Wacan Bocah: Mitra Pengungsi Merapi

Mitra Pengungsi Merapi

Dening: Masdi MSD

Dina Kemis bengi, wis mlebu dina Jemuah. Kira-kira tabuh setengah siji bengi. Nggonku turu durung marem aku kepeksa tangi. Jebul awakku dihoyog-hoyog digugah bapak: “Gus, tangi! Ayo ndang mlayu metu! Gunung Merapi njeblug. Ibumu karo mbakyumu wis metu dhisik. Kae lho rungokna, swarane keprungu saka kene!”

Mripat tak lekke. Kuping tak jereng. Keprungu swara hurug-hurug banter kaya swara montor mabur arep munggah sing keprungu saka kadohan. Jumlegure swara ngungkuli swara sepur liwat sing saben dina tak rungu. Aku banjur dituntun bapak mlayu metu. Jujugane menyang lapangan desa. Tekan lapangan jebul tangga-tanggaku wis padha nglumpuk ana kono. Kabeh padha nyawang mengalor arahe ndhuwur Gunung Merapi. 

Aku melu-melu nyawang mengalor. Langit ing sisih elor katon abang mengangah kaya ana los kobong. Warna kuwi saya suwe saya sumebar mengidul  mayungi sanduwurku. Saya nyeraki parak esuk, irung lan mripat krasa pedhes, krasa yen ana awu sing katut.

“Pak, aku wedi, piye mengko yen njebluge Gunung Merapi nganti tekan kene?” pitakonku marang bapak karo nyekel astane bapak kenceng banget.

“Ora perlu wedi. Gunung Merapi kuwi adoh saka kene. Adohe ana selawe kilonan. Lahar utawa wedhus gembele ora bakal tekan kene. Paling-paling sing tekan kene ya mung awune wae,” wangsulane bapak ngeyem-yemi aku.

“Mengko yen nganti Gunung Merapi njeblug gedhe, pucuke tugel, nguncalake watu-watu gedhe kaya sing saiki sumebar neng kali gedhe kae piye, Pak?” pitakonku karo mbayangake tabung gas sing njeblug kaya sing asring diwartakake neng tivi.

“Huss..aja duwe pikiran neka-neka. Manut prakiraane para ahli saiki durung bakal kedadeyan kaya mengkono kuwi. Bagus ora usah wedi banget-banget. Sing penting diakehi wae olehe ndonga nyuwun pangayoman marang Gusti Allah Kang Maha Kuwasa,” wangsulane bapak.

Sawise sauntara suwe, keprungu swara Adzan Subuh saka mesjid. Bapak ngajak bebarengan sholat menyang mesjid. Ibu karo Mbak Yuni mulih dhisik kanggo njupuk rukuh lan sajadah. Aku karo bapak langsung menyang mesjid. Sawise sholat Subuh imam mesjid mimpin donga kanthi khusyuk lan tawaduk. Katon banget olehe pasrah, rumangsa cilik lan asor ing ngarsane Gusti Sing Maha Agung. Luwih-luwih urip ing satengahe bebaya kaya mengkene iki.

Bubar sholat Subuh keprungu swara gemrudug kaya swara tetumpakan sapirang-pirang. Arahe ngidul menyang lapangan desa. Jamaah padha nakyinake nyang lapangan. Jebul ewon pengungsi padha teka saka ereng-erenge Gunung Merapi arep ngungsi neng desaku. Ana sing numpak truk, ana sing numpak mobil, lan ana uga sing numpak pit montor. Pengungsi banjur ditampa dening Pak Lurah dipapanake ing Bale Desa, Sekolah SLB, lan ing Bale RW, sarta sauntara omahe warga. 

Bapak-bapak RW lan RT ditimbali Pak Lurah. Diparingi pengarahan supaya gelem mbantu para pengungsi. Klebu ngedegake dhapur umum. Ibuku pinangka Bu RT sing omahe cerak Bale Desa dipiji dadi  sing ngesuhi dhapur umum dibantu ibu-ibu PKK. Mapane ana salah sijine omahe warga sing jembar tur ing pinggir lapangan. Warga iya disuwun bantuwan jedhing lan WC-ne kanggo keperluwane pengungsi. Maune ana warga sing rumangsa kabotan jedhing lan WC-ne dienggo pengungsi, nanging sawise dijelasake yen para pengungsi mengko nganggone yen kabeh kebutuhane pendhudhuk sing selak arep mlebu nyambut gawe apa dene arep sekolah wis rampung, pendhudhuk banjur ngijinake. Perkara pajeke banyu PAM dadi mundhak ora dadi masalah. Luwih entheng tinimbang sanggane para pengungsi. 

Dina candhake, nalika erupsine Merapi rada suda, para pengungsi bali munggah njupuk ingon-ingone sapi lan wedhuse. Kewan-kewan kuwi ditumpakake truk lan colt gundhul digawa medhun neng pengungsen. Kebeneran ing cerak lapangan ana lemah bera tipak sawah sing wis dikeringake. Sapi-sapi lan wedhus dipapanake ana kono. Aku lan wong-wong desaku padha nonton sapi-sapi lan wedhus sing slamet ora diterjang awan panas lan malah saiki melu ngungsi. 

“Menawi mbetahaken deling, kula kagungan dhapuran deling wonten sabin pinggir lepen. Panjenengan saged mendhet pinten mawon sing dibetahaken,” ngendikane Pakdhe Arjo nawani pring kanggo gawe kandhang sapi lan wedhus.

“Inggih matur nuwun saderengipun. Mangke panjenengan tedhahaken papane. Kula sarencang ingkang badhe negor,“ wangsulane salah sawijining pengungsi.

“Bapak-bapak menawi ngersakaken badhe korban. Sapi-sapi lan menda-menda niki ugi badhe dipun sade. Reginipun mirah, mboten kados regi peken,” kandhane salah sijine pengungsi nawakake ingon-ingone marang bapak-bapak sing lagi nonton sapi-sapi sing melu ngungsi.

“Kok badhe dipun sade niku artone ajeng ngge napa to Pak? Dhahar lan ngunjuk rak sampun cekap saking bantuwan to?” pitakone salah sijine warga.

“Nggih dipun angge betah to, Pak. Dhahar lan ngunjuk pancen pun dijamin. Kathah bantuwan-bantuwan. Nanging yen anak nangis mbetahaken jajan? Kalih yen betah arto ngge mundhut bensin wira-wiri nuweni griya sing ditilar? Yen mboten gadhah arto terus kados pundi?” 

“Nggih yen ngaten mangke yen parepatan Takmir Mesjid ngrembag kewan korban, kula usulaken dhateng kanca-kanca takmir,”  ngendikane bapak nyaguhi nawakake kewane pengungsi.

Sekolahku manggon ing sapinggire lapangan uga. Pernahe ing wetan lapangan. Dene Bale Desa sing dipanggoni pengungsi mapan ing pinggir lapangan pernah kulon. Mbuh merga apa sekolahku kok ora dinggoni pengungsi. Kamangka aku krungu sadurunge didhawuhi pindhah ngungsi nyang papan sing luwih aman kanthi radius 20 Km. para pengungsi kuwi iya padha manggon neng sekolahan-sekolahan.

Merga kurdhane Gunung Merapi ora mendha-mendha, kamangka semesteran wis cerak, supaya para pengungsi sing isih sekolah ora ketinggalan wulangan Bapak Kepala Dinas ndhawuhi supaya bocah-bocah kuwi dititipake menyang sekolahan-sekolahan sing cerak. Nuhoni dhawuhe Bapak Kepala Dinas, bocah-bocah pengungsi sing maune mung padha dolanan, saiki padha mlebu sekolah. Kelasku iya nampa titipan murid pengungsi. Jenenge Budi. Bocahe grapyak. Ora clingus.  Lungguhe jejer aku. Lagi sedhela wae aku wis tepung raket. Mulih sekolah aku kerep ngancani ngarit suket. Ngeritke sapine sing uga melu diungsekake eneng kene. Karo ngarit dheweke nyritakake kahanan ing ereng-erenge Merapi rikalane gunung sing paling aktif kuwi lagi erupsi utawa ngetokke wedhus gembel sing nggegirisi. Wedhus gembel sing katon endah yen ditonton saka desaku, werna putih kluwer-kluwer mudhun saka pucuk gunung, jebul banget mbebayani tumrape sapa wae sing ana sacerake. Karo mbantu ngusungi suket mlebu kranjang aku ngetutke lan ngrungokke critane Budi. Budi ngarit neng pereng pinggir kali. Tangane katon trampil mbabati suket sing thukul ketel. Dhasar desaku ora ana wong ngingu sapi, mula sedhela wae kranjange Budi wis kebak.

Nyeraki dina Riyaya Korban tahun 1431 H. takmir mesjid ngenekake parepatan. Ana rong klompok sing arep urunan korban sapi. Saben sakklompok anggotane ana wong pitu. Bapakku iya melu anggota sing arep korban sapi. Disarujuki sapi sing arep dibeleh tuku nggone pengungsi. Regane sapi siji-sijine wolung yuta rupiah. Sapine klebu gedhe. Saliyane kuwi  ana uga arisan wedhus saka anggota jamaah cacahe enem. Saka pribadi ora arisan ana wong lima sing arep korban wedhus. Klebu bapakku iya arep korban wedhus. Kabeh iya padha tuku wedhuse pengungsi. Siji-sijine rata-rata rega pitungatus seket ewu rupiah. Wedhuse ya rada gedhe. Kabeh mau karo idhep-idhep mbantu ngenthengake sanggane pengungsi.

Ing malem takbiran para pengungsi iya nindakke takbiran ing barak pengungsian, yakuwi ing Bale Desa, ditambah ngedegake tenda neng sacerake. Kanggo ngregengake, jamaah mesjidku melu nggabung ana kono. Klebu bedhug gedhe mesjidku iya diboyong mrono. Sholat Idul Adha iya ditindakake ana lapangan kono bebarengan antarane umat Islam ing wewengkon kelurahanku karo para pengungsi. Bubar Sholat Idul Adha ditindakake penyembelihan kewan korban lan pembagian daging korban. Nanging piye iki jumlah wong sing arep didumi daging korban dadi luwih akeh tinimbang sabene? Untung ana jamaah saka njaba wewengkon sing melu nambahi daging korban. Dadi ya banjur cukup. Daging korban dimasak gule lan dipangan bareng-bareng karo ngrungokake pengajian kanggone pengungsi sing Agama Islam. Dene kanggo pengungsi sing agama liya cukup dhahar daging korban ing barake dhewe.      

Aturane wong sing melu korban kuwi duwe bagian setelon saka jumlah daging kewan sing dikorbanake. Gandheng bapakku saliyane korban sapi iya korban wedhus, mula iya entuk bagian daging korban sapi karo wedhus. Bagian daging korban wedhus wujude sampil. Wis dirancang, keluwargaku arep masak sate bakar saka bagian sampil kuwi. Ora lali aku ngajak mitra pengungsiku, Budi kanggo mbakar sate bebarengan neng ngomahku.

“Aku tak sing daden genine. Bagus nyundukana daginge!” usule Budi njaluk bagian gawean.

“Ya ora apa-apa. Yen ngono Mbak Yuni sing ngirisi daginge. Banjur Ibu sing ngracik bumbune,” sambungku nyarujuki usule Budi. 

Kebule sate ngganda sedhep njalari wetengku pijer kluruk krasa luwe. Sawise mateng sate dipangan bareng-bareng neng ruwang tamu. Bapak sing tugas nggelar klasa, ngedhuk liwet lan nyiapake piring-piring lan sendhoke. Wadhuh nikmate mangan sate bebarengan.

Tanggal 18 November 2010 Gunung Merapi wis nuduhake ketenangane. Jeblugan-jeblugan cilik isih ana. Nanging umumme saya suwe saya mendha. Merga selak kepengin manggon lan ngurusi omahe dhewe, sanajan pemerintah ngandhakake yen statuse Merapi isih ‘Awas’, ateges isih mbebayani, para pengungsi tetep njaluk bali. Budi lan keluwargane iya banjur pamitan njaluk bali mulih neng Desa Sidorejo ing ereng-erenge Gunung Merapi. Kabeh warga kampungku, klebu aku padha sumedhot nampa pamitane para pengungsi, ngelingi sesambungan sing wis rumaket sasuwene iki. Luwih-luwih kanggoku, sing saben dina tansah runtang-runtung karo Budi, sumedhote atiku ora bisa tak gambarake. Luhku tumetes  ora bisa tak bendung. Budi njaluk kapan-kapan aku supaya gelem dolan nyang omahe sing cerak obyek wisata Deles Indah. Aku nyaguhi arep mrana suk yen bar tampa rapot semesteran. ***
                     
NB: Cerita ini sudah dimuat di Majalah Bahasa Jawa Djaka Lodang No. 37 * 11/2/201

Ditulis oleh: Sutardi MS Dihardjo

Related posts:

No response yet for "Wacan Bocah: Mitra Pengungsi Merapi"

Post a Comment