Wacan Bocah Bahasa Jawa: Dibayar Ngambu Dhuwit

'Dibayar Ngambu Dhuwit'
Dening : Masdi MSD

Lulus SMP Paijo ora nutugake sekolah menyang SMA merga ora duwe ragad. Wong tuwane mung buruh tani sing asile ora sepiraa. Ora cukup kanggo mbayar SPP, sragam sekolah, buku-buku, apa dene uwang pengembangan sekolah sing nganti yutan akehe. Mula Paijo trima melu ajar mbingkil marang Paklike. Idhep-idhep magang, golek pengalaman lan ketrampilan. Sapa ngerti bisa dadi bingkil sepedha sing akeh lengganane kaya Paklike. Dhasar Paijo bocah trampil lan gathekan, lagi sedhela melu mbingkil wis mudheng lan trampil ndadani sepedha dhewe. 

“Aja dadi atimu ya, Jo. Paklik arep takon?” kandhane Paklike Paijo ing sawijining dina.

“Inggih, Paklik. Mboten dados menapa, Paklik badhe tanglet menapa?” wangsulane Paijo.

“Ngene, Jo. Anggonmu ajar mbingkil marang aku ki wis sauntara. Tak tonton kowe wis cukup duwe pengalaman lan ketrampilan. Kabeh perangan sepedha sing ajeg rusak, kowe wis tau nyoba ndadani. Senajan isih sajroning pangawasanku, nanging nyatane kowe wis bisa.” Paklike Paijo mandheg sedhela anggone kandha, kanggo mangerteni tanggapane Paijo. Piyambake marem ngerti Paijo nggatekake apa sing diomongake. Banjur kandhane mbacutake, ”Apa sakjege kowe ya mung trima melu mbingkil karo aku, Jo? Apa kowe ora kepengin madeg bingkil dhewe? Sepisan maneh, aja dadi atimu lho, Jo! Iki ora ateges aku kabotan tok eloni mbingkil. Nanging iki kanggo masa depanmu dhewe. Kepriye?”

“Nggih, Paklik. Matur nuwun Paklik sampun kersa nuntun Paijo ajar mbingkil. Lan kula ugi mangertos niyat sae Paklik, maringi wawasan supados Paijo purun mbikak bingkil sepedha piyambak. Nanging Paijo tasih ajrih Paklik, menawi mangke Paijo manggihi sepedha ingkang kerisakanipun dereng kula mangertosi caranipun ndadosi.”

“Kowe aja kuwatir, Jo! Kowe rak nduwe HP ta? Mengko yen ana kerusakan sing ora tok ngerteni kowe bisa SMS utawa tilpon aku. Mengko tak kandhani. Utawa bengine kowe bisa neng nggon aku, mengko tak kandhani.”

“Nggih menawi Paklik tasih sagah nuntuni kula kados ngaten, Paijo badhe bikak bingkil sepedha piyambak,” kandhane Paijo mantep

Paijo banjur mbukak bingkil sepedha dhewe ing sawetane Warung Ayam Goreng Kenthucy Pak Gareng. Papane ora adoh saka bingkile Paklike, kira-kira mung sekilo meter. Senajan mengkono Paijo ora nyuda lengganane Paklike, awit Paijo wis entuk lengganan dhewe. Yen lengganane Paklike akeh-akehe bapak-bapak pensiunan sing seneng pit-pitan kanggo njaga kesarasane kanthi nitih sepedha onta merek Gazele, Simplek, Humber lan liya-liyane. Mbareng lengganane Paijo luwih akeh para mudha sing seneng pit-pitan kanggo kesenengan, biasane sepedha gunung sing luwih cilik lan entheng.

Kanggo mangane Paijo ora tau jajan. Supaya luwih ngirit Paijo nggawa sangu sega lan jangan saka ngomah. Jangane saanane, lawuhe ya saanane, lan segane mung trima sega beras jatah raskin. Pokoke saanane. Pancen kabeh kuwi panganan sing prasaja. Nanging kanggone Paijo bisa dadi panganan sing sedhep lan nikmat. Kajaba merga panganan kuwi asil kringete Paijo dhewe anggone mbingkil, Paijo isih duwe cara dhewe supaya panganan prasaja kuwi dadi panganan sing sedhep nikmat nalika dipangan. 

Ing wulan pasa warunge Pak Gareng katon sepi ora ana wong jajan ing wayah awan. Ndilalah bingkile Paijo iya lagi sepi ora ana wong ndadakake sepedha. Kanggo ngisi wektu wong loro padha jagongan eneng lincak ngarep warunge Pak Gareng. Kaya padhatan saben-saben warung lan bingkile sepi, wong loro kuwi padha jagongan neng lincak kono. Sing dirembug ana wae, kalebu soal mangan padinane wong loro kuwi.

“Saben dinten mangsak ayam goreng kenthucy, napa ingkang didhahar saben dinten nggih lawuh ayam goreng kenthucy niku, Pak Gareng?” takone Paijo marang Pak Gareng.

“Ya ora no, Jo! Sadurunge mangkat neng warung, Bu Gareng wis masak sayur kaya lumrahe wong. Saliyane bisa gonta-ganti, regane iya luwih murah. Yen payu ayam goreng kenthucyne rak ya luwung didol ta, Jo, timbang dipangan dhewe,” wangsulane Pak Gareng.

“Balik kowe Jo, apa sing tok pangan saben dinane ing bingkilmu nalika mangan wayah awan?” pitakone Pak Gareng.

“Biyasa mawon Pak Gareng. Sekul beras jatah raskin, jangan gori utawi jangan mbayung, utawi sebangsane niku, lawuhe karak utawi krupuk, paling pol gereh kranjang. Niku mawon kula pun ngraosaken eca. Langkung-langkung….” kandhane Paijo prasaja, nanging mandheg sedhela kanggo narik kawigatene Pak Gareng.

“Luwih-luwih apa Jo?” pitakone Pak Gareng sing kepancing kepengin ngerti resepe Paijo. Pinangka wong bakul ratengan Pak Gareng tansah pengin ngerti resep sing njalari wong mangan bisa ngrasakake enak.

“Langkung-langkung nalika kula mangan nyarengi Pak Gareng nembe srang-sreng nggoreng ayam. Kebule keluk bumbu kenthucy sing ambune sedhep nikmat, ngrubung sega jangan kula lan nyogroki irung kula, mbangkitaken napsu mangan kula. Saengga kados-kados kula nembe mangan lawuh ayam goreng kenthucyne Pak Gareng,” wangsulane Paijo jujur.

“Dadi kaya ngono caramu Jo? Terus wis kaping pira kowe mangan bareng karo nggonku nggoreng ayam?” pitakone Pak Gareng.

“Nggih pun ping kathah to Pak. Kulo manggen ten mriki pun wonten kawan wulan, nanging kula nemokaken resep lan ngginakaken resep niku kinten-kinten pun satus dinten,” wangsulane Paijo blaka.

“Yen ngono kowe kudu mbayar! Yen sak porsi regane ayam gorengku sepuluh ewu  rupiah, gandheng sing tok pangan mung ambune keluk, cukup tak regani limang ewu rupiah wae.  Dadi kowe kudu mbayar limang ewu rupiah ping satus, kabeh gunggunge limang atus ewu rupiah. Piye, kapan ‘lehmu arep mbayar utangmu limang atus ewu rupiah kuwi?” pitakone Pak Gareng gawe kagete Paijo. Ora ngira wong mangan sega jangane dhewe, sinambi mambu keluk ayam goreng kenthucyne Pak Gareng, kok kon mbayar. Paijo dheleg-dheleg ora bisa wangsulan.  Aneh lan tegel Pak Gareng iki, bar jagongan apik-apik, ora kanyana-nyana, ngerti-ngerti kok ngedhog sak mono akehe.

“Njenengan niku nggih aneh, Pak. Wong mung mambu masakan kok kon mbayar, niku jenenge nggih mboten lumrah! Kula mboten purun mbayar najan mung serupiah!”

“Kowe ngerti Jo, ayam, bumbu kenthucy, lenga goreng lan gas, kuwi kabeh ora gratis. Kabeh aku entuk saka tuku nganggo dhuwit. Lan yen aku nggoreng, ana kebule ngganda kenthucy sing mabur, banjur diserot irungmu, kuwi ateges ana saperangan saka bumbu kuwi sing ilang. Kuwi dadi kerugianku. Kosok baline kuwi dadi keuntunganmu. Iya apa ora? Dadi kowe kudu mbayar marang aku, nggo nomboki kerugianku kuwi!”

“Yen ngaten, supados Pak Gareng mboten rugi nggih warung niku ditutup mawon, supados keluk lan gandane kethucy mboten mabur-mabur medal!”

“Yen ditutup rak ya ora ana wong tuku ngono Jo! Dikira warungku ora dodol, banjur ora ana wong mara, daganganku dadi bubruk ora payu. Kowe kuwi piye Jo? Pokoke endi, aku njaluk bayare dhuwit limang atus ewu rupiah, saora-orane kesanggupanmu dhisik.” 

Wong loro banjur eyel-eyelan golek benere dhewe. Wose Paijo ora gelem mbayar.  Nanging Pak Gareng tetep nganggep Paijo utang kudu mbayar. Pungkasane wong loro sarujuk nyuwun pengadilan marang Pak Lurah.

Ing Kelurahan Pak Lurah nyatheti lapuran lan tuntutane Pak Gareng marang Paijo.

“Napa mboten lucu lan nggregetaken, Pak Lurah? Wong mung mambu masakan, kok kon mbayar! Lan wantune nggih naming dhateng kula. Cobi kalih tiyang-tiyang ingkang sami liwat nika, ingkang ugi nyerot-nyerot ambune masakane Pak Gareng, mesthi mboten wantun nyegat nagih bayarane!” pradule Paijo marang Pak Lurah.

“Tiyang-tiyang liwat nika benten kaliyan Paijo, Pak Lurah! Tiyang-tiyang nika keleresan liwat, lajeng ngganda enak, nyerot. Lha menawi Paijo niku sengaja maeme ngentosi nggen kula  masak. Lajeng piyambake mendhet untung, tambah dhokoh anggenipun maem amargi ngganda enak saking masakan kula,” pambelane Pak Gareng kanggo nguwatake panudhuhe.

“Wis padha menenga, aja padha regejegan dhewe! Kowe sakloron rak wis mercayaake pengadilan iki marang aku ta?” pandangune Pak Lurah.

“Inggih Pak Lurah! Kula pitados kawicaksanan lan keadilanipun Pak Lurah. Kula pasrah dhumateng Pak Lurah,” wangsulane wong loro bebarengan.

“Pak Bayan! Tulung aku njilih dhuwit PBB sing arep disetorke neng Bank mau! Rak durung sida disetorke ta?” ngendikane Pak Lurah genti marang Pak Bayan.
“Mangga Pak Lurah! Keleresan kula dereng sios setor ‘ten Bank niki wau.” Dhuwit diseleh ndhuwur meja. 
“Pak Gareng, saiki serotana ambune dhuwit kuwi!” dhawuhe Pak Lurah. Pak Gareng senajan bingung ora ngerti karepe, nanging gandheng wedi karo Pak Lurah, manut nyeroti ambune dhuwit PBB sing  methuthuk neng nduwur meja.

“Priye Pak Gareng, wis marem apa durung sing nyeroti ambune dhuwit limang atus ewu rupiah kuwi?” pitakone Pak Lurah.

“Menawi naming ngambu, genah kula pun marem. Nanging sing kula suwun niku artone dibayarake kula, mboten mung kon ngambu ngonten niku,” wangsulane Pak Gareng jengkel.

“Paijo kuwi rak mung ngambu daganganmu, ora mangan daganganmu. Dadi yen kowe njaluk bayar, ya cukup kowe kon ngamboni dhuwit limang atus ewu kuwi. Yen kowe tetep meksa Paijo kon mbayar, kowe bisa tak laporake polisi kanthi Pandakwo nindakake pemerasan. Pilih endi, kowe trima dibayar ngambu dhuwit, apa kowe tak laporake polisi wis nindakake pemerasan marang Paijo?” ngendikane Pak Lurah genti ngancam marang Pak Gareng. 

Pak Gareng mung bisa gedheg-gedheg. Pungkasane dheweke trima dibayar ambune dhuwit, tinimbang mlebu mbui merga didakwa nindakake pemerasan. ( Cuthel )

NB: Cerita ini sudah dimuat di Majalah Bahasa Jawa Djaka Lodang No. 44 * 31/3/2012

Related posts:

No response yet for "Wacan Bocah Bahasa Jawa: Dibayar Ngambu Dhuwit"

Post a Comment