Dongeng Bocah Bahasa Jawa

PAK BLANDHONG
Dening Sutardi MS Dihardjo

Pagaweyane Pak Blandhong saben dinane nyedhiyaake kayu kanggo obor-obor ing pawone kraton. Menawa pasedhiyan entek, tugase Pak Blandhong mblandhong kayu ing alas tutupan. Alas iki mligi kanggo nyukupi kabutuhane kraton. Ora saben uwong entuk mlebu alas larangan iki.
Alas tutupan iki dikupengi pager kang wis diwenehi japa mantra sing ora saben uwong bisa nembus. Bab iki kanggo ngawekani supaya alas tetep lestari. Ora bisa dirusak uwong-uwong sing ora tanggung jawab. Amarga saliyane dijupuk wulu pametune, alas tutupan uga dadi papan ngenggar-enggar penggalih lan laboratorium alam, papan kanggo sinau kanggone kulawarga raja. Ing alas tutupan ana sakehing kewan, kalebu maneka warna manuk, tawon madu, kupu maneka rupa lan maneka jinis uwit lan taneman. Kuwi kabeh dadi bahan wulangan kanggo kulawarga keraton, ngiras pantes papan cangkrama kang endah. Saliyane kuwi kanggo njaga tetep seger lan resike hawa kutha raja kang ora adoh papane saka alas tutupan.
Pinangka blandhong ing alas tutupan, Pak Blandhong disangoni japa mantra kanggo ngleboni alas tutupan, saengga Pak Blandhong bisa mlebu metu alas kang dikupengi pager gaib. Nanging mantra iku sepisan diwatek mung bisa duwe kekuwatan nganti jam enem sore. Sawise langit wiwit peteng yen Pak Blandhong durung metu saka alas tutupan, dheweke mesthi keblasuk ora ngerti dalane mulih. Yen wis kaya mengkono, dadi tugase Ki Pawang Alas kanggo nggoleki. Kanthi gampang Ki Pawang Alas bakal nemokake Pak Blandhong sawise diwacakake mantra pepadhange dalan.
Kedadeyan mangkono wis tau dialami Pak Blandhong nalika dheweke sawise rampung mblandhong uwit ora gage-gage mulih, nanging malah kepilut ngoyak-oyak manuk sing katone ora bisa mabur dhuwur. Nanging senajan ora bisa mabur dhuwur manuk kang endah wulune kuwi playune banter nasak-nasak dlusap-dlusup ing gerumbul-gerumbul suket alang-alang lan wit-witan cendhek. Nalika sadhar, jebul srengenge wis wiwit angslup. Prastawa kang dumadi nalika Pak Blandhong lagi wae diangkat dadi blandhong kraton kuwi gawe gegere para abdi dalem kraton. Nanging kanthi pitulangane Ki Pawang Alas, Pak Blandhong bisa ditemokake. Wiwit kedadeyan kuwi Pak Blandhong kapok ora wani sembrana sajroning nindakake karya.
”Pak Blandhong, esuk iki kowe kudu mlebu alas tutupan kanggo golek kayu obong rada akeh,” perintahe pangarsane juru masak kraton.
”Kula kinten pasedhiyan kayu obong tasih wonten, kenging punapa kula kedah pados malih dhateng alas tutupan?” pitakone Pak Blandhong.
”Rong minggu maneh Gusti Prabu arep kagungan kersa ngitanake Kanjeng Pangeran. Dadi kowe prelu golek pasedhiyan kayu obong kang akeh. Miturut laporane Ki Pawang Alas, wit mahoni sing mapan ing pinggir kedhung wis mati garing merga ketuwan. Uwit kuwi wae sing tok tegor. Sesuk ben direwangi Ki Pawang Gajah ngangkute menyang kraton,” celathune pangarsane juru masak kraton njelasake.
Pak Blandhong nurut, dheweke gage budhal menyang alas tutupan. Ora lali dheweke matek mantra kang wis diajarake Ki Pawang Alas nalika mlebu lawange alas tutupan. Dheweke dikancani anak-anake sing melu nyambut gawe dadi blandhong magang. Pak Blandhong nggawa wadung gedhe kanggo negor uwit. Anake sing mbarep nggawa pethel lan bendho kanggo ngrempeli pang. Anake sing ragil nggawa tali dhadhung kanggo nggeret uwit sing ditegor arah ambruke supaya manut sing dikarepake. Ora lali nggawa sangu panganan, sega-jangan lan wedang.
”Kula kinten niku, Pak, uwit ingkang dipun kersakaken,” celathune Si Pembarep karo nudhing wit mahoni sing godhonge wis brindhil ing pinggir kedhung. Pak Blandhong lan Si Wuragil mbenerake. Wong telu kuwi ndang nyambut gawe bebarengan. Sing sepisanan ditindakake ngrempeli pang-pange nganggo bendho. Banjur wiwit saka ndhuwur wite ditegor sithik mbaka sithik. Si Pembarep menek masang dhadhung neng ndhuwur. Adhine lan bapake nyekeli dhadhung ing ngisor, ing arah sing dikarepake tibane wit sing paling aman. Si Pembarep banjur wiwit negor wit kuwi nganggo pethel. Sawise tatune wis jero, kari ambruke, Pak Blandhong lan Si Wuragil banjur nggeret dhadhunge nganti wit perangan sing dipetheli kuwi ambruk. Mangkono gentenan antarane Pak Blandhong, Si Pembarep lan Si Wuragil, anggone negori wit mahoni kuwi wiwit saka ndhuwur nganggo pethel. 
Nalika tekan bongkotane uwit sing gedhene rong rangkulane wong dhiwasa, jebul Pak Blandhong sa-anake kangelan. Uwit sing wis tuwa lan garing kuwi pranyata atos lan alot. Nganti kringete dleweran metu sa-grontol-grontol, tatune wadung durung entuk saprotelon gedhene uwit. Wong telu banjur padha leren karo mangan sangu sega-jangan lan wedang sing digawa. Sawise leren Si Pembarep miwiti mblandhong maneh nggunakake wadunge sing gedhe lan abot. Nanging durung sepiraa tambahe Si Pembarep wis adus kringet kekeselen. Ganti Si Wuragil nutugake negor bonkotane uwit. Dhasar Si Wuragil durung akeh pengalamane, lagi kaping sepuluh anggone namakake wadunge kang gedhe lan abot marang perangan uwit sing wis nggalih atos kaya wesi, telapak tangane wis mlecet getihen lan krasa lara,  wadung mencelat tiba ing tengah kedhung. Kabeh padha kaget!!?
”Kepriye kowe kuwi? Lagi mbabatake kaping sepuluh wae, kok malah wadung tok uncalake menyang tengah kedhung?” kandhane Pak Blandhong rada nyengeni lan nggetuni.
”Nyuwun pangapunten, Pak, mboten sengaja. Telapak tangan kula mlecet getihen sakit sanget. Cekelan kula dados mboten kiyat,” wangsulane Si Wuragil.
”Ya wis, yen ngono ayo digoleki bareng-bareng!,” pangajake Pak Blandhong marang anak-anake. Wong telu banjur nyemplung sajroning kedhung kang jero, nggoleki wadung sing kecemplung. Bola-bali nyilem, bola-bali njedhul, kaya-kaya njerone kedhung sing jembar kuwi wis diubeg-ubeg, tetep ora bisa nemokake wadung sing wis kecemplung. Mbuh isih neng papane kecemplung apa wis pindhah kentir manut iline banyu, ora dingerteni. Saka pernahe wadung kecemplung mengisor wis diurut disilemi diubeg-ubeg mesa ora ketemu.
Pungkasane Pak Blandhong lan anak-anake mung bisa lungguh dhelog-dhelog ing sapinggire kedhung, nggetuni nasibe. Pak Blandhong kuwatir, sedhela maneh sore bakal teka. Yen nganti jam enem ora bisa ngrampungi gawe, wong telu ora bakal bisa metu saka alas tutupan.
Dumadakan Pak Blandhong lan anak-anake dikagetake njedhule iwak gedhe kang nggawa wadung ing cangkeme. Iwak kuwi minggir, banjur nguncalake nyang dharatan, wadung sing katon landhep mencirit ngetokake cahyo cemlorot.
”Pak Blandhong, tampanana iki wadungmu tak balekake. Aku wis ngasah dadi luwih landhep, supaya luwih cepet anggonmu ngrampungake pakaryanmu,” celathune iwak gedhe kang aeng kuwi.
Pak Blandhong lan anak-anake gumun meruhi iwak kang aeng kuwi bisa tata jalma.
”Subhaanallahhh! Iwak aeng, satemene kowe kuwi sapa? Lan yagene kowe gelem nulungi aku?” pitakone Pak Blandhong sawise ilang rasa gumune.
”Aku iki satemene iwak cilik sing ndhisik tau tok slametake nalika keblasuk ing satengahe ledhokan sing meh asat banyune, sawise banjir susut. Aku wis tok balekake nyang kali papan uripku, saengga saiki aku dadi gedhe lan dadi rajane iwak, amarga satemene aku wektu kuwi putera mahkota anak raja iwak,”  kandhane raja iwak menehi katrangan. ”Saiki sing penting, ndang tok tutuge anggonmu nyambut gawe, mumpung isih ana wektu. Aku njaluk pamit bali neng kratonku,” kandhane raja iwak sing banjur nyilem ing dhasare kedhung, tanpa nunggu wangsulane Pak Blandhong.
Pak Blandhong rumangsa syukur banget, pitulungan   sing diwenehake kanthi ikhlas ing wektu kepungkur, saiki ing sajroning kejepit lan banget mbutuhake pitulungan, entuk balesan  pitulungan sing ora kanyana-nyana sangkan parane.
Pak Blandhong lan anak-anake enggal nutugake gaweyane. Wadunge sing saiki katon mencirit jebul pancen nyata luwih landhep ngedab-edabi, ndadekake pakaryan mblandong wit kuwi dadi entheng lan cepet rampung. Durung jam papat sore pakaryane wis rampung. Pak Blandhong banjur ngundang Ki Pawang Gajah kanggo ngangkut kayu-kayu kasebut menyang njaba pager alas tutupan. Sabanjure sesuk ngganggo grobak, kayu-kayu kuwi diangkut menyang papan panggawene kayu obongan ing sakupenge pawon kraton. Sadurunge srengenge angslup kabeh wis metu saka alas tutupan. ***


Related posts:

No response yet for "Dongeng Bocah Bahasa Jawa"

Post a Comment