Dongeng Anak Bahasa Jawa Krama

RAJA LOBANINGRAT
Dening Sutardi MS Dihardjo

Wiwit isih cilik Raja Lobaningrat seneng nindakake tirakat, laku prihatin, tapa ing papan-papan sepi lan wingit, nyuwun marang dewa sesembahane supaya diparingi kasekten. Ora mokal yen dheweke duwe kasekten jaya kawijayan kang pilih tandhing. Kanthi kasektene kasebut Raja Lobaningrat dadi seneng perang, nelukake raja-raja manca negara. Malah kerep raja ngajak bala tentarane nglurug perang mung amarga krungu ana negara sing dipandhegani raja kang sekti utawa nduweni senopati kang gamben ora tedhas sakehing gegaman. Kawitane pancen mung kanggo njajal kasektene, nanging sabanjure iya kanggo njarah rayah bandhane negara kang wis dikalahake.
Wis akeh raja kang ditelukake. Maneka warna barang antik lan mas picis raja brana, barang rampasan-perange sumimpen ing gedhong hartaka. Raja kerep mlebu ing gedhong kuwi kanggo nikmati kaendahane sinambi ngeling-eling kaprawirane nalika ngalahake mungsuh-mungsuhe.
Sawijining dina raja duwe pikiran kang aneh. Dheweke nglumpukake para punggawa kraton kanggo mujudake gagasane.
”Bandhaku sing digawe saka emas, inten, barliyan wis akeh banget, nanging atiku durung rumangsa marem. Nelukake raja-raja kanggo nyoba kasektene wis tak tindakake. Pranyata ora ana sing bisa nandhingi kasektenku. Yen aku perang mung kanggo njarah rayah bandhane, ing mbesuke aku mung bakal dieling-eling pinangka raja penjajah kang seneng njarah rayah darbeke liyan. Kuwi dudu cathetan kang apik ing buku sejarah sing bakal disinau anak putu kita,” ngendikane Raja Lobaningrat. Dheweke mandeg sedhela kanggo mangerteni kepriye mungguh tanggapane para punggawane. Sing pengin dingerteni tanggapane mung meneng karo ndhungkluk, nyoba ngira-ira arah pangandikane rajane. Ana sing ngira raja kepengin perang nelukake para dewa ing Kahyangan, kanggo nyoba kasektene sing wis kentekan mungsuh ing jagade menungsa. Ana sing ngira yen saiki raja wis sadhar lan ora gelem nglurug perang maneh.
”Aku kepengin nduweni kraton lan perabotan sing kabeh digawe saka emas, inten barliyan. Nanging aku ora kepengin mbangun saka bandha rampasan perang. Aku nyadhari, aku duwe kasekten sing tanpa wates asale saka anggonku tapa, nyuwun kanthi khusyuk marang para dewa. Saiki aku uga kepengin tapa, nyenyuwun marang para dewa supaya diparingi kasekten, sing ndayani apa wae kang takgrayang malih dadi emas. Kepriye mungguh panemu, Kakang Patih, hebat apa ora pepinginanku kuwi?”
”Leres, Gusti Prabu! Menawi pepinginan Gusti Prabu punika saged kaleksanan mendah kuncaranipun negari kita! Negari dados makmur, tanpa kita kedah nggecak perang, mejahi tiyang-tiyang ingkang kedah kita telukaken,” wangsulane Ki Patih rumangsa seneng, awit satemene dheweke lan para prajurite iya wis bosen, jeleh nglurug perang, ninggalake kulawarga. Penemune Ki Patih disarujuki kabeh para punggawa.
”Yen kowe kabeh sarujuk, saiki ayo mbagi tugas. Aku arep munggah neng sanggar pamujan, nyenyuwun marang para dewa. Aku njaluk ana prajurit kang sekti-sekti genten-genti njaga nggonku semedhi. Sauntara kuwi, padha goleka ahli ukir lan ahli seni wewangunan. Prentahna para ahli kuwi ngentha-entha wewangunan kraton, perabot lan taman sarine supaya endah, alus lan elok. Ora prelu digawe saka emas-emasan. Kuwi mengko dadi tugasku yen panyuwunanku kabul,” ngendike Raja Lobaningrat.
Wis terang ngendikane Sang Prabu, para punggawa banjur bubaran nindakake dhawuhe ratu gustine.
Sawise patang puluh dina suwene sang Prabu Lobaningrat anggone nindakake tapa, Kahyangan papane para dewa ketaman gara-gara. Lindhu gedhe ngoyog-hoyog wewangunan, hawa panas gawe gerahe awake para dewa, banyu ing sendhang nganti padha umeb. Para dewa geger. Rajane para dewa bingung, banjur nonton ing pusaka kaca paesane. Katon Raja Lobaningrat lagi gentur tapane nyuwun welas asihe dewa. Enggal-enggal Bathara Guru mrintahake Bathara Surya Kencana tumurun ing marcapadha nemoni Raja Lobaningrat kanggo mungkasi tapane, lan ngabulake panyuwune, supaya Kahyangan bali tentrem, kalis ing rubeda.
”Jugarna tapamu Raja Lobaningrat! Apa panyuwunmu tok rewangi tapa nganti kaya mengkono ing sanggar pamujan?” pandangune Dewa Surya Kencana.
”Nyuwun pangapunten, Pukulun Bethara Surya Kencana. Kawula lan para prajurit kula sampun bosen perang. Nanging kula tasih kepengin nggadhahi kraton, perabot sak taman sarinipun ingkang sarwa kadamel saking emas. Pramila kula nyuwun diparingi kasekten, menapa kemawon ingkang kula grayang dados emas,” wangsulane Raja Lobaningrat.
”Apa sira wis ngetungake akibat saka panjalukmu kuwi? Menawa ulun turuti apa sing dadi panyuwunmu, apa mengkone sira ora getun?” pandangune Dewa Surya Kencana maneh.
”Sedaya sampun kula petang lan kula musyawarahaken kalian para punggawa kawula. Sedaya sarujuk. Pramila kula mboten badhe getun.”
”Yen pancen sira uwis mantep, saiki endi epek-epek tanganmu. Bakal tak turuti apa panyuwunmu.” Dewa Surya Kencana banjur nyalurake kasektene kang awujud cahya kuning pindha emas nyang epek-epeke Raja Lobaningrat. Sawise rampung, Dewa Surya Kencana bali munggah neng Kahyangan.
Raja Lobaningrat gage metu saka sanggar pamujan. Dheweke pengin enggal mbuktekake pangandikane Dewa Surya Kencana. Kabeh perabot kraton kang endah-endah kanthi ukiran kang remit lan alus sing lagi wae digawe, digrayang epek-epek tangane. Sanalika kabeh perabot kuwi malih dadi emas kang endah pating clorot cahyane. Raja banjur ngguyu lakak-lakak kesenengen. Mlayu mrana mlayu mrene nggrayangi kabeh perabotan, wewangunan lan pethetan taman sari. Gegodhongan, kembang-kembang lan woh-wohan sing wis malih emas, kemrincing suwarane yen katiup angin. Uga katon endah cemlorot yen kena sunare sang bagaskara. Saka kadohan cahyo kuning pindha emas kuwi wis katon kaya kluwung sing madhangi langit, ngundang tekane kawula sing pengin ngerti satemene. Kabeh kawula dadi eram nyekseni prastawa kuwi.
Sawise mloya-mlayu mrana-mrene nggrayangi barang-barang sakupenge kraton, raja rumangsa kesel, luwe lan ngelak. ”Cepakna dhaharan lan unjukan! Ingsun luwe lan ngelak, arep dhahar lan ngunjuk,” perintahe Raja Lobaningrat.
Gage-gage para abdi nyawisake dhaharan lan unjukan. Sega raja lele ing cething saka emas. Sayur sup jamur diwadhahi mangkuk emas ukir-ukiran. Lawuhe ayam panggang sing empuk lan enak. Woh-wohane pelem manalagi sing wis dionceki, apel lan anggur abang kang katon legi lan seger. Sarta unjukan syrup diwadhahi cangkir emas.
Amarga banget ngelake, weruh woh anggur abang kang gawe kemecer, raja enggal-enggal ngranggeh woh anggur. Karepe kepengin enggal ngemplok kanggo ngilangi rasa ngelake. Nanging saeba kagete sang prabu nalika nyumurupi woh anggur ing tangane dumadakan dadi atos ora bisa dipethik amarga malih emas. Genti arep nyruput syrup, uga sanalika malih emas ora bisa mili netesi gurunge kang asat.  Raja saya bingung lan kuwatir, kabeh suguhan enak sing diranggeh arep didhahar, malih dadi emas. Pungkasane Raja dhahar lan ngunjuk didulang dening abdine. Kuwi wae satemene abdine wedi nyaketi amarga wedi yen nganti kagrayang malih emas.
Raja dadi sadhar menawa pepinginane kang leluwihan kuwi ora nambah uripe dadi kepenak, nanging malah gawe sengsara. Apa bener kaya mengkono?  Nyatane, arep turu jejer ratu prameswari lan putra-putrine wae tangane loro kudu ditangkupke lan ditaleni, supaya ora sengaja nggrayang garwa putrane sing bisa njalari malih dadi emas.
Pungkasane Raja Lobaningrat nglengganani kaluputane. Dheweke nyoba ndonga, nyuwun marang Dewa Surya Kencana supaya kasektene sing nyilakakake dheweke kuwi dijabut. Raja wis tobat temenan.
”Ulun kabulake panyuwunira, nanging ana syarate. Kabeh negara jajahanira kudu diwenehi kamardikan.  Kabeh bandha rampasan perang kudu dibalekake. Lan sira ora kena perang maneh kanggo njajah negara liya,” ngendikane Dewa Surya Kencana.
”Kawula sendika nampi syarat punika, Pukulun Bathara Srya Kencana. Waton kawula saged gesang kados manungsa limrah. Epek-epek tangan kula mboten damel kacintrakan malih.”
Dewa Bathara Surya Kencana banjur njabel bali kasekten kang dititipake ing epek-epeke Raja Lobaningrat. Sanalika iku uga kabeh sing maune malih dadi emas bali pulih kaya wujude sakawit. Dewa Surya Kencana banjur bali munggah neng Kahyangan.
Sawise Raja Lobaningrat nindakake apa sing wis disaguhi, negara malah dadi ayem tentrem, adil lan makmur. Kawula lan para punggawa nyambut gawe kanthi tememen kanggo nggayuh kemakmuran lan kabahagian saka tetes kringete dhewe. ***
Dongeng Bocah:
PAK BLANDHONG
Dening Sutardi MS Dihardjo

Pagaweyane Pak Blandhong saben dinane nyedhiyaake kayu kanggo obor-obor ing pawone kraton. Menawa pasedhiyan entek, tugase Pak Blandhong mblandhong kayu ing alas tutupan. Alas iki mligi kanggo nyukupi kabutuhane kraton. Ora saben uwong entuk mlebu alas larangan iki.
Alas tutupan iki dikupengi pager kang wis diwenehi japa mantra sing ora saben uwong bisa nembus. Bab iki kanggo ngawekani supaya alas tetep lestari. Ora bisa dirusak uwong-uwong sing ora tanggung jawab. Amarga saliyane dijupuk wulu pametune, alas tutupan uga dadi papan ngenggar-enggar penggalih lan laboratorium alam, papan kanggo sinau kanggone kulawarga raja. Ing alas tutupan ana sakehing kewan, kalebu maneka warna manuk, tawon madu, kupu maneka rupa lan maneka jinis uwit lan taneman. Kuwi kabeh dadi bahan wulangan kanggo kulawarga keraton, ngiras pantes papan cangkrama kang endah. Saliyane kuwi kanggo njaga tetep seger lan resike hawa kutha raja kang ora adoh papane saka alas tutupan.
Pinangka blandhong ing alas tutupan, Pak Blandhong disangoni japa mantra kanggo ngleboni alas tutupan, saengga Pak Blandhong bisa mlebu metu alas kang dikupengi pager gaib. Nanging mantra iku sepisan diwatek mung bisa duwe kekuwatan nganti jam enem sore. Sawise langit wiwit peteng yen Pak Blandhong durung metu saka alas tutupan, dheweke mesthi keblasuk ora ngerti dalane mulih. Yen wis kaya mengkono, dadi tugase Ki Pawang Alas kanggo nggoleki. Kanthi gampang Ki Pawang Alas bakal nemokake Pak Blandhong sawise diwacakake mantra pepadhange dalan.
Kedadeyan mangkono wis tau dialami Pak Blandhong nalika dheweke sawise rampung mblandhong uwit ora gage-gage mulih, nanging malah kepilut ngoyak-oyak manuk sing katone ora bisa mabur dhuwur. Nanging senajan ora bisa mabur dhuwur manuk kang endah wulune kuwi playune banter nasak-nasak dlusap-dlusup ing gerumbul-gerumbul suket alang-alang lan wit-witan cendhek. Nalika sadhar, jebul srengenge wis wiwit angslup. Prastawa kang dumadi nalika Pak Blandhong lagi wae diangkat dadi blandhong kraton kuwi gawe gegere para abdi dalem kraton. Nanging kanthi pitulangane Ki Pawang Alas, Pak Blandhong bisa ditemokake. Wiwit kedadeyan kuwi Pak Blandhong kapok ora wani sembrana sajroning nindakake karya.
”Pak Blandhong, esuk iki kowe kudu mlebu alas tutupan kanggo golek kayu obong rada akeh,” perintahe pangarsane juru masak kraton.
”Kula kinten pasedhiyan kayu obong tasih wonten, kenging punapa kula kedah pados malih dhateng alas tutupan?” pitakone Pak Blandhong.
”Rong minggu maneh Gusti Prabu arep kagungan kersa ngitanake Kanjeng Pangeran. Dadi kowe prelu golek pasedhiyan kayu obong kang akeh. Miturut laporane Ki Pawang Alas, wit mahoni sing mapan ing pinggir kedhung wis mati garing merga ketuwan. Uwit kuwi wae sing tok tegor. Sesuk ben direwangi Ki Pawang Gajah ngangkute menyang kraton,” celathune pangarsane juru masak kraton njelasake.
Pak Blandhong nurut, dheweke gage budhal menyang alas tutupan. Ora lali dheweke matek mantra kang wis diajarake Ki Pawang Alas nalika mlebu lawange alas tutupan. Dheweke dikancani anak-anake sing melu nyambut gawe dadi blandhong magang. Pak Blandhong nggawa wadung gedhe kanggo negor uwit. Anake sing mbarep nggawa pethel lan bendho kanggo ngrempeli pang. Anake sing ragil nggawa tali dhadhung kanggo nggeret uwit sing ditegor arah ambruke supaya manut sing dikarepake. Ora lali nggawa sangu panganan, sega-jangan lan wedang.
”Kula kinten niku, Pak, uwit ingkang dipun kersakaken,” celathune Si Pembarep karo nudhing wit mahoni sing godhonge wis brindhil ing pinggir kedhung. Pak Blandhong lan Si Wuragil mbenerake. Wong telu kuwi ndang nyambut gawe bebarengan. Sing sepisanan ditindakake ngrempeli pang-pange nganggo bendho. Banjur wiwit saka ndhuwur wite ditegor sithik mbaka sithik. Si Pembarep menek masang dhadhung neng ndhuwur. Adhine lan bapake nyekeli dhadhung ing ngisor, ing arah sing dikarepake tibane wit sing paling aman. Si Pembarep banjur wiwit negor wit kuwi nganggo pethel. Sawise tatune wis jero, kari ambruke, Pak Blandhong lan Si Wuragil banjur nggeret dhadhunge nganti wit perangan sing dipetheli kuwi ambruk. Mangkono gentenan antarane Pak Blandhong, Si Pembarep lan Si Wuragil, anggone negori wit mahoni kuwi wiwit saka ndhuwur nganggo pethel. 
Nalika tekan bongkotane uwit sing gedhene rong rangkulane wong dhiwasa, jebul Pak Blandhong sa-anake kangelan. Uwit sing wis tuwa lan garing kuwi pranyata atos lan alot. Nganti kringete dleweran metu sa-grontol-grontol, tatune wadung durung entuk saprotelon gedhene uwit. Wong telu banjur padha leren karo mangan sangu sega-jangan lan wedang sing digawa. Sawise leren Si Pembarep miwiti mblandhong maneh nggunakake wadunge sing gedhe lan abot. Nanging durung sepiraa tambahe Si Pembarep wis adus kringet kekeselen. Ganti Si Wuragil nutugake negor bonkotane uwit. Dhasar Si Wuragil durung akeh pengalamane, lagi kaping sepuluh anggone namakake wadunge kang gedhe lan abot marang perangan uwit sing wis nggalih atos kaya wesi, telapak tangane wis mlecet getihen lan krasa lara,  wadung mencelat tiba ing tengah kedhung. Kabeh padha kaget!!?
”Kepriye kowe kuwi? Lagi mbabatake kaping sepuluh wae, kok malah wadung tok uncalake menyang tengah kedhung?” kandhane Pak Blandhong rada nyengeni lan nggetuni.
”Nyuwun pangapunten, Pak, mboten sengaja. Telapak tangan kula mlecet getihen sakit sanget. Cekelan kula dados mboten kiyat,” wangsulane Si Wuragil.
”Ya wis, yen ngono ayo digoleki bareng-bareng!,” pangajake Pak Blandhong marang anak-anake. Wong telu banjur nyemplung sajroning kedhung kang jero, nggoleki wadung sing kecemplung. Bola-bali nyilem, bola-bali njedhul, kaya-kaya njerone kedhung sing jembar kuwi wis diubeg-ubeg, tetep ora bisa nemokake wadung sing wis kecemplung. Mbuh isih neng papane kecemplung apa wis pindhah kentir manut iline banyu, ora dingerteni. Saka pernahe wadung kecemplung mengisor wis diurut disilemi diubeg-ubeg mesa ora ketemu.
Pungkasane Pak Blandhong lan anak-anake mung bisa lungguh dhelog-dhelog ing sapinggire kedhung, nggetuni nasibe. Pak Blandhong kuwatir, sedhela maneh sore bakal teka. Yen nganti jam enem ora bisa ngrampungi gawe, wong telu ora bakal bisa metu saka alas tutupan.
Dumadakan Pak Blandhong lan anak-anake dikagetake njedhule iwak gedhe kang nggawa wadung ing cangkeme. Iwak kuwi minggir, banjur nguncalake nyang dharatan, wadung sing katon landhep mencirit ngetokake cahyo cemlorot.
”Pak Blandhong, tampanana iki wadungmu tak balekake. Aku wis ngasah dadi luwih landhep, supaya luwih cepet anggonmu ngrampungake pakaryanmu,” celathune iwak gedhe kang aeng kuwi.
Pak Blandhong lan anak-anake gumun meruhi iwak kang aeng kuwi bisa tata jalma.
”Subhaanallahhh! Iwak aeng, satemene kowe kuwi sapa? Lan yagene kowe gelem nulungi aku?” pitakone Pak Blandhong sawise ilang rasa gumune.
”Aku iki satemene iwak cilik sing ndhisik tau tok slametake nalika keblasuk ing satengahe ledhokan sing meh asat banyune, sawise banjir susut. Aku wis tok balekake nyang kali papan uripku, saengga saiki aku dadi gedhe lan dadi rajane iwak, amarga satemene aku wektu kuwi putera mahkota anak raja iwak,”  kandhane raja iwak menehi katrangan. ”Saiki sing penting, ndang tok tutuge anggonmu nyambut gawe, mumpung isih ana wektu. Aku njaluk pamit bali neng kratonku,” kandhane raja iwak sing banjur nyilem ing dhasare kedhung, tanpa nunggu wangsulane Pak Blandhong.
Pak Blandhong rumangsa syukur banget, pitulungan   sing diwenehake kanthi ikhlas ing wektu kepungkur, saiki ing sajroning kejepit lan banget mbutuhake pitulungan, entuk balesan  pitulungan sing ora kanyana-nyana sangkan parane.
Pak Blandhong lan anak-anake enggal nutugake gaweyane. Wadunge sing saiki katon mencirit jebul pancen nyata luwih landhep ngedab-edabi, ndadekake pakaryan mblandong wit kuwi dadi entheng lan cepet rampung. Durung jam papat sore pakaryane wis rampung. Pak Blandhong banjur ngundang Ki Pawang Gajah kanggo ngangkut kayu-kayu kasebut menyang njaba pager alas tutupan. Sabanjure sesuk ngganggo grobak, kayu-kayu kuwi diangkut menyang papan panggawene kayu obongan ing sakupenge pawon kraton. Sadurunge srengenge angslup kabeh wis metu saka alas tutupan. ***

Related posts:

No response yet for "Dongeng Anak Bahasa Jawa Krama"

Post a Comment