Wacan Bocah: Taman lan Tandurane

Taman lan Tandurane
dening Masdi MSD

Taman kuwi jenenge sawijining nom-noman kang seneng nenandur lan ngopeni tanduran. Saben dina dheweke tansah ngupakara tanduran ing pekarangane. Esuk sore ndhangir lan nyirami tandurane. Menawa lelungan nganti sedina, sing kawitan ditindakke sawise mulih ora ana liya kejaba nyirami tanduran ing pekarangane. Aja nganti tandurane kembang, woh-wohan, lan palawija godhonge padha alum, apa maneh nganti garing kurang banyu.
Ing sawijining dina sawise bapak ibune wis ora ana, Taman lunga golek pegawean menyang kutha. Dheweke kepengin golek pengalaman babagan dedagangan. Sapa ngerti  mengkone bisa ngembangke dagang pametune tetanen? Nanging wis puluhan toko lan pabrik sing ditekani kabeh nolak lamarane, kanthi alesan wektu iki panguripan lagi angel, dedagangan ora payu. Pancen ketiga dawa wektu iki njalari para kadang tani padha gagal panen. Gandheng ora duwe pametu sing bisa diedol, banjur ora duwe dhuwit kanggo tetuku. Kamangka negara iki kawulane akeh-akehe uripe padha tetanen, nandur pari lan palawija. Taman dadi ora duwe pengarep-arep. Dheweke arep bali mulih ndesa wae, nggarap sawah lan tegalan. Kebeneran ing desane ana kali sing tansah mili banyune, ora tau asat senajan ketiga ngerak, saengga sawah lan tegalane tetep bisa ditanduri.
Ing dalan Taman nyumurupi ana wong-wong padha rubung-rubung ing sangisore wit gedhe nganti suk-sukan. Bab iki banget narik kawigatene.
“Nyuwun pirsa, Pak, tiyang rubung-rubung niku sami mirsani punapa?” pitakone marang uwong sing mentas melu rubung-rubung.
“O, wong-wong kuwi padha nonton wara-wara sing ditempel pembantune Sodagar paling sugih ing kutha iki,” jawabe wong sing ditakoni.
“Menawi kepareng mangertosi, menapa isinipun wara-wara ingkang kathah narik kawigatosan tiyang punika? Punapa  Sodagar punika mbetahaken buruh kagem nyambut damel wonten pabrik utawi tokonipun?” pitakone Taman kepengin ngerti.
“Ora, Cah Bagus. Sodagar kuwi ora butuh tambahan buruh. Nanging dheweke mbutuhake uwong sing bisa nambani putrine sing ing wektu iki lagi nandang lara. Menawa uwong kuwi kasil mareake, ora mung pegawean dadi buruh pikolehe, nanging wong kuwi bakal entuk kabegjan kang luwih gedhe!” Wong kuwi mandheg sedhela kanggo narik kawigatene Taman. Taman pancen rumangsa ketarik, nanging atine rumangsa cuwa, marga sadhar yen dheweke ora duwe kabisan nambani wong lara.
“Menawa sing bisa nambani kuwi sawijining wanita, dheweke bakal didadekake sedulur sinarawedi karo Putri Fatimah, putrine Sodagar sing saiki lagi lara kuwi. Lan bakal diwenehi separo saka kabeh bandhane Sodagar. Nanging menawa sing bisa nambani sawijining priya, dheweke bakal kapundhut mantu dening Sodagar, didhaupake karo Putri Fatimah. Lan bakal marisi kabeh bandhane Sodagar. Coba, apa iki ora jeneng kabegjan kang gedhe, kamulyan sak turun-turune?”
“Lajeng punapa sakitipun Putri Fatimah punika, kok Sang Sodagar ngantos nggadhahi patembaya kados mekaten?” pitakone Taman sepisan maneh.
“Miturut kabar sing dak tampa, Putri Fatimah iku nandhang lara kang aeng. Sekujur awake lemes ora duwe daya. Ora kuwat ngglawat, tangi saka peturone. Aja meneh tangi, ngobahake perangane awak wae ora kuwat. Dheweke iya ora tau gelem mangan. Geleme mung ngombe banyu putih. Kuwi wae mung sak clegukan rong clegukan. Luwih saka kuwi wis mutah. Kamangka ing kahanan panas kaya mengkene iki kabeh uwong padha kepengin ngombe terus, kanggo nyiram gorokan sing ngorong kepanasen,” kandhane wong kuwi nerangake. “Banjur apa kowe ya ketarik kanggo ngleboni patembaya nambani Putri Fatimah, Bocah Bagus?” pitakone sateruse.
“Ningali panandhangipun Putri Fatimah ingkang sanget mesakaken, lan ningali bebungah ingkang badhe dipun paringaken, sejatosipun kula kepengin ndherek patembaya punika. Nanging kula punika mboten nggadhahi kabisan nambani tiyang sakit. Mboten wonten ginanipun kula nglebeti patembaya punika,” semaure Taman nglokro.
“Bener, Cah Bagus! Wis akeh tabib lan dhukun sekti lan pengalaman nyoba nambani. Nanging kabeh ora kasil. Apamaneh kowe ora duwe kabisan lan pengalaman babagan nambani wong lara.  Mesthi mung arep gawe wirang wae mengkone!” kandhane wong kuwi karo mlaku ninggalake Taman sing rumangsa nemu dalan nanging ora bisa ngliwati.
Taman banjur nutugake mlaku mulih. Sauntara kuwi Sang Bagaskara sing wis ngglewang mangulon wiwit angslup samburine gunung. Swasana wiwit peteng nalika Taman tekan ing pinggir alas. Dheweke banjur mapanake awake ing pinggir dalan. Turu lemekan godhong-godhong garing, dikemuli donga pasrah jiwa raga marang Gusti Kang Nguwasani Alam Saisine. Dhasar lagi kesel jiwa raga, Taman enggal bisa turu angler. Sajroning turu dheweke ngimpi, lakune wis tekan ngomah. Nalika mlebu pekarangan omahe dheweke kaget, meruhi kabeh tandurane alum, garing kasatan banyu. Age-age Taman njupuk ember, banjur nyirami kabeh tandurane. Sithik mbaka sithik ditamatake tandurane sing maune alum saiki wiwit seger. Godhonge malih ijo royo-royo. Pang-pange sing maune nglembreh tanpa daya, saiki katon jejeg.
Dumadakan ana kedadeyan kang aeng. Tanduran-tanduran kuwi, wiwit saka kembang nganti wit-witan pengayom kang gedhe padha mlaku thumuk-thumuk ngumpul dadi siji. Anehe tanduran-tanduran kuwi sithik mbaka sithik malih wujud dadi bapak lan ibune sing wis ora ana.
“Taman, anakku, aku banget matur nuwun marang kowe sing wis gelem ngupakara tanduran kang ana pekarangane dhewe, kaya pesenku biyen. Satemene aku pengin kowe tetep ana desane dhewe kene kanggo nggarap sawah, tegalan lan pekarangan. Nanging menawa kowe kepengin entuk pengalaman sing luwih jembar ing kutha, aku ora bisa nglarang. Aku ngerti, kowe kepengin ngleboni patembaya nambani Putri Fatimah amarga rasa welas asihmu marang sapadha-padha, lan kanggo entuk pegaweyan kaya gegayuhanmu. Kanggo kuwi aku bakal nduduhake dalan. Mlakuwa terus tumuju arah angslupe surya. Sadalan-dalan rungokna tangise alam. Lan aja wigah-wigih tetulung marang sapadha-padha. Lakumu dak sangoni buntelan isi woh-wohan lan rong kanthong banyu, kanggo mangan lan ngombemu. Nanging irit-iriten, amarga kanthong banyu kuwi sebagean mujudake barang titipan. Wis ngono wae, selak mesakake Putri Fatimah, ndang tindakna, aku njaluk pamit,” kandhane bapake sing didhampingi ibune. Sawise kuwi lelorone bali manjilma dadi tanduran sing sumebar ing pekarangan omahe Taman maneh.
Taman gregah tangi! Wayah esuk wis teka mapakake. Swarane manuk pating cruwet pating cericit saut-sautan. Dumadakan Taman kaget. Pranyata ing jejere turu wis cumawis buntelan isi woh-wohan lan rong kanthong banyu. Iki nandhakake menawa dheweke ora mung ngimpi kembange wong turu, nanging impene  kuwi mujudake sawijining pituduh utawa wangsit.
Mantep atine, Taman banjur mlaku tumuju arah sing diwelingake ing impene. Sadawane dalan Taman kepanasen. Lagi jam wolu esuk panase srengenge wis njiwiti kulit. Apamaneh sawise kliwat jam sepuluh ngliwati pategalan garing tanpa wit-witan, panase sumelet kaya  mecah-mecahna sirah, ngobong sarandune awak. Nanging Taman tetep sabar nerusake laku kaya wisik sing ditampa. Senajan tenggorokane garing krasa ngorong, Taman tetep ngirit, mung ngombe yen wis krasa ngelak banget. Lan kuwi wae mung sethitik, cukup kanggo ngilangi rasa ngelake. Pungkasane nalika srengenge jejeg ing ndhuwur sirah, Taman tekan sangisore gumuk rada dhuwur sing katon jejeg pereng-perenge. Taman bingung, kepriye sing arep ngliwati gumuk iki, supaya lakune ora menggok, nanging tetep lempeng nuju papan angslupe surya kaya pituduh ing impene? Sapa ngerti tamba sing diupadi ana ing sewalike gumuk iki. Taman mlaku bolak-balik ngalor-ngidul nggoleki perenge gumuk sing rada leter kanggo munggah. Meksa ora nemokake.
Dumadakan Taman kaget krungu swara sesambat memelas: “Tulung… aku ngelak banget! Aku njaluk ngombe! Tulung… aku meh mati kepanasen lan kegaringen! Aku njaluk banyu…!!!”
Taman clingukan nggoleki sumber swara. Nanging ora katon ana wong ing kono. Sing katon mung wit gedhang sing meh rubuh, mati garing! Apa bener wit gedhang kuwi sing sesambat njaluk tulung? Taman ora percaya. Nanging mbareng sesambat kuwi dibolan-baleni, Taman dadi yakin. Wit gedhang kuwi kabeh nganti tumeka godhong-godhonge wis katon soklat garing. Mung ana salembar godhong sing saperangan isih werna ijo. Senajan mung saperangan sing isih ijo, wis cukup dadi tandha yen wit gedhang kuwi isih urip. Sawise ditamatake temenan, katon godhonge sing ijo kuwi obah-obah katiup angin, kaya tangan ngawe-awe ngundang dheweke. Taman nyerak. Pranyata bener, wit gedhang kuwi sing wis sesambat njaluk tulung. “Tulung… Cah Bagus, aku njaluk banyu! Aku ngelak banget, wis pirang-pirang dina aku ora ngombe, awakku garing, aku banget mbutuhke banyu…” pangrintihe wit gedhang sing meh mati garing kuwi.
Taman nyawang isi kanthong banyune. Sing siji wis entek diombe ing dalan. Sing sijine setengahe wis didum-dum kanggo ngombe kewan-kewan sing ditemokke meh mati kengelaken ing sadalan-dalan sing diliwati. Saiki kari setengah kanthong, apa iki iya bakal diwenehake kanggo nyirami wit gedhang sing saiki lagi sekarat kuwi? Banjur kepriye lakune sabanjure? Apa dheweke arep nutugake laku tanpa sangu banyu ing satengahe panas sumelet kaya mengkene? Kamangka dheweke ora ngerti ing ngendi bisa nemokake banyu ing tlaga sing paling cerak. Lan dheweke iya ora ngerti isih sepira adohe lakune kanggo nemokake tamba sing diupadi.
“Kepriye, Bocah Bagus? Tulungana aku! Wenehana aku ngombe kabeh banyu sing isih ana sajroning kanthongmu kuwi! Supaya aku bisa ndawakake umurku, saengga aku bisa menehi pametu marang uwong sing wis gelem ngopeni aku,” kandhane wit gedhang kebak pengarep-arep.
  Ora mikir luwih njlimet maneh, Taman gage nyiramake banyu saka kanthonge menyang lemah sakupenge wit gedhang kuwi. Oyot-oyot wit sing banget ngelak, kanthi seneng enggal nyerot kabeh banyu sing nggrujug awake. Banyu banjur kakirim ing kabeh perangane wit. Wit sing wis krasa seger saiki ngadeg jejeg. Aneh! Dumadakan perangan wit gedhang sing ndhuwur, saselane papah godhong metu tundhunan gedhang sing mlengkung metu tuntute. Ora gantalan suwe tuntut mekrok ngetokake gedhang. Gedhang sing mung cacah telu kuwi uga enggal dadi gedhe lan mateng, kuning wernane.
“Bocah Bagus, saiki tegoren aku! Marga aku wis cukup nindakke tugasku!” panjaluke wit gedhang marang Taman.
“Aja! Aku dudu wong sing nandur kowe! Aku dudu uwong sing seneng methik pametu tandurane wong liya. Aku emoh! Aku ora nduweni hak negor lan methik pametumu,” celathune Taman nolak.
“Bocah sing becik bebudene, aku iki wit gedhang alasan. Ora ana uwong sing nandur lan nduweni aku. Ya mung kowe sing wis menehi banyu marang aku, nganti awakku dadi seger maneh lan aku bisa menehi pametu woh gedhang senajan mung telu selu.  Dadi ya mung kowe sing nduweni hak negor lan methik pametuku,” celathune wit gedhang.
“Yen pancen kaya mengkono, dak turuti penjalukmu,” kandhane Taman sing banjur ngetokake lading kanggo negor wit gedhang kuwi. Prastawa aeng dumadi maneh! Mbarengi ambruke wit gedhang ing papan kono wis ngadeg sawijining pawongan wis sepuh nyekel teken sing cekelane mlengkung. Ing cekelan kuwi gumandhul woh gedhang wis mateng cacah telu.
“Bocah Bagus, aku ngerti kowe kepengin ngleboni patembayan nambani larane Putri Fatimah. Bener ngono, to? Tambane Putri Fatimah kuwi ana ing woh gedhang cacah telu iki lan banyu suci sing ana ing njero guwa ing pereng gumuk  kana. Kowe ora bakal bisa ngunggahi perenge gumuk kae amarga ora ana perenge sing leter lan ora katon undhak-undhakane pereng kanggo munggah. Nanging kowe ora perlu kuwatir. Aku bakal nulungi kowe kanthi menehake teken iki. Menawa kowe mengko wis tekan njero guwa, isenana banyu suci kanthongmu loro kabeh. Sing siji kanggo sangumu bali, sing sijine maneh kanggo nambani larane Putri Fatimah. Sajroning telung dina Putri Fatimah dulangen gedhang iki sedina siji ing wayah esuk. Sadurunge lan sawise mangan, ombenana banyu suci iki. Aja lali nyenyuwun marang Gusti Kang Maha Welas Asih. Muga-muga Putri Fatimah bisa mari, keturutan apa panyuwunmu. Teken iki uga bisa dadi pepadhang sajroning pepeteng, lan dadi gegaman yen diperlokake. Wis saiki tampanana teken lan woh gedhang iki.” Piyayi sepuh kang katon wicaksana kuwi banjur ngulungake tekene. Taman nampani teken kanthi sikep ngajeni kebak rasa syukur. Aneh! Mbarengi teken wis neng gegemane Taman, dumadakan Piyayi sepuh kuwi ilang dikedhepake. Anehe maneh, gumuk ing sangarepe sing maune kaya ora bisa diunggahi, saiki katon ana undhak-undhakane kanggo munggah.
Taman age-age nurut undhak-undhakan ngunggahi pereng sing jebule tumuju ing cangkeme guwa. Taman gage mlebu guwa. Peteng ndhedhet lelimengan jroning guwa. Taman enggal nggosok perangan teken kang mlengkung. Byar! Dumadakan jroning guwa dadi padhang kena sorote cahya kang metu saka cekelane teken. Katon ing tengahe guwa ana tlaga sing bening banyune. Taman gage nyawuk banyu tlaga kanggo raup lan wisuh. Awake saiki krasa seger lan mari kabeh kesele. Taman banjur ngiseni kabeh kanthong banyune. Sawise nyruput sithik banyu tlaga kang dicawuk nganggo tangane, Taman banjur metu kanggo nutugake mlaku bali neng kutha. Ora lali dheweke ngaturake puji syukur marang Gusti Kang Maha Agung, lan atur panuwun marang Piyayi sepuh sing wis mbantu dheweke.
Wayah sore nalika Taman wis tekan papan bawera tanpa wit-witan, dumadakan keprungu swara angin gemrubuk. Jebul ana angin lesus claret taun muser-muser arep ngliwati papan kono. Taman gage nancepake tekene sajero-jerone. Dheweke banjur gocekan kenceng teken kuwi. Nalika angin gedhe sing mubeng banter nrajang papane Taman, awake Taman ora obah ora kabuncang. Kaya-kaya bobote dadi pirang-pirang kintal. Pungkasane angin lesus claret taun kuwi musna. Nanging dumadakan ing ngarepe Taman wis ngadeg Kingkong kethek alasan sing banget gedhene.
“Gerrr… Hai, Bocah Bagus, aku luwe lan ngelak! Wenehna kabeh gedhang lan kanthong banyumu! Dak pangane, dak ombene kanggo ngilangi luwe lan ngelakku!” kandhane Kingkong meksa.
“Gedhang mung ana telu iki, ora ana liyane. Iki banget dak butuhake kanggo nambani wong lara sing banget mbutuhake pitulunganku. Nanging yen banyu, ing sajroning guwa ing perenge gumuk kulon kana isih akeh, mrana-a wae kowe bisa ngombe samaremmu!” jawabe Taman kanthi tatag.
“Sing dak karepke kabeh sing ana tanganmu! Aku ora kepengin sing ana ing papan liya. Apa maneh ndadak rekasa anggonku nggoleki. Hayo entuk apa ora aku njaluk kabeh? Yen ora entuk, arep dak rebut saka tanganmu!” pameksane Kingkong karo mencolot arep nubruk Taman. Sing ditubruk nggliwar ngendhani. Taman banjur nggebukake tekene nyang sikile Kingkong. Kena gebuk sikile, Kingkong tiba njungkel. Sikile kaya lumpuh ora bisa diobahake.
“Aduh, tobat! Bocah Bagus, aku kapok! Awakku lemes kabeh, pepes otot bayuku. Apuranen aku! Tambanana aku! Aku tobat, ora bakal ngrebut darbekmu maneh. Tambanana aku!” pangrintihe Kingkong sing wis ora duwe daya.
“Yen kowe wis tobat, arep dak coba nambani laramu. Nanging kowe ora kena njarah rayah darbeke sapa wae, ora mung darbekku wae,” kandhane Taman karo ngusapi sikile Kingkong sing mentas kena gebuk nganggo banyu suci saka guwa perenge gumuk. Sanalika Kingkong mari, pulih otot bayune, banjur pamit lunga. Taman nutugake maneh lakune menyang kutha.
Tekan ngomahe Sodagar, Taman enggal ngandhakake niyate mupu patembaya. Taman diterke mlebu ing kamare Putri Fatimah. Nyawang putri ayu lemes teturon tanpa daya ing peturone, gawe trenyuhe atine Taman. Ora mentala nyawang panandhange Putri Fatimah, Taman enggal ndonga nyuwun pitulungane Gusti Kang Maha Welas Asih, banjur  ngunjukake banyu suci marang Putri Fatimah. Cleguk..cleguk… Putri Fatimah ngunjuk  banyu suci sajak seger. Gedhang sing wis dionceki banjur didulangake genti. Alon-alon Putri Gatimah mangan gedhang sauler nganti entek. Pungkasane Taman ngunjukake banyu suci maneh telung clegukan. Aneh! Kabeh kolu ora mutah. Mangka padhatan ngene iki mesthi mutah. Nambani ing dina kapisan kuwi wis kasil ana kemajuan. Cayane Putri Fatimah wis katon abang. Awake wis bisa diobah-obahake. Malah wis bisa njenggelek barang. Dina kapindho olehe Taman nambani, Putri Fatimah wis bisa lungguhan lan mlaku sithik-sithik. Dina kaping telu, Putri Fatimah wis katon sehat bisa mlaku-mlaku luwih rikat. Malah awane Putri Fatimah wis gelem mangan kaya salumrahe wong sehat. Dina kaping papat Putri Fatimah wis katon sehat tenan, kaya ora tau lara apa-apa. Putri Fatimah diwarak-warakake yen wis mari. Patembayan ditutup dimenangake nom-noman saka desa jenenge Taman.
Kaya sing wis dijanjekake, pungkasane Taman dinikahake karo Putri Fatimah. Sateruse kanthi dituntun lan diajari mara tuwane Taman kasil ngedegake pabrik pangolahe asil tetanen, kaya pari, jagung, dhele lan liya-liyane ing kampung wutah getihe. Kanggo pemasarane Taman nyambut gawe bareng karo mara tuwane kang ana ing kutha. ***  

                                        Pangripta: Sutardi MS Dihardjo / Masdi MSD

Related posts:

No response yet for "Wacan Bocah: Taman lan Tandurane"

Post a Comment