Dongeng Bahasa Jawa: Endhog Emas

Endhog Emas
Dongeng: Masdi MSD

Alas Satwa Taru maune dijajah dening Singa. Saben dina kewan-kewan ing alas kono kanthi giliran kudu asok glondhong pengareng-areng arupa anake sing isih mudha lan seger kanggo mangsane kewan galak kuwi. Suwe Singa anggone njajah, amarga kewan-kewan ing alas kono ora gelem nyawiji, janji krungu nggerone Singa kabeh wis padha keplayu salang tunjang golek urip dhewe-dhewe. Nyaline ciut, ora ana kewanenane blas. Sing penting awake dhewe slamet, ora perduli kewan liyane diuntal malang Singa sing kejem lan ganas. Kahanan iki yen diterus-terusake saliyane bakal ngentekake kewan ing Alas Satwa Taru, sadurunge luwih dhisik bakal saya ngrusak paseduluran lan memitran ing antarane kewan-kewan ing alas kono.
Untung ing Alas Satwa Taru ana Kancil, senajan cilik awake, ora rosa lan ora galak, nanging lantip pikire, kendel kewanene, limpat lan trengginas sarta seneng berjuang tanpa pamrih. Kanthi tlaten, sabar, lan banget ngyakinake, Kancil nggalang persatuan nyawijekake kewan-kewan ing alas sing lagi kena bebaya kuwi. Siji mbaka siji kewan sing nduweni otot kuwat, awak gedhe, tenaga rosa, lan gaman landhep, diparani, dibombong, dithukulke kewanene, lan diajak nyawiji kanggo ngroyok lan ngusir Singa sang penjajah. Mesthi wae cara sing digunakake cara sesidheman, aja nganti ngawistarani.
Sithik mbaka sithik kupiyane Kancil kasil. Kewan-kewan Alas Satwa Taru nyawiji. Sawise golong gilig kewan sa-alas nunggal tekad lan sediya, sawijining dina ing wayah esuk kewan-kewan sa-alas nekani Singa ing istanane kanggo  ngusir sipenjajah. Singa sing isih kriyip-kriyip hayub-hayuben tangi turu, merga sewengi sesukan ngombe mabuk-mabukan, meruhi sungune Bantheng, Kebo, Sapi lan Kidang pating crangap siap nyundhang wetenge dadi kedher. Apa maneh dheweke meruhi ana Gajah, Badhak, Jaran, Baya  lan kewan-kewan liyane padha nyiapake gaman piandele dhewe-dhewe  ngepung ing samburine. Rekane Singa nyoba nggero sarosane kanggo ngrontogake kewanene kewan-kewan sing lagi ngepung. Nanging swara nggerone keprungu blero sajak kedher semu keweden.
“Kanca-kanca ora perlu wedi! Singa mung ijen. Awake dhewe cacahe akeh wis nyawiji, golong gilig, gembleng tekade kanggo ngusir penjajah. Ayo terus maju, aja wedi! Siapna gamanmu sing wis tok asah mingis-mingis! Yen singa nglawan srudug wae! Jebles wae wetenge ben modhol-modhol ususe! Nanging yen Singa nglengganani keluputane, banjur gelem pasrah, aja dipilara, kita usir saka papan kene sing sa-adoh-adohe!” pambengoke Kancil nyemangati kanca-kancane, njaga kewanene aja nganti rontog. 
Kewan-kewan sing lagi ngepung Singa ora padha mlayu nanging malah padha klinteran karo ngagar-ngagarake gegamane, siap nyrudug, nyundang, nyepak lan sapinunggalane.
“Wis Cil lan kewan-kewan kabeh wae, aku wis kapok. Aku ngaku kalah lan salah. Yen kowe kabeh wis nyawiji, aku wis ora bisa apa-apa. Aku njaluk ngapura wis gawe cilakane keluwargamu lan gawe ora tentreme Alas Satwa Taru kene. Aku njaluk urip, aku aja tok pateni. Aku trima lunga saka papan kene. Aku janji ora bakal ngganggu gawe kowe maneh. Lilanana aku lunga saka alas kene,” pangrintihe Singa sawise kepepet ora bisa bangga, ngrerepeh njaluk welas.
Pungkasane Singa diusir saka Alas Satwa Taru. Kancil sing limpat lan lantip pikire, dawa akale, lan ora galak saengga ora bakal nindhes kewan liya, banjur diangkat dadi ratu ing Alas Satwa Taru.
Lelakon kuwi wis dumadi sepuluh taun kepungkur. Alas Satwa Taru wis dadi Negara kang mardika. Dhasar Kancil sing dadi ratu sugih akal, jembar srawunge lan akeh pengalamane, bisa nggawa Alas Satwa Taru sing wis tentrem menyang keadilan lan kemakmuran kang rata. Saben taun dina kamardikan ing Alas Satwa Taru dipengeti kanthi maneka perlombaan lan tetandhingan kanggo nambah semangate kawula gumregut majokake negarane. Lomba sing dianakake ana sing sipate kanggo nyurung prestasi luwih maju apadene mung kanggo ngramekake supaya paseduluran lan kekancan dadi luwih rumaket. Sing penting kanggo pangeling-eling yen negarane tau dijajah dening Singa lan bisa mardika merga nyawiji lan rukune kawula kabeh golong gilig kanggo ngusir penjajah.
Sawijining lomba sing padha disenengi kawula kabeh, yaiku lomba balapan mlayu, lomba sing mbutuhake kawaspadhan lan konsentrasi tenanan, nyingkirake sakehe godha lan pangridhu. Nanging wis limang taun iki juwara siji tansah kecekel Jaran. Juwara lorone kecekel Kidang. Satemene loro-lorone playune meh imbang. Nanging janji wis nyedhaki garis finish, Jaran sing jangkahe luwih amba mesthi bisa ngambaake jangkahe. Ora aneh yen pungkasane Jaran dadi luwih dhisik tekan garis finish. Kidang dadi mangkel. Pikire muter golek akal kanggo ngalahake Jaran. Sawise nemokake akal Kidang manthuk-manthuk siap ngalahake Jaran ing perlombaan taun iki.
Lomba mlayu wis tekan babak final. Sing isih ana mung kari Jaran, Kidang, lan Asu. Babak final kanggo ngrebut juwara siji tekan telu. Tetelune wis ancang-ancang ing garis start. Sawise Kancil menehi aba-aba “Yak”, tetelune banjur mlayu sabanter-bantere. Sawise mlayu kira-kira entuk jarak rong telon katon Asu playune kethetheran, genah ora bisa ngoyak Jaran lan Kidang. Dumadakan katon ana gemlundhunge emas sa-endhog. Swarane kemlinthing parane memburi. Weruh ana emas gemlundhung marani dheweke, Asu dadi tambah semangat karo jegog-jegog. Krungu jegoge Asu, Jaran noleh. Weruh ana emas sa-endhog gemblundhung arep ditubruk Asu, Jaran mlayu bali arep ngrebut emas kuwi. Dhasar jangkahe amba, sedhela wae Jaran wis tekan papan kono. Angkahe endhog arep dicekel nanging sangka gugupe endhog malah kepidak. Endhog pecah! Jebul endhog emas kuwi endhog emas palsu, mung gembreng sing dicet kuning emas. Mula mbareng kepidak Jaran, endhoge dadi mlethot ringsek. Sauntara kuwi Kidang wis tekan garis finish, kasil nggondhol juwara siji. Semono uga Asu sing rumangsa ora bakal menang rebutan endhog emas karo Jaran, banjur ngendhani tubrukane Jaran, lan terus nutugake lakune nggeblas nuju garis finish. Lumayan entuk juwara loro.
Kanthi loyo lan nglokro nggetuni tumindake sing wis kena godha, njalari ilang konsentrasine kanggo menangake perlombaan, Jaran kepeksa ngrampungake playune tekan garis finish supaya ora kena dish, senajan mung entuk juwara telu.
Dumadakan Kancil mbatalake kajuwaran ing babak final kuwi.
“Kawulaku kabeh, kepeksa aku kudu mbatalake kajuwaran lomba mlayu ing babak final iki. Perlombaan babak final kudu dibaleni maneh, sabab ana pasarta sing main curang, ora sportip. Nggunakake cara apus krama kanggo ngecoh lan mbuyarake konsentrasine mungsuh. Pancen ing perlombaan lawan main kuwi mungsuh, nanging dudu mungsuh tenanan sing kudu dikalahake kanthi cara sing ora bener lan ora sportip. Ing perlombaan kemenangan kudu digayuh kanthi cara sing sportip, ora kanthi cara sing ngalalake sakehing cara. Eling, iki mung sawijining perlombaan,” kandhane Kancil kanthi kebak kawibawan. Kabeh kewan Alas Satwa Taru padha manthuk-manthuk setuju.
Sidane perlombaan ing babak final dibaleni. Juwarane ora beda karo taun-taun sadurunge. Juwara siji Jaran, juwara loro Kidang, juwara telu Asu. Kabeh bisa nampa asile lomba. Semono uga Kidang, wis bisa nampa asile kanthi legawa, ora iri lan mangkel maneh marang Jaran sing pancen pantes dadi juwara siji. ( Cuthel )

Pangripta: Masdi MSD / Sutardi MS Dihardjo

Related posts:

No response yet for "Dongeng Bahasa Jawa: Endhog Emas"

Post a Comment