU SWARANE BENDHE PINANGKA TANDA WEKTU NGASO. BOCAH-BOCAH SEKOLAH, PARA SISWA:  IKA, TRI, ASMINI, HARTANI, LAN ENY MLEBU MUNGGAH PANGGUNG SAKA TENGEN PANGGUNG. IKA NGGAWA RENTENGAN KARET GELANG SING CUKUP DAWA ING GEGEMANE.

IKA             : Yuk dha dolanan lumpat tali nganggo karet gelang, kanca-kanca!
TRI              : Dolanan apa?
ASMINI      : Dolanan ye-ye.
HARTANI  : Dolanan dhing wae?
ENY            : Apa bedane?
HARTANI  : Ya meh padha. Padha-padah mlumpat-mlumpat nganggo tali. Nggawe awak dadi sehat lan ati seneng.

ENY            : Ya wis, yen ngono ayo awake dhewe dolanan dhing wae.
BEBARENGAN :  Sarujuk!

BOCAH LIMA WIWIT TATA-TATA AREP MIWITI DOLANAN. BOCAH-BOCAH KUWI PADHA HOM-PIM-PAH KANGGO NEMTOKAKE SAPA SING MAIN LAN SAPA SING KUDU JAGA. HASILE: IKA, TRI, LAN ASMINI DADI SING MAIN (SING MLUMPAT-MLUMPAT), DENE ENY LAN HARTANI DADI SING JAGA (SING NYEKELI TALI KARET GELANG ING PUCUK-PUCUKE)

IKA             : Ayo saiki Bu Kopral lan Hartani sing jaga. Bu Kopral nyekeli tali ing sisih tengen, Hartani nyekeli tali ing sisih kiwa. Nyoh... iki karete! (MENEHAKE RENTENGAN KARET GELANG MARANG ENY)

ENY            : (NAMPANI RENTENGAN KARET GELANG KARO NGLOKRO) Mbok aja ngono yen nyeluk jenengku! Aku rak dudu Kopral.

TRI              : Ya wis , yen ngono diundang Sayom wae.
ENY            : Kuwi ya aja!
HARTANI  : Yagene? Ooo... amarga Sayom kuwi jenenge wong lanang, ya? Ya wis yen ngono diundang Mbak Sayem wae.

ENY            : Kuwi ya aja! Jenengku Eny Mulyati. Undang wae aku: Eny. Titik. Aja ngundang aku nganggo jeneng-jeneng liya, yen ora gelem ngundang jenengku komplit! (RADA NESU)

IKA             : Aku sa kanca ngerti, menawa jenengmu kuwi Eny Mulyati. Nanging gandheng omahmu kuwi ing dalan Kopral Sayom, ya dijeluk wae jenengmu Kopral, utawa Sayom, utawa Sayem. Supaya aku sa kanca ngerti lan ora bakal lali suk yen sa wayah-wayah dolan neng omahmu, yakuwi ing Dalan Kopral Sayom.

ENY            : Nanging rak ora kudu kaya ngono ta yen nyeluk jenengku. Mosok nyeluk jenengku dipadhakke karo jeneng dalan.

TRI              :  Sak karepku ta! Ya gene? Isin? Mulane yen menehi jeneng dalan kuwi ya aja sembarangan, supaya sing manggon ing kono padha bombong, mongkok! Mosok menehi jeneng dalan kok Kopral Sayom. Apa hebate pangkat kopral? Kuwi rak pangkat prajurit krocok, pangkat prajurit paling cendhek.

ENY            :  Ngendikane bapakku, kuwi jenenge pahlawan.

ASMINI      :  Ing buku wulangan sejarah ora ana jeneng pahlawan Kopral Sayom. Sing wis padha disinau, lan kudu diapalake jeneng pahlawan kuwi ya Pangeran Diponegoro, Jenderal Sudirman, Presiden Sukarno, Tuanku Imam Bonjol, lan liya-liyane. Dudu Kopral Sayom.

HARTANI  : Iya... jeneng pahlawan kanggo pangeling-eling lan didadekake jeneng dalan kuwi mesthine ya sing gagah, sing hebat, sing kondhang. Dadi awake dhewe bombong, mongkok manggon ing papan kono. Umpamane Dalan Dewi Sartika. Dalan RA Kartini. Dalan Pangeran Diponegoro. Dalan Panembahan Senopati. Gagah ta? Awake dhewe bombong, mongkok manggon ing dalan sing nagnggo jeneng-jeneng wong gedhe kaya kuwi. Nanging coba ta, jeneng dalan kok Kopral Sayom, apa sing isoh dipamerake? Apa sing bisa nggawe bombong lan  mongkok wong sing manggon neng kono?

ENY            : (ANYEL) Uwis! Uwis! Aja ngenyek terus! Iki awake dhewe arep dolanan dhing  apa arep diskusi perkara pahlawan?

IKA             : Ya wis ayo awake dhewe wiwit dolanan! Kopral Sayom.... eh, karepku Eny nyekeli tali ing sisih tengen, Hartani nyekeli tali ing sisih kiwa. Wong telu, aku, Tri, lan Asmini sing genti-genten mlumpat.

BEBARENGAN:      Ayo.....
ENY LAN HARTANI TUMULI MANGGON POSISI JAGA. LIYANE WIWIT  ANCANG-ANCANG ING PANGGONAN SING WIS DISARUJUKI PINANGKA GARIS START. BOCAH LIMA BANJUR DOLANAN  DHING BEBARENGAN. SWASANA SING PADHA DOLANAN KATON GAYENG.

SAWISE LUMAKU SAUNTARA WEKTU, DUMADAKAN NEKER DOLANANE BOCAH LANANG SING PADHA DOLANAN ING PAPAN LIYA MLEBU ING PAPAN DOLANANE ENY SA KANCA. AGUS MLEBU ING PANGGUNG NGOYAK NEKERE SING MLEBU ING PAPAN DOLANANE ENY SA KANCA. AWAKE AGUS NABRAK AWAKE ENY, GAWE NESUNE ENY.

ENY            :  (NESU) Kuarang ajar! Agus, yen mlaku kuwi mbok nganggo mripat! Aja nabraki uwong wae!

AGUS          :  Pangapuramu, aku ora njarak, Bu Kopral Sayom! Aku ngoyak nekerku sing mlayu mrene.

ENY            :  (TAMBAH ANYEL KARO NESU) Iki maneh...ngundang jenegku Kopral Sayom! Apa kowe wis mbancaki piye? Ngganti-ngganti jenengku sak senenge dhewe dadi Kopral Sayom?!

MARYADI :  (SAKA NJABA PANGGUNG MBENGOK) Agus.....! Cepet! Gawanen mrene nekermu! Aja kesuwen ana panggonan dolanane bocah wadon. 

AGUS          :  (MBENGOK) Mengko dhisik...! Aku lagi disengeni Bu Kopral Sayom! Mengko yen wis tak jinakke, aku tak ndang mrono!

AGUNG      : (UGA MBENGOK SAKA NJABA PANGGUNG) Bocah galak aja diladeni! Luwih becik kowe ndang mlayu mrene, dolanan neker bebarengan. Wis, tinggalna wae dheweke. Mengko yen dheweke tambah nesu, banjur ngetokake pistule utawa bedhile, bisa mati ditembak kowe.

MARYADI :  Iya, apike kowe ndang mlayua mrene, sadurunge kowe mati ditembak Bu Kopral!

AGUS          : Ya wis, tak ndang mlayu mrono.

KARO SAJAK NGECE AGUS MLAYU METU PANGGUNG LIWAT DALAN DHEWEKE MLEBU MAU.
SAUNTARA KUWI ENY SING DITINGGALKE ISIH KATON NESU DIENYEK KANCA-KANCANE KANTHI JENENG KOPRAL SAYOM.

 ENY           :  (ANYEL BANGET LAN NESU) Iki maneh! Sapa ta jan-jane sing marahi moyoki aku nganggo jeneng Kopral Sayom kuwi?! Kabeh uwong, ora sing lanang ora sing wadon, kabeh wae padha seneng moyoki aku Kopral Sayom! Apa dikira jenengku ora luwih apik diucapke? Eny Mulyati, utawa Eny wae, luwih apik ta? Kenengapa kabeh wong luwih seneng moyoki aku kanthi ngganti jenengku dadi Kopral Sayom?

SWASANA DADI KAKU AMARGA ENY NESU-NESU. DOLANAN MANDHEG. NANGING  SABANJURE SWASANA KUWI PULIH BIYASA KANTHI KEPRUNGU UNINE SWARA BENDHE TANDA WEKTU NGASO WIS RAMPUNG, ANAK-ANAK KUDU GAGE MLEBU KELAS KANGGO NAMPA WULANGAN SABANJURE.

HARTANI  : Wis dhung, ayo awake dhewe padha mlebu kelas! Dolanan dhing  cukup semene dhisik.

BERSAMA :  Ya ayo awake dhewe gage mlebu kelas!

BOCAH-BOCAH BEBARENGAN METU SAKA PANGGUNG SAWISE  HARTANI NYERAHAKE  RENTENGAN KARET GELANGE MARANG IKA.

LAYAR MUDHUN.

***

BABAK LORO

ING KAMAR TAMU OMAH KULAWARGANE ENY. WEKTU AWAN, WEKTUNE BOCAH-BOCAH  MULIH SEKOLAH.

NALIKA BABAK LORO KAWIWITAN PANGGUNG NGGAMBARAKE SAWIJINING RUWANG TAMU KANG CUKUP JEMBAR ING OMAHE ENY. KATON MEJA LAN KURSI TAMU SAKA SOFA. KURSI TAMU SING DAWA NGADHEP PAMIRSA. NGEMUNGNA ANA MEJA TAMU ING NGAREPE. DENE KURSI TAMU LIYANE ANA ING KIWA TENGEN MEJA. ING POJOK MBURI KATON LEMARI PERPUSTAKAAN KULAWARGA KEBAK KOLEKSI BUKU. ING NGAREP MEJA TAMU ISIH ANA PAPAN KANG CUKUP AMBA.

DUMADAKAN ENY MLEBU PANGGUNG, MULIH SEKOLAH ING SAJRONING ATI ANYEL, MANGKEL LAN NESU. TAS SING MAUNE DICANGKLONG ING PUNDHAKE TUMULI DIUNCALAKE NYANG KURSI TAMU SING ANA SISIH KIWA MEJA. DHEWEKE DHEWE LANGSUNG NIBAKAKE AWAKE, TURU MENGKUREP ING KURSI DAWA, KARO NANGIS MINGSEK-MINGSEK.

SAWETARA WEKTU CANDHAKE IBU ENY MLEBU PANGGUNG SAKA ARAH SING BEDA KARO MLEBUNE ENY MAU. NGERTENI KELAKUANE ENY, IBU GEDHEG-GEDHEG, BANJUR NYERAKI PUTRANE.

IBU              :  Ana apa ta, En? Mulih-mulih, ora ngucapke salam, ora copot sepatu lan ganti sragam. Teka-teka langsung ungkeb-ungkeb karo nangis ing kursi tamu. Tase ya ora didokok neng kamar pasinaon, nanging mung diuncalake ngono wae nyang kursi tamu. Satemene ana masalah apa ing sekolahmu, nganti kowe teka-teka langsung nangis kaya mengkono?

ENY            :  (ORA NJAWAB, NANGING TANGISE MALAH SAYA BANTER)

IBU              : Apa kowe didukani gurumu amarga ora nggarap tugas sing diparingake gurumu? (ORA ANA JAWABAN) Apa kowe kerengan karo kanca-kancamu? Iya? Kowe kerengan karo kanca-kancamu? Mula dadi bocah kuwi mbok aja galak-galak! Aja seneng nggalaki kancane! Dadi bocah mbok ya sing rukun karo kanca-kancane. Luwih becik ngalah tinimbang dimungsuhi kanca-kancane. Elinga! Duwe kanca, senajan cacahe sepuluh... kuwi rasane isih kurang, nanging yen mungsuh, senajan mung siji...kuwi rasane wis kakehan. Amarga bisa dadi gandholan sing ngebot-boti pikiran lan nggawe awake dhewe winates anggone arep tumindak.

ENY            :  Lha wong rencang-rencang kula sami nganyelke kok! Rencang-rencang kula sedaya sami njelehi, marahi mangkel! Sedaya sami kesangeten!

IBU              :  Kebangeten kepriye?

ENY TANGI BANJUR LUNGGUH ING KURSI DAWA. IBUNE  NYAKETI BANJUR LENGGAH ING SANDHINGE. ASTANE IBU NGELUS-ELUS RAMBUTE ENY SING KREMBYAKAN, SUPAYA LUWIH TEMATA. IBU BANJUR NGELAPI LUHE ENY SING DLEWERAN NELESI PIPINE. ADEGAN MESRA NUDUHAKE GEDHENE KATRESNANE IBU MARANG PUTRANE KANG LAGI NANDANG KESUSAHAN, SIAP NAMPA TANGISANE PUTRANE.

ENY            :  Ingkang badhe mboten nesu kepripun, Bu? Jeneng kula ingkang sampun sae punika kaliyan rencang-rencang kula digantos dados Kopral Sayom. Ika ngundang kula Bu Kopral. Tri nyeluk kula Sayom. Lajeng Hartani moyoki kula Mbak Sayem. Malah-malah lare-lare jaler ugi ngundang kula Bu Kopral Sayom. Lare-lare niku malah ngece kula,  jare kula kagungan pistul lan bedhil kagem nembak piyambake, menawi piyambake terus ngenyek kula. Niki rak kawastanan sampun kesangeten nggih, Bu? Kula nyuwun pindah sekolah mawon menawi mekaten  kawontenanipun.

IBU              :  Ya aja terus kaya mengkono! Ora gampang lho golek kanca lan nglarasake awakmu ing papan sing anyar mengkone. Nglarasake piwulang ing kelas ora gampang, apa maneh nglarasake pasrawungan karo kanca-kanca anyar, ya ora gampang.

ENY            :  Inggih-nggih, Bu, menapa malih menawi kita tasih manggen wonten griya mriki, perkara ing sekolah lami mesthi badhe kawangsulan malih.

IBU              :  Lho kok bisa kaya ngono?

ENY            :  Amargi masalahipun inggih papan dunung kita niki.

IBU              : Yagene kok bisa kaya mengkono? Apa sing salah karo papan dunung kita iki?

ENY            :  Kita niki rak manggen wonten Dalan Kopral Sayom. Nah niku perkawisipun! Pramila rencang-rencang kula sami ngundang kula Bu Kopral Sayom. Menawi mekaten, saenipun kita pindhah griya mawon, Bu. Mrika ’ten Dalan Diponegoro, utawi Dalan Jenderal Sudirman, utawi Dalan RA Kartini, utawi Dalan Kyai Haji Wahid Hasyim, utawi wonten Dalan Dewi Sartika.

IBU              :  Yagene kok kudu ngono?

ENY            :  Menawi kita manggen wonten papan ing dalan-dalan ingkang ngagem nami pahlawan-pahlawan ageng, kondhang lan misuwur, kita ugi badhe ketingal ageng lan kondhang. Kita rumaos bombong lan mongkok manggen wonten mriku. Mbok menawi bombong lan mongkokipun manah punika saged njalari kita lajeng nyonto, nuladani perjuanganipun para pahlawan ageng punika.

IBU              :  Terus yen manggon ing papan sing nganggo jeneng pahlawan cilik, apa ana perkara?

ENY            :  Nggih jelas wonten ta, Bu! Pahlawan alit mboten dikenal masyarakat kathah. Lelabuhanipun ugi naming wonten ing lingkup ingkang alit, mboten wonten bobotipun kagem perjuangan kamardhikan negara kita. Saengga mboten damel bombong lan mongkok tiyang-tiyang ingkang badhe nuladhani. Punapa malih nami pahlawan ingkang dipun dadosaken nami margi papan dununge kita niki rak naming nami setunggalipun  kopral. Punapa hebatipun pangkat kopral? Niku rak pangkat ingkang tebih sangandhapipun pangkat jenderal? (ENY MENENG SEDHELA) Oh inggih.... amargi sami-sami kopral, rencang-rencang kula sami moyoki kula, jare kula niki Kopral Sayom sedherekipun Kopral Jono, kados wonten ing lagu riptanipun Ismail Marzuki.

IBU              :  (NGGUYU)

ENY            :  (MRENGUT) Kok Ibu malah gumujeng? Punapa wonten ingkang lucu, Bu? Kula niki serius lhe, Bu. Kula sampun mboten kiyat malih saben dinten dipoyoki, dienyek rencang-rencang kula, diundang Bu Kopral Sayom. Sinau kula wonten sekolah inggih keganggu. Menawi kula nembe nggatosaken piwulang ingkang dipun paringaken bapak-ibu guru wonten kelas, rencang-rencang kula asring sami ngentuni kertas kanthi seratan: “Hallo Bu Kopral Sayom, piye kabare? Pistolmu rak ora  ketinggalan ta? Awas Landa wis saya cerak lho! Siapna bedhilmu! Dhoorrr...Dhooorrr...!!!” Aku dadi sebel neng kelas.

IBU              :  Nganti kaya mengkono kuwi kelakuane kanca-kancamu? Yen pancen kaya mengkono, aku kudu aweh katerangan kang luwih ngyakinake. Aku perlu nyejarahke utawa nyritakake sejarah kepahlawanane Kopral Sayom marang kowe, supaya kowe bombong lan ora mindher maneh nduwe pahlawan jeneng Kopral sayom, lan manggon ing papan dunung kang ditengeri nganggo jeneng Dalan Kopral Sayom.

ENY            :  Dados wonten crita sejarahipun ta, Bu?

IBU              : Ya mesthi wae ana.

ENY            :  Ibu saged nyritakaken dhateng kula, Bu?

IBU              : Bisa wae. Nanging apike, kanca-kancamu dha jaken dolan mrene, mengko tak critakake perjuangan lan pangorbanane pahlawan Kopral Sayom. Mengko karo lotisan ing kene, kanca-kancamu tak critanane.

ENY            : Nanging, Bu, saderengipun rencang-rencang kula mirengaken critanipun Ibu, langkung sae menawi Ibu kersa nyritakaken dhateng kula langkung rumiyin. Nggih mangke menawi critanipun Ibu niku saged nedahaken sepinten agengipun lelabuhanipin Kopral Sayom, mliginipun kagem laladan Klaten, lan umumipun kagem negari Indonesia. Lah menawi crita niku malah nedahaken sepinten remehipun lelabuhanipun Kopral Sayom kagem laladan Klaten, langkung-langkung kagem Negari Indonesia, rak saya dados bahan nyek-nyekanipun rencang-rencang dhateng kula ta, Bu?

IBU              :  Ooo..dadi critaku iki arep tok sensor dhisik ngono ta?

ENY            : Nggih mboten ngonten, Bu. Kula naming nyaring kemawon kok. Kula naming ninthingi kinten-kinten crita punika saged ngangkat bobotipun papan dunung mriki napa malah ngeblekaken papan dunung mriki dados saya remeh.

IBU              :  Kuwi padha wae kowe arep nyensor critane Ibu mengko. Nanging ora dadi ngapa. Ngejeni jasa lan pangorbanan para pahlawan kuwi ora mung marang gedhene jenenge. Pahlawan sing merjuangake kamardhikan negara Indonesia, sing berjuang kanggo ngusir penjajah saka Bumi Pertiwi Nuswantara, sing banjur katelah kanthi jeneng Negara Indonesia kuwi ora mung Pahlawan Diponegoro, Tuanku Imam Bonjol, Raden Ajeng Kartini, Dewi Sartika, Sukarno, Hatta, Jenderal Sudirman lan jeneng-jeneng pahlawan liya sing wis tok waca ing buku wulangan sejarah. Nanging saliyane kuwi isih akeh – kepara akeh banget pahlawan liya sing ora dikenal, utawa sing mung dikenal dening masyarakat lingkungane dhewe. Contone Kopral Sayom kuwi. Negarane dhewe ora bakal bisa mardhika tanpa perjuangan lan pangorbanan pahlawan-pahlawan sing ora dikenal kuwi. Malahan uwong-uwong kuwi mujudake para pahlawan sing berjuang tanpa pamrih, sing ora menangi ngenyami asil perjuangane ing ndonya iki.

SWASANA TIDHEM. ENY KANTHI KHIDMAT NGRUNGOKAKE  KATERANGAN IBUNE. SAWISE MANDHEG SEDHELA IBUNE BANJUR NUTUGAKE KATERANGANE.

IBU              :  Pangeran Diponegoro, Tuanku Imam Bonjol lan liya-liyane pahlawan gedhe sadurunge jaman pergerakan kamardhikan, ora bakal bisa berjuang dhewekan. Para penggedhe kuwi butuh parampara, prajurit lan para pendherek kang siap berjuang lan berkorban bebarengan  pemimpine. Lan wong-wong kuwi, saliyane sagelintir uwong, ora kacatet ing buku  sejarah. Nanging wong-wong kang ora kacatet kuwi ana, malah kepara akeh. Wong-wong kuwi sejatine iya pahlawan kang kudu diajeni, amarga kasil lan orane perjuangane  para pemimpin uga gumantung saka perjuangane para pendhereke. Bisa dikandhakke malah uga gumantung panyengkuyunge para kawulane.

ENY            :  Lha menawi Kopral Sayom, kados pundi, Bu?

IBU              :  Kopral Sayom kuwi sawijinng pahlawan kang berjuwang ing dhaerahe awake dhewe kene, ing Kabupaten Klaten. Dheweke kuwi satemene ndhisik  omahe ing pedhukuhan samburine Kantor Kecamatan Klaten Selatan saiki. Nanging dheweke wektu kuwi lagi tugas perang ing kubu pertahanan udara kang ada ing laladan Desa Gunungan, sacerake Kantor Kecamatan Klaten Utara wektu iki. Dheweke bebarengan karo kancane sing jenenge Sersan Sadikin gugur di ing papan kono. Ing sacerake lampu bang-jo ing pratelon Ngingas kae rak ana monumen cilik memper tugu peluru, kuwi mujudake monumen kanggo pangeling-eling perjuangan lan pengorbanane pahlawan Kopral Sayom lan Sersan Sadikin.

ENY            :  Ooo.. enggih kula mangertos, monumen niku wonten salebetipun taman ingkang alit nanging katon endah. Ing wingkingipun wonten relief ingkang nggambaraken pertempuran pejuang kita lumawan  pesawat terbang cacah kalih ingkang mabur ing sanginggilipun.

IBU              :  Bener apa sing tok kandhakake. Pesawat terbang kuwi sing dijenengake Cocor Merah. Salah siji saka montor mabur kuwi bisa ditembak dening pahlawan pejuang kita, nanging emane ora nganti nyeblok kobongan ing papan kono, nanging kabare nyeblok kobongan ing papan liya. Wektu  kuwi montor mabur kuwi malah mbalik banjur nembaki pejuang kita, nganti Kopral Sayom lan Sersan Sadikin gugur pinangka pahlawan bangsa.

ENY            :  Wah, menawi makaten critanipun seru nggih, Bu? Mbok kula dicritani sapunika! Kula mboten sabar selak kepengin ngerti critanipun, Bu!

IBU              :  Kowe kuwi! Yen krungu ibu arep crita utawa ndongeng, wiwit jaman isih cilik nganti tumeka saiki, mesti ora sabaran. Kepengine langsung dicritakake saiki uga!

ENY            :  Lha terus kapan?

IBU              :  Kowe rak lagi mulih sekolah ta? Mesthine ya copot sepatu dhisik, ganti klambi dhisik, banjur maem. Bar kuwi lagi lungguh sing kepenak ngrungokake ibu crita.

ENY            :  Kedangon, Bu! Ngenten mawon rak mboten menapa-menapa ta, Bu? Menawi maem wanci siang, kula wau ten sekolah pun maem ten kantin sekolah.

IBU              :  Ya wis yen ngono ngene wae. Sauntara kowe copot sepatu lan ndokok ing papane, sarta ganti klambi, ibu arep nggoleki buku ”PERJOANGAN RAKYAT KLATEN” ing perpustakaan kulawargane dhewe. Crita kuwi ana ing kana.

ENY            :  Kok ndadak repot-repot pados wonten buku perpustakaan menapa, Bu? Punapa ibu mboten apal critanipun, saengga mboten saged crita tanpa maos buku?

IBU              :  Dudu kuwi, Cah Ayu. Ibu uwis apal critane, nglothok nganti luwar kepala. Nanging karepe ibu nyontoni, supaya kowe mengko  dadi kertarik kanggo maca crita-crita liyane kang ana ing buku kuwi. Crita ngenani Kopral Sayom kuwi mung sebageyan saka maneka crita perjoangan rakyat Klaten nalika ngrebut lan njaga kamardhikan Indonesia, mligine ing wewengkon Kabupaten Klaten.

ENY            :  Oooo...ngaten ta. Menawi mekaten nggih ndang cepet mrika, ibu padosi bukunipun ing perpustakaan, kula tak enggal copot sepatu lan gantos klambi. Kula selak mboten sabar.

IBU              :  Dhasar Eny anakku Bocah Ayu Dhenok Dhebleng! (GEDHEG-GEDHEG) Menawa nduwe kekarepan sak idak sak inyet! Ora bisa disemayani kon nunggu dhisik! Ya wis, kowe saiki ndang ganti klambi kana! Ibu arep ndang nggoleki bukune ing lemari  perpustakaan.

SAWISE NJUPUK TAS SEKOLAHE, ENY MLAKU  METU SAKA PANGGUNG MENYANG ARAH MLEBUNE IBU MAU. DENE IBU GAGE-GAGE NUJU NYANG LEMARI PERPUSTAKAAN KANG ANA ING POJOK RUWANG. MBUKAK LEMARI BANJUR MOLAK-MALIK NGGOLEKI BUKU. SAWISE KETEMU BANJUR MLAKU NUJU NYANG KURSI TAMU DAWA. MBUKAK-MBUKAK BUKU, NGGOLEKI KACA BUKU KANG DIBUTUHAKE. SAWISE KETEMU BANJUR MACA JRONING BATIN.

SAUNTARA KUWI ENY SING GANTI KLAMBI WIS RAMPUNG. SAIKI DHEWEKE NGANGGO KLAMBI PADINAN LAN ORA NGANGGO SEPATU. DHEWEKE GAGE-GAGE LUNGGUH NJEJERI IBUNE ING  KURSI  TAMU DAWA.

ENY            : Sampun, Bu, sapunika kula sampun gantos rasukan padintenan, siyaga mirengaken ibu maosaken crita sejarah perjuangan Kopral Sayom salebetipun perang wonten kubu pertahanan udara Gunungan Klaten.

IBU              : Nah, ngono kuwi. Ibu rak luwih kepenak nyawang kowe nganggo klambi padinan ngono kuwi. Kaya-kaya saiki kowe wis dadi  tanggung jawab kulawarga sawutuhe, wis ora dadi tanggung jawabe pihak sekolah maneh. Kanggo crita ibu dadi luwih kepenak.

ENY            :  Sampun, Bu, ceramahipun mangke mawon. Mangke dipun sambung malih sasampunipun ibu maosaken sejarah perjuangan Kopral sayom.

IBU              :  (NJIWIT PIPINE ENY) Kowe kuwi pancen seneng nggawe ibu dadi gemes kok, En! Bocah yen duwe kekarepan kok mesthi ora sabaran.

ENY            :  Lha menawi ibu ceramah terus, kapan anggenipun badhe miwiti crita?

IBU              :  Ya wis, saiki kowe lungguh sing kepenak, rungokna tenanan, ibu arep ndang miwiti macakake sejarah perjuangan Kopral Sayom lan kanca-kancane, nalika perang nglawan penjajah Walanda ing kubu pertahanan udara Gunungan Klaten, wulan Juli tahun 1947. Crita iki tak wacakake saka buku ”Perjoangan Rakyat Klaten” kang disusun lan diterbitake dening Panitiya Pembangunan Monumen Perjoangan ’45 Klaten tahun 1976. Tak cuplik saka kaca 125. Nanging gandheng basane nganggo basa Indonesia, arep tak coba njarwaake nganggo basa Jawa. Rungokna lan semaken tenanan, critane mengene....

ADEGAN SABANJURE DUMADI SAKA RONG ADEGAN KANG MLAKU BEBARENGAN, YAKUWI ADEGAN 1 NGGAMBARKAKE  IBU NEMBE LENGGAH ING KURSI DAWA JEJER ENY ING PANGGUNG PERANGAN MBURI. IBU MACA BUKU. ENY NGRUNGOKAKE CRITA SING DIWACAKAKE IBU KARO NONTON MENGAREP KANG LAGI NINDAKAKE ADEGAN 2, MRAGAKAKE  ISI WACAN.

DENE ADEGAN 2 ING PANGGUNG PERANGAN NGAREP KANG CUKUP AMBA, NGGAMBARAKE PEMBAYANGANE ENY NALIKA NGRUNGOKAKE CRITA KANG DIWACAKAKE IBU:
SWASANA WEKTU ESUK. ANA PRAJURIT PAPAT LAGI LUNGGUHAN JAGA-JAGA ING SATENGAHE SAWAH KANG DIGAWE JINJIK (LUBANG PERTAHANAN KANG DIAYOMI SAKUPENGE NGANGGO KARUNG-KARUNG WEDI) PERTAHANAN UDARA GUNUNGAN. TINGKAHE WONG-WONG KUWI WERNA-WERNA, ANA SING LAGI TANGI TURU UCEK-UCEK MRIPAT, ANA SING LAGI NGISIK-ISIK GEGAMANE ARUPA BEDHIL UTAWA PISTUL.  BANJUR KEPRUNGU SWARA MONTOR MABUR, WIWITANE ALON LAMAT-LAMAT, SUWE-SUWE SAYA CETHA, SAYA CERAK SAYA BANTER. KRUNGU SWARA KUWI PARA PRAJURIT GAGE-GAGE SIYAGA. ANA SING MENEHI ABA-ABA NGANGGO SASMITA/ISYARAT KANGGO NYIAPAKE SERANGAN. BANJUR NJEDHUL RONG PASANG UWONG MENGANGGO KLAMBI SERAGAM TENTARA WALANDA MLAYU MUBENG-MUBENG. SABEN PASANG DUMADI SAKA WONG LORO, SING NGAREP TANGANE LORO DIDAPLANGAKE, NGGAMBARAKE MONTOR MABUR”COCOR MERAH”, NGIRAS PANTES DADI PILOTE, DENE SING MBURI PINANGKA PENUMPANGE, SAWIJINING TENTARA  LANDA KANG NGAYAHI TUGAS NEMBAKI PARA PEJUANG INDONESIA KANG MANGGON ING  NGISOR. DADI ANA PARAGA LANDA CACAH PAPAT KANG MLAYU MUTER-MUTER KARO NEMBAKI PRAJURIT-PRAJURIT PEJUANG INDONESIA KANG ANA NGISOR.

ING NGISOR, PARA PEJUANG INDONESIA EMOH KALAH GAGAHE. SINAMBI NDHELIK ING SEWALIKE KARUNG-KARUNG WEDI PENGAYOMAN, PARA PEJUANG GENCAR NEMBAKAKE MITRALIURE MENYANG ARAHE PESAWAT TEMPUR COCOR MERAH SING LAGI MUBENG-MUBENG ING SANDHUWURE. TEMBAK-TEMBAKAN KLAKON KANTHI SERU SAWETARA WEKTU.

SERANGAN PESAWAT TEMPUR WALANDA IKI KLAKON SAJRONING PATANG GELOMBANG. DADI PARAGA WALANDA MUBENG-MUBENG NGLINTERI PARA PEJUANG INDONESIA SINAMBI NGLANCARAKE SERANGAN, BANJUR METU SAKA PANGGUNG, BALI MANEH KANGGO NYERANG MANEH KARO MUBENG-MUBENG NGANTI AMBAL KAPING PAPAT.

ING UBENGAN KANG KAPINDHO, SALAH SAWIJINING AWAKE MONTOR MABUR KENA TEMBAKAN MITRALIUR PASUKAN PEJUANG INDONESIA. NANGING EMANE MONTOR MABUR KUWI ORA NYEBLOK KOBONG. MONTOR MABUR KANG KETEMBAK KUWI OLENG SEDHELA, BANJUR METU SAKA PANGGUNG. NANGING SEDHELA MANEH WIS BALI MLEBU MANEH KARO KANCANE KANGGO NYERANG  KANG LUWIH GENCAR.

ING SERANGAN GELOMBANG KANG KAPING PAPAT, TEMBAKAN TENTARA WALANDA NGENENGI PRAJURIT II SAYEM LAN SERSAN SADIKIN. MONTOR MABUR CACAH LORO KUWI BANJUR NGGEBLAS METU SAKA PANGGUNG.

PRAJURIT CACAH LORO SING KENA TEMBAK DIRAWAT KANCA-KANCANE, NANGING GANDHENG TATU-TATUNE ABOT, PUNGKASANE WONG LORO KUWI GUGUR PINANGKA PAHLAWAN KUSUMA BANGSA.

IBU              :  (MAOS BUKU BEBARENGAN KARO LUMAKUNE ADEGANG 2) Sanajanta Klaten mujudake laladan ing garis mburi, nanging uga ora luput saka inceran montor mabur – montor mabur perang Walanda. Ing sawijining wektu esuk sajroning agresi Walanda kang sepisan, ngerti-ngerti ing sandhuwure  kutha Klaten wis mubeng-mubeng klinteran pesawat tempur Walanda cacah loro. Montor mabur kang ing wektu kuwi dijuluki ”Cocor Merah”. Nyawang kurang-ajare montor mabure mungsuh, gage-gage pasukan cilik kang manggon ing Pertahanan Udara  Gunungan nyiapake serangan. Pasukan kang dipimpin dening Letnan Sunarto kanthi anggotane Sersan Sadikin, Prajurit II Sayom lan Prajurit II Kirmadi, enggal nembakake mitraleure marang arahe Cocor Merah Walanda kanthi gencar. Tembakan saka ngisor iki ngenengi awake montor mabur, emane ora ndadekake montor mabur kuwi ngalami rusak kang abot.

Entuk serangan mitraleur iki, Cocor Merah gage-gage balik lan mbales ngwutahake pelurune.  Tembak-tembakan klakon geget banget. Mengkono kuwi dumadine prastawa kang banget gawe bombonging ati rakyat Klaten. Esuk kuwi ing kutha Klaten wis rame kanthi swara tembak-tembakan gencar. Cocor Merah Walanda nyerang jinjik pertahanan angkasa pasukan Sunarto kanthi serangan kang ngedab-edabi, serangan ditindakke ing sajroning patang gelombang. Senajan pasukan anak buahe Letnan Sunarto wis lumawan kanthi gagah lan kebak kewanen, nanging amarga kalah gegaman lan kalah posisi pungkasane perlawanan pasukan Sunarto bisa dikalahake, lan nggawa bebanten Sersan Sadikin lan Prajurit Sayem. Sabanjure montor mabur Landa mabur ninggalake kutha Klaten, sawise sadurunge mubeng-mubeng dhisik ing sandhuwure  kubu pertahanan Gunungan.

Nanging pirang-pirang dina candhake keprungu kabar, menawa sawise lelakon tembak-tembakan sing kaping pindho karo pasukane awake dhewe, pungkasane montor mabur  kuwi bisa dilumpuhke lan tiba ing papan liya.

Rakyat Klaten melu bela sungkawa kanthi  gugure pahlawane cacah loro, yaiku Sersan Sadikin lan Kopral Sayom. Kanggo pangeling-eling marang lelabuhane sakarone, pinangka pahlawan kusuma bangsa, ing papan lelorone gugur dibangun sawijining monumen kang dikenal kanthi julukan Tugu Peluru. Tugu Peluru kuwi saiki manggon ing ngarep Kantor Pertanahan Klaten. Kiwa tengene sing jaman semana isih sawah saiki wis kebak gedhung perkantoran lan sekolah.

Mengkono critane. Wacan sejarah perjuangan pahlawan Kopral Sayom lan kanca-kancane wis rampung.

WACAN WIS RAMPUNG, NANGING ENY ISIH TETEP NDOMBLONG KAYA-KAYA ISIH DURUNG BISA METU SAKA BAYANGAN LAN SWASANA PEPERANGAN ING KUBU PERTAHANAN UDARA GUNUNGAN KUWI.

IBU              :  En....!

ENY            :  (ISIH NDOMBLONG. ORA ANA TANGGAPAN UTAWA JAWABAN)

IBU              :  En....!

ENY            :  (ISIH NDOMBLONG. ORA ANA TANGGAPAN UTAWA JAWABAN)

IBU              :  En....!

ENY            :  (GERAGAPAN KAYA LAGI SADHAR SAKA ALAM PANGIMPEN) Inggih...nggih..Bu. Wonten menapa?

IBU              :  Uwis lehmu ngalamun. Critane ibu wis rampung. Pinangka generasi penerus, kowe kudu bali ing alam nyata. Isih dawa perjuangan sing kudu diadhepi.

ENY            :  Niku lhe, Bu. Eny gumun, ing pehake awake dhewe namung wonten prajurit sekawan, kanthi gegaman langkung prasaja, lan manggen ing papan ngandhap, kok wantun-wantune nglawan montor mabur perang cacah kalih ingkang nembe nggegana ing nginggil, saged pindhah panggenan kanthi cepet, saged ngindhari serangan kanthi cepet. Langkung-langkung Landa niku gegamanipun langkung modheren lan pasedhiyan pelurunipun langkung kathah. Para pejuang kita saestu pahlawan ingkang gagah berani, mboten ajrih gugur wonten palagan.

IBU              :  Iya... mesthi! Menawa pejuange awake dhewe kuwi uwong-uwong sing jirih lan wedi mati, mbok menawa luwih becik kanggone dheweke tiarap meneng wae ing jinjik lubang pangayoman. Ora perduli papan-papan penting ing kutha Klaten dibom dilumpuhke mungsuh-mungsuhe. Sing penting awake dhewe selamet. Nanging Kopral Sayom lan kanca-kancane ora kaya mengkono kuwi. Para pejuang kita wis ngatonake jiwa kepahlawananne. Dheweke berjuang nganti tumetese getih kang pungkasan. Ora perduli nyawa totohane. Supaya ajining dhiri bangsa kita kang wis wani mbiwarakake proklamasi kamardhikane ora diece lan diremehke mungsuh. Supaya kedaulatan negara kita ora diidak-idak lan diiles-iles mungsuh, kanthi sakepenake dhewe mabur ing sandhuwure wewengkon kita tanpa njaluk idi palilah luwih dhisik


ENY            :  Hebat! Temen-temen hebat! Kula dados bombong lan mongkok marang para pahlawane awake dhewe: Kopral Sayom, Sersan Sadikin, Prajurit Kirmadi lan Letnan Sunarto.

IBU              :  (NUDUHAKE BUKU SING MAU DIWACA) Ora mung kuwi, En, menawa kowe gelem maca buku iki, uga buku-buku liyane, kayata ”Di Bawah Sang Merah Putih, Tentara Pelajar Klaten Mengabdi, lan siji maneh buku ”Nukilan Crita TP. Klaten”, kowe bakal ngerti kasunyatane isih akeh pahlawan-pahlawan liyane kang dadi pejuang ing Kabupaten Klaten, kang bisa kok dadekake tepa tuladha, lan kudu tok ajeni lelabuhan lan pangorbananne.

ENY            :  Contonipun sinten mawon, Bu, kisah perjuangan lan pangorbanan pahlawan Klaten ingkang saged kula waos ing buku-buku niku?

IBU              :  Akeh banget! Ing antarane ana pahlawan Tentara Pelajar Soenadi kang gugur sajroning palagan ing pinggir ril sepur ing antarane dukuh Gudang karo dukuh Sraten Kecamatan Klaten Selatan. Dheweke pahlawan TP kang gugur dhisik dhewe ing Klaten. Critane banget nrenyuhake. Bayangna, bocah-bocah sing isih mudha tumaruna, sing kudune isih nedheng-nedhenge mempeng ing pasinaon, kudu ninggalake bangku sekolah, amarga entuk timbalan Ibu Pertiwi, kanggo ngukuhi kamardhikan negara kita. Dudu buku, bolpen lan potlot sing digawa, nanging gegaman lan totohan nyawa, jiwa lan raga sing digawa. Pungkasane Soenadi gugur. Bayangna, saeba susahe kanca-kancane padha-padha anggota Tentara Pelajar, sing sadurunge padha berjuang bebarengan, mangan, gojegan, lan turu bebarengan. Ngerti-ngerti salah siji kancane ana sing mati, gugur ing palagan.  

ENY            :  Punapa tasih wonten sanesipun, Bu?

 IBU             :  Isih akeh. Ing buku-buku kuwi kowe bisa maca crita-crita cegatan kang ditindakake para pejuange awake dhewe marang konvoi lan patroli Landa. Jaman ndhisik misuwur anane papan-papan cegatan kang gawe mirise saradadu Landa. Akeh gegaman kagolong abot kayata tank, panser lan liya-liyane duweke Landa rusak remuk sajroning cegatan ing papan-papan kuwi.  Papan-papan cegatan kuwi antara liya ana ing Jombor Ceper, ing tikungan maut Sangkalputung, sing saiki wis didegki Monumen Juang ’45, uga ing Bendogantungan, lan ing Plinthengan, desa-desa antarane Pandansimping nganti Gondangwinangun, banjur ing Pakis Delanggu, ing Jembatan maut Jabang Bayi ing Desa Banaran Delanggu, lan liya-liyane. Iki kabeh perlu tok ngerteni, supaya kowe marem, bombong lan mongkok marang para pahlawanmu, lan banjur semangat kanggo nerusake cita-cita perjuangane.

ENY            :  Nganten nggih, Bu? Menawi mekaten kula perlu maos buku-buku niku.

IBU              :  Mesthi wae! Wis suwe buku-buku iki ana ing lemari perpustakaan kulawargane dhewe. Saben wulan Agustus utawa wulan Nopember bapak lan ibu asring merlokake maca kanggo ngenang perjuangane para pahlawane Kabupaten Klaten iki. Menawa bapak disuwun ngaturi  sambutan ing acara malem tirakatan ing kampung, bapak asring nyuplik sebagean saka crita sejarah kang ana ing buku-buku kuwi. Kowe wae sing ora nggatekake. Kowe kuwi kaya umume bocah-bocah saiki, mung dha ketungkul olehe dolanan SMS-an utawa facebook-an karo kanca-kancane.

ENY            :  Mboten, Bu, kula sakniki badhe ngirangi main game menapa dene SMS-an lan face-bookan. Kula badhe langkung nengenaken maos buku-buku ingkang langkung manfaat. Buku-buku sejarah utawi buku-buku crita lan sanes-sanesipun ingkang saged nambah wawasan kula.

IBU              :  Mantep! Iki lagi putri ibu sing ayu, manis, lan bisa gawe bombong lan mongkokke wong tuwa. Ibumu sawijining kutu buku, mengkono uga bapakmu. Loro-lorone ora ana dina tanpa ora maca buku ra ketang mung pirang klebet. Perpustakaan kulawargane wae buku nganti atusan judhul. Eman banget yen nganti anake ora marisi kesenengane wong tuwane sing seneng memaca. Mbok menawa yen kowe gelem nyoba lan usaha kowe iya duwe bakat nulis kaya ibu lan bapakmu. Sing penting, kurangi nyekel HP, kajaba yen ana keperluwan penting, ora mung sekedar iseng lan terus ketagihan.

ENY            :  Janji, Bu. Wiwit sapunika kula badhe ngirangi nyekel  HP. Kula sapunika ugi sampun mboten isin malih mapan dedunung ing Dalan Kopral Sayom.  Kula bombong lan mongkok nggadhahi pahlawan, senajan naming alit, naming ing wewengkon lokal Klaten, kanthi asma Kopral Sayom. Ingkang ageng mboten bakal dados ageng tanpa panyengkuyung lan andhilipun para pejuang ingkang alit. Rak nggih ngonten ta, Bu?

IBU              :  Mantep! Pinter tenan anakku! Anakku saiki wis pinter ngucapake tembung-tembung kang ngemot kawicaksanan. Kowe pancen calon pemikir kang jenius. Ibu bombong lan mongkok duwe putra kaya kowe.

ENY            :  Ah, Ibu! Kula dados lingsem dialem kanthi langsung ngenten niki. Nanging ralat sekedhik, Bu. Ampun Ibu ngendika, Ibu bombong lan mongkok duwe putra kaya kowe, nanging kedahipun ibu ngendika: Ibu bombong lan mongkok duwe putra Eny sing duwe komitmen berubah dadi luwih apik, sing maune mung seneng SMS-an karo kanca-kancane, ganti seneng maca buku-buku sing manfangati.

IBU              : Ya..ya..ya, bener kowe!. Ibu marem, bombong lan mongkok duwe anak jenenge Eny sing ayu, Eny sing manis, Eny sing pinter, Eny sing wasis lan Eny sing gelem owah luwih becik, ngurangi main game, SMS-an, lan facebook-an, ganti luwih seneng maca lan sinau nulis.

ENY BANJUR SAYA NYERAKI IBUNE. IBUNE NGERTI APA KANG DIKAREPAKE PUTRINE. IBUNE NGAMBUNGI ENY PINANGKA TANDA BAHAGIYA LAN SEPAKAT KANGGO NINDAKAKE KOMITMEN KANG  WIS DIIKRARAKE.

LAYAR TUMURUN.

TAMAT.
Klaten, 29 September 2014

Pangripta: Sutardi MS Dihardjo/Masdi MSD

Related posts:

No response yet for "Contoh Sandiwara Bahasa Jawa 'Kopral Sayom'"

Post a Comment